5 Contoh Cerkak Bahasa Jawa dengan Berbagai Tema

28 September 2022 14:05 WIB
(Ilustrasi)Contoh Cerkak Bahasa Jawa dengan Berbagai Tema
(Ilustrasi)Contoh Cerkak Bahasa Jawa dengan Berbagai Tema ( TribunSolo)

Akhire Aji lan Fatih urunan dhuwit kanggo ngijole dagangane tukang pentol kang uwis ditabrak mau. Sakwise kejadian kasebut, Aji lan Fatih uwis ora wani numpak motor banter-banter maneh.

3. Contoh Cerkak Bahasa Jawa Tentang: Sekolah Baru

Sak uwise lulusan sekolah lan preian saiki wes wayahe kagiyatan bali kaya biyen maneh, yaiku sekolah golek ilmu kanggo sangu mbesuk. Atiku gugup lan deg-degan, amerga tahun ingkang anyar iki aku wes lingguh ing bangku SMP.

Alhamdulillah aku ditrimo ning sekolahan favorit seng wes aku karepne kawit SD biyen, senajan bijine hasil ujian nasionalku pas-pasan. Yaiku sekolah SMP negeri ing kuthoku.

Tahun ajaran baru iki aku ngroso luwih deg-degan amerga aku uwis resmi dadi siswa SMP. Seng mestine sekolahe anyar, panggone adoh saka umah, kanca anyar, bapak lan ibu guru anyar.

Ket dino minggu Bapak lan Ibukku wes pada ngandani supoyo aku nyiapake kebutuhan kanggo sekolah, kaya sepatu, tas, seragam, ugo kabeh alat tulis supoyo dino pertamaku melbu sekolah SMP lancer ora keteteran.

Pertama melbu yaiku dino senin, aku seneng lan semangat. Aku gumun amerga sekolah SMP gedhe lan amba tinimbang SD, uga murid-muride akeh banget. Kagiyatan pertama diwiwiti upacara bendera seng dipandu marang Bapak Ibu guru uga kakang kelas 8 lan 9. Barisan upacara seng rapi gawe bungahe atiku.

Sakwise upacara banjur diadhepake karo kagiyatan sing jenenge MOS utawa (Masa Orientasi Siswa). Kagiyatan iki apik lan gawe aku karo murid-murid liyane ngenal lingkungan sekolah lan kabeh kagiyatan sekolah seng bakal tak lakoni sak suwene 3 tahun.

Aku seneng lan tenanan meloni kagiyatan MOS. Aku lan murid-murid nindakake kabeh sing diprintah saka kakang-kakang kelas. Kakang kelas seng tak kira galak, tibane luwih becik. Ing dina akhir, kabeh dikongkon milih ekstrakurikuler sing uwes disediake saka sekolahan.

Mugo-mugo aku iso sekolah seng tenanan, seng sregep ben iso nyenengne Bapak Ibukku mbesuke.

4. Contoh Cerkak Bahasa Jawa Tentang: Budi Anak Petani

Budi ya iku, bocah kang taseh sekolah ing bangku SD kira-kira sampun kelas 5, panggaweane sabendina, sak sampune wangsul sekolah mangan, sinau banjur ngewangi bapak lan ibu ne menyang sawah damel ngramut godhongan, sing biasane di dol ing pasar rongdina pisan. Nanging budi teng mriku mboten ngramut godhongan nanging pados kayu damel masak boke teng gria.

Saben sore Budi ngaji TPA teng masjid ing desone nganti bengi. Budi dados bocah kang apik lan santung marang wong shing luwih tuwo, amergi sangune ngaji lan didikane wong tuwo ingkang sae.

“Mbok, kulo bidal sekolah riyen nggih?”. Pitakon budi karo nyalami Bapak lan Ibuke lan nyuwun doa restu. “Oh, iyo len shing ngati-ati lan seng tenanan olehe golek ilmu”. Pas budi mangkat sekolah enten mbah-mbah wus tuwo gowo depok isi telo teko kali, Budi ngroso mesakne dateng mbah niku langsung ditulungi lan di terake nganti tekan omah.

Budi niku tiang ingkng sae, nek teng sekolahan di senengi kalian gugu-guru lan rencang-rencange. Najan anake wong nora duwe, nanging Budi gadah akhlak ingkang sae, seneng tinulung, lan welas asing marang liyane.

5. Contoh Cerkak Bahasa Jawa Tentang: Liburan ke Bandung

Pengalaman plesiran menyang Bandung setahun kepungkur dadi kadhemenan dhewe. Aku bareng kanca-kanca budhal menyang Bandung pasa wayahe preinan sekolah. Iki salah siji pengalamanku seng rasane ora bakal jeleh.

Aku menyang Bandung saka Yogyakarta nyewa mobil bareng kanca-kancaku. Rencanane awaedhewe arep tilik menyang panggon-panggon wisata neng Bandung, kaya : Kawah putih lan Situ Patenggang. Ning jebule, kutho Bandung wis dikebaki mobil Plat B. Para warga Jakarta akeh sing pada menyang Bandung waktu musim preinan kaya ngene.

Nganti tengah dalan nuju kawah putih, ning banjur aku lan kanca-kanca wurungna. Amergo situaasi ing dalan bener-bener macet parah.

Sak wise kui aku karo kanca-kanca nuju Situ Patenggang. Nyedhaki kawasan wisata Situ Patenggang, saka jero mobil kadelok telaga seng becik tenan. Aku karo kanca-kanca uwis ora sabar cepet nganti panggone wisata.

Nganti teko panggone , jebule kahanane cukup rame lan kebak karo bakulan. Kaendahan Situ Patenggan ora sabecik seng didelok saka mobil kemau. Daerahe sekitar akeh sampah sing sumebar. Embuh kurange pangopenan utawa tamu seng teka buwak sampah sak penake.

Kajaba marang Situ Patenggang, aku lan kanca-kanca uga menyang Kebun Binatang Tamansari. Ing Tamansari iso gawe ati luwih bungah tinimbang Situ Patenggang, amerga iso nyawang kewan-kewan.

Durung ngrasakake marem, aku lan kanca-kanca mubeng mlaku-mlaku nuju panggon wisata liyane nek kutho Bandung. Nanging kabeh panggon wisata pada macet lan kebak karo tamu. Akhire aku lan kanca-kanca milih wisata kuliner, anyak saka panganan pinggir dalan ing Pasir Kali, Desa Gajah, Omah Sosis, nganti menyang Mall Paris Van Java.

Akhire blanja oleh-oleh panganan asli Bandung.

Demikian beberapa contoh cerkak Bahasa Jawa dalam berbagai tema. Semoga bermanfaat.

Baca Juga: 9 Contoh Iklan Bahasa Jawa, Ada Berbagai Jenis Produk

Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
92.0 fm
98.0 fm
90.4 fm
102.6 fm
93.3 fm
97.4 fm
98.9 fm
101.1 fm
96.0 fm
96.7 fm
99.8 fm
98.9 fm
98.8 fm
90.8 fm
97.5 fm
91.3 fm
94.4 fm
91.8 fm
102.1 fm
98.8 fm
95.9 fm
88.9 fm
101.8 fm
97.8 fm
101.1 fm
101.8 fm
101.1 Mhz Fm
101.2 fm
101.8 fm
102.1 fm