Contoh Teks Pidato Hari Pahlawan dalam Bahasa Jawa, Penuh dengan Makna

9 November 2022 11:39 WIB
Ilustrasi Contoh teks pidato hari pahlawan dalam bahasa Jawa
Ilustrasi Contoh teks pidato hari pahlawan dalam bahasa Jawa ( Freepik)

Pidato 2

Assalamualaikum WR.WB

Nuwun, Bapak Kepala Sekolah ingkang dahat kinurmatan. Bapak/Ibu Dwija saha staf tata usaha ingkang kula kurmati kaliyan kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Puja-puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun angluberaken rahmat saha hidayahipun dene kula lan panjenengan sami saged makempal wonten ing papan menika kanthi rahayu nir ing sambekala.

Kula Aji Pangestu minangka sesulih saking siswa kelas IX SMP Batur 1 badhe ngandharaken sesorah babagan dinten pahlawan.

Kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng panjenengan sedaya ingkang sampun kersa angrawuhi adicara ing enjang puniki.

Para rawuh sedaya, sampun kula lan panjenengan mangertosi bilih dinten pahlawan punika ing tanggal 10 November.

Dinten pahlawan kedah kula lan panjengan pangeti. Dinten pahlawan menika dipun pangeti minangka mengeti perjuanganipun para pahlawan.

Baca Juga: 30 Kata-Kata Hari Pahlawan yang Bangkitkan Semangat Generasi Muda

Para pahlawan sampun ngangkat drajatipun bangsa Indonesia ngantos saged mardhika saking para penjajah saengga kula lan panjenengan saged gesang kanthi tentrem lan ayem.

Pramila, mangga kula lan panjenengan sedaya engat lan mangertosi prastawa lan kedadosa zaman punika. Inggeh menika ageng sanget kepahlawanan bangsa Indonesia. Ugi kathah ingkang seda nalika mbela bangsa Indonesia.

Sedaya puniku dipun lampahi keranten raos remen lan tresnanipun dhumateng negari Indonesia. Semangat para pahlawan ingkang ageng sanget saestu patut kula lan panjenengan sedaya teladani.

Kula lan panjenengan ugi kedah bersyukur dhateng Allah SWT awit saking kamurahanipun, bangsa Indonesia dados nagari ingkang mardhika kados wekdal samenika.

Para rawuh ingkang bagya mulya, mugi-mugi nagari Indonesia menika salajeng dipun paring kamerdekaan ugi kamanunggalan dumugi akhir zaman.

Mekaten ingkang saged kula aturaken wonten ing sesorah babagan dinten pahlawan menika. Menawi anggen kula matur wonten kalepatan saha solah bawa ingkang kirang mranani panggalih panjenengan sedaya, kthah atur saha kirang trapsilanipun kula nyuwun pangapunten. Matur Nuwun.

Wassalamualaikum WR.WB

Pidato 3

Assalamualaikum Wr.Wb.

Ingkang kula hormati Bapak Ibu SMP Batur 1
Ingkang kula hormati staf TU
Lan Ingkang kula hormati para Bapak/Ibu undangan

Para rawuh ingkang kulo hormati
Sampun kawuningan bilih saben tanggal 10 (sedoso) November bangsa kita mengeti Hari Pahlawan.

Kangge ngengeti bilih rikala tanggal 10 November 1945, ing Surabaya wonten prastawa perang ageng ing antawisipun bangsa Indonesia ingkang dipun pelopori arek-arek Surabaya nyingkiraken Walanda ingkang manut sekutu (Inggris) mlebet ing tanah Jawi.

Saking semangatipun arek-arek Surabaya lan rakyat ing tlatah Indonesia sanesipun. Ing selajengipun damel horeging donya, ngantos dewan keamanan PBB tumut campur tangah ngengingi peristiwa menika.

Baca Juga: Mengapa 10 November Diperingati Sebagai Hari Pahlawan? Simak Sejarahnya

Poro rawuh sedaya, saha mudha-mudhi ingkang kula hormati. Ing pangetan menika kula mboten badhe caos gegambaran bab peristiwa ing tanggal 10 November 1945. Nanging badhe ngengetaken bab semangat perjuangan pahlawan perlu kalajengaken kangge nindakaken pembangunan.

Kanthi rahmating Gusti Allah ingkang Maha Adil, para pejuang wekdal semanten saged ngrebat wilayah Surabaya.

Arek-arek Surabaya ingkang dipun pendhegani dening panjenengan Bung Tomo kanthi sora paring semangat.

Jiwa lan semangat 10 November taksih wonten manahipun bangsa kanggeh mbangun negari Indonesia. Kathah para pejuang gugur ngurbanaken jiwa raga lan bandha kangge mbela bangsa lan negari.

Pramila mangga sesarengan kita lajengaken menapa ingkang dados gegayuhaning para pahlawan.

Para rawuh ingkang kulo hormati, cekap semanten atur kula bilih wonten kiranging atur saha solah bawaw ingkang kirang mranani penggalih panjenengan. Mawantu-wantu kula nyuwun agenging samodra pengaksami.

Mugi-mugi bangsa kita tansah pikantuk rahmat tuwin hidayah saking Gusti Allah ingkang Maha Kuasa. Amin.
Mekaten ingkang saged kula aturaken wonten ing sesorah babagan dinten pahlawan menika. Menawi anggen kula matur wonten kalepatan saha solah bawa ingkang kirang mranani panggalih panjenengan sedaya, kthah atur saha kirang trapsilanipun kula nyuwun pangapunten. Nuwun.

Wassalamualaikum Wr.Wb.

Itulah contoh pidato Hari Pahlawan dalam Bahasa Jawa.

Baca berita update lainnya dari Sonora.ID di Google News

Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
92.0 fm
98.0 fm
90.4 fm
102.6 fm
93.3 fm
97.4 fm
98.9 fm
101.1 fm
96.0 fm
96.7 fm
99.8 fm
98.9 fm
98.8 fm
90.8 fm
97.5 fm
91.3 fm
94.4 fm
91.8 fm
102.1 fm
98.8 fm
95.9 fm
88.9 fm
101.8 fm
97.8 fm
101.1 fm
101.8 fm
101.1 Mhz Fm
101.2 fm
101.8 fm
102.1 fm