8 Contoh Pranatacara Bahasa Jawa Singkat Lengkap Untuk Beragam Acara

2 Maret 2023 15:30 WIB
Contoh pranatacara bahasa Jawa singkat.
Contoh pranatacara bahasa Jawa singkat. ( Pexels)

Ndungkap adicara ingkang angka kalih, nun inggih Waosan Kalamulah ingkang badhe kasarirani dening sedher......................... Anamung saderengipun, kasuwun dumateng sedaya jamaah mugi kepareng hamidangetaken saha hangraosaken ing sak lebeting manah jer menika Pangandikanipun Allah SWT.

  • Perpisahan Sekolah

Assalamualaikum Wr.Wb.

Bapak Kepala Sekolah SMA 3 Gombong ingkang kinurmatan. Bapak atau Ibu Guru saha Karyawan atau Karyawati ingkang kula urmati. Lan para kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin sumangga kita sami ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah, ingkang sampung kepareng paring kanugrahan lan kasarasan sehingga kula lan panjenengan sedaya saget makempal wonten ing wanci menika.

Ingkang titiwanci menika kula dados pranatacara badhe ngaturaken susunan aducara, inggih menika :

Atur pambuka.

Atur pangandikan saking ketua panita.

Pentas Seni Kelas X lan kelas XI.

Atur perpisahan saking wakil kelas XII.

Atur pangandikan saking Kepala Sekolah SMK Maarif 1 Wates.

Panutup.

Adicara kaping setunggal inggih menika pambuka, monggo kula lan panjenengan sedaya kanthi maos waosan basmallah sesarengan, matur suwun.

Adicara kaping kalih inggih menika pangandikan saking ketua panitia. Dhumateng ketua panitia kula sumanggaaken. Matur suwun.

Adicara ingkang kaping tiga inggih menika pentas seni karawitan saking kelas X lan kelas XII, kula sumanggaaken. Matur suwun.

Adicara ingkang kaping sekawan inggih menika atur perpisahan saking wakil kelas XII. Dhumateng wakil kelas XII kula sumanggaaken. Matur suwun.

Adicara ingkang kaping gangsal inggih menika atur pangandikan saking Kepala Sekolah SMK SMA 3 Gombong. Dhumateng Bapak Kepala Sekolah, kula sumanggaaken. Matur suwun.

Adicara ingkang kaping enem inggih menika Panutup. Monggo kita pungkas adicara ing siang menika kanthi waosan hamdallah sesarengan. Allhamdulillahirabillngalamin. Matur suwun.

Para rawuh ingkang kinurmatan kula minangka pranatacara ngaturaken agunging samudra pangaksama dhumateng para rawuh sedaya mbok bilih wonten lepating atur anggen kula matur. Jenang sela wader kali sesondheran, apuranta menawi wonten lepat kula. Pungkasaning atur

Wasssalamualaikum Wr. Wb

  • Manten

Assalamualaikum Wr Wb.

Lumintuning Puja Astawa saking Gusti ingkang Hamurbeng Rat, satemah hambabar daya pangaribawa ingkang tumanduk dhumateng kawula dasih, cihna ing kaludangan menika panjenengan sedaya lan kula taksih saget nyawiji, manunggal wonten ing papan menika kanthi rahayu wilujeng nir ing sakoro-koro.

Awit saking menika sumangga panjenengan sedaya lan kula ngunjuaken suka syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Wicaksana sinartan nyenyuwun mugi-mugi salwiring gati wiwit purwa, madya, dumugi wasana samangke saget lulus raharja, gancar rancak tinebehna saking sedaya pambeng nir ing sambekala.

Nuwun dhumateng para rawuh ingkang satuhu kinormatan para sepuh pinisepuh ingkang sampun pana ing pamawas sarta lebda ing pitutur para purna karya labet praja sarta sarjana sujananing budi boten katalumpen dhumateng para kadang wreda muda taruna ingkang winantu ing kabagyan.

Keparengna kula sowan wonten ing ngarsa panjenengan sedaya ing ngriki minangka hangemban dawuh saking pamangku gati nun inggih Bapa…(yang punya hajat. Misal:Bapa Raharjo)…..piniji mratitisaken pahargyan prasaja dhaupanipun Nimas Ayu…(Nama pengantin putri. Misal:Siwi wilujeng S.Pd)…ingkang ari menika jinatu krama dening Dhimas Bagus …..(nama pengantin putra. Nanang kuncoro S.Hum) atmaja putranipun Bapa…(nama besan. Misal: Bapa Rahmad) ingkang mijil saking laladan (nama desa besan. Misal: Pedalangan Tembalang Semarang).

Para Rawuh kakung putri ingkang winengku ing pakurmatan

hamurwakani lekasing sedya wigatosing gati, keparengna langkung rumiyen kula aturaken urut rantamaning adicara ingkang sampun rinumpaka dening keluarga ingkang hamangun suka. ewondene adicara ingkang badhe lumadi nun inggih, angka kaping:

Pambuka

Mijilipun temanten putri

Praptaning temanten kakung

Pasrah-tampi

Halaman Berikutnya
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
92.0 fm
98.0 fm
90.4 fm
102.6 fm
93.3 fm
97.4 fm
98.9 fm
101.1 fm
96.0 fm
96.7 fm
99.8 fm
98.9 fm
98.8 fm
90.8 fm
97.5 fm
91.3 fm
94.4 fm
91.8 fm
102.1 fm
98.8 fm
95.9 fm
88.9 fm
101.8 fm
97.8 fm
101.1 fm
101.8 fm
101.1 Mhz Fm
101.2 fm
101.8 fm
102.1 fm
Verifikasi akun KG Media ID
Verifikasi akun KG Media ID

Periksa kembali dan lengkapi data dirimu.

Data dirimu akan digunakan untuk verifikasi akun ketika kamu membutuhkan bantuan atau ketika ditemukan aktivitas tidak biasa pada akunmu.