50 Contoh Parikan Bahasa Jawa Lengkap Beragam Tema dan Pesan

7 Februari 2023 13:41 WIB
Contoh parikan bahasa Jawa beragam tema.
Contoh parikan bahasa Jawa beragam tema. ( Pexels)

Sonora.ID - Artikel ini membahas mengenai contoh parikan dalam bahasa Jawa. Mengutip dari buku Puspa Rinonce dijelaskan bahwa dalam dunia sastra Jawa ada tembang yang disebut parikan

Tembang parikan ini menggunakan purwakanthi, biasanya purwakanthi guru suara. Setiap parikan terdiri dari dua bagian, bagian pertama disebut purwaka atau bebuka dan bagian kedua disebut wos, nges atau isi. 

Bagian pertama disebut purwaka atau pembukaan karena kata-kata yang digunakan pada bagian ini tidak memiliki arti atau tujuan yang penting. 

Bagian ini hanyalah digunakan untuk menarik perhatian orang agar memperhatikan isi nasihat, pendapat, dan lain-lain yang diungkapkan pada bagian kedua atau isi.

Parikan  ini pun memiliki fungsi sama seperti halnya dengan pantun, yakni untuk melukiskan perasaan cinta, menyindir, lelucon, dan lainnya.

Berikut ini pun kumpulan contoh parikan bahasa Jawa yang dikutip dari berbagai sumber sebagai bahan untuk belajar.

Baca Juga: Contoh Teks Drama Bahasa Jawa 4 Orang dengan Tema yang Beragam

Contoh Parikan Bahasa Jawa

  • Obat-abit, ubad-ubed

Ora ubed, ora ngliwet

  • Ana semut, mlebu gendul

Aja manut, setan gundhul

  • Singgah klentheng, aneng genthong

Wonge ngganteng, sake kothong

  • Kembang mawar, ditandur tengahing latar

Ati bingar, lamun mentas nampa bayar

  • Kembang puyang, pantese wadhahi rantang

Awak mriyang, tanggal tuwa tagih utang

  • Kembang mlathi, dironce gandani wangi

Ngaku suci, jebule jago korupsi

  • Tembok, ting caloneh

Muni kapok, bali maneh

  • Numpak sepur mudhun

Ilang sepure kari tugune

Nganggo pupur ketok ayu

Ilang pupure ketok panune

  • Lurik-lurik ulane sawa

Ndhase cilik buntute dawa

Yen nglirik sing duga prayoga

Sing dilirik rak wis rumangsa

  • Kopi bubuk, gula jawa

Yen kepethuk, atine lega

  • Kopi bubuk, gula jawa

Aja ngamuk, enggal tuwa

  • Mangan kupat, dicampur santen

Menawi lepat, nyuwun pangapunten

  • Tir padha irenge

Sir padha senenge

  • Pagupon omahe dara

Melok Nipon tambah sengsara

(Cak Durasim)

  • Kuncir Cina disambung lawe

Disir kena olehe nembung piye?

  • Plintirane jajane Cina

Kepikiran wis pirang-pirang dina

  • Suwe ora mangan ketan

Ketane digoreng sangan

Suwe ora ketemu mantan

Ketemu pisan aweh undangan

  • Abang-abang ora legi

Klambi abang manas ati

  • Jaran kepang mangan pari

Klambi abang sing marahi

  • Mlaku dhisik ninggal sing kari

Digawe becik ora niteni

  • Mangan gedhang akeh wijine

Timbang begadhang seneng ngajine

  • Degane krambil ijo

Bejane sing duwe bojo

  • Sega liwet lawuhe jlantah

Sega rawon kurang uyah

Ampun tanglet kapan nikah

Pacar mawon kulo dereng gadah

  • Beras wutah pitike mlayu

Sapa sing betah nyawang wong ayu

  • Blarak disampirake

Omahe cedhak ora ngampirake

Baca Juga: 7 Contoh Cerita Rakyat Bahasa Jawa yang Singkat serta Artinya

  • Carik kamituwa

Isi cilik uwis tuwa

  • Esuk-esuk cuacane cerah

Golek kerja sing barokah

Kancane wis pada nikah

Lha aku nglamar ae susah

  • Kembang jagung kembang kenanga

Yen wis kadhung aja tinggal lunga

  • Kembang jagung kembang melathi

Yen wis kadhung aja digetuni

  • Yuk paiti tuku blewah

Ngombene serabi lungguh mbegagah

Wes diragati ngentekno sawah

Kok malah dirabi tonggo sebelah

  • Rete-rete anake nyambik

Mergane gak mulih gak duwe dhuwik

  • Wit kara mrambat kawat

Melu mertuwa awak tambah melarat

  • Jarik lurik setagene dawa

Klirak-klirik duwe karep apa?

  • Gajah diblangkoni

Wani kojah wa wani nglakoni

  • Dolan Semarang

Pas tanggal limolas

Wis kadung sayang

Blas ora digagas

  • Ece kumah kurep

Kowe dhewe sing duwe karep

  • Inter-inter neng ngisor suruh

Klintar-klinter kepengin weruh

  • Sepur kluthuk ndase iren

Yen kepethuk atine seneng

  • Kang Petruk irunge dawa

Yen kepethuk atine gela

  • Sandhal jepit regane larang

Barang kejepit regane larang

  • Gong ora bisa muni

Keblegong ora bisa tangi

  • Mangan gethuk ra nganggo klapa

Yen wis gathuk ngenteni apa?

  • Omah gendheng tak saponane

Abot entheng tak lakonane

  • Omah gendhieng disaponi

Abot entheng padha dilakoni

  • Turi kelor wana

Dituturi ja sembrana

  • Turi kelor wana

Dituturi gak nggatekna

  • Brambang sak-sen telu

Yen disawang saya ayu

  • Tukang ukir saka Jepara

Nek dipikir saya kelara-lara

  • Kembang kenikir dipangan luwak

Yen dipikir ngrusakke awak

  • Mangan soto lalap tahu

Kanggo conto anak putu.

Baca Juga: 15 Contoh Wewaler dalam Bahasa Jawa dan Artinya, Materi Kelas 12

Baca berita update lainnya dari Sonora.id di Google News.

Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
92.0 fm
98.0 fm
90.4 fm
102.6 fm
93.3 fm
97.4 fm
98.9 fm
101.1 fm
96.0 fm
96.7 fm
99.8 fm
98.9 fm
98.8 fm
90.8 fm
97.5 fm
91.3 fm
94.4 fm
91.8 fm
102.1 fm
98.8 fm
95.9 fm
88.9 fm
101.8 fm
97.8 fm
101.1 fm
101.8 fm
101.1 Mhz Fm
101.2 fm
101.8 fm
102.1 fm