Find Us On Social Media :
Ilustrasi Contoh Cerita Liburan Sekolah Bahasa Jawa (Freepik)

5 Contoh Cerita Liburan Sekolah Bahasa Jawa, Singkat dan Seru!

Debbyani Nurinda - Kamis, 5 Januari 2023 | 10:43 WIB

Sonora.ID – Berikut beberapa contoh cerita liburan sekolah Bahasa Jawa, singkat dan seru yang bisa kamu jadikan referensi untuk mengerjakan tugas sekolah.

Biasanya, selepas liburan sekolah, para siswa kerap diminta oleh guru untuk membuat cerita liburan sekolah.

Sebenarnya cerita liburan sekolah tidak harus berisi pengalaman jalan-jalan saja, tapi apabila kamu yang selama liburan hanya di rumah, bisa juga menuliskan aktivitas atau kegiatan apa saja yang kamu lakukan selama liburan.

Nah, untuk kamu yang sedang mencari referensi untuk menulis cerita liburan sekolah, berikut 5 contoh cerita liburan sekolah bahasa Jawa yang sudah dirangkum oleh Sonora.ID.

Ah… Emane

Liburan wingi aku dolan menyang daleme simbahku kang pidalem ing Salatiga. Ing sawijining sore aku pikantuk pesen Wa saka nomer anyar.

Baca Juga: 5 Contoh Tembang Kinanthi, Lengkap dengan Arti dan Penjelasannya

Untunge nomer sing ngirimi pesen iku ana jenenge. Aku kaget banget bareng ngerti sapa ngirim.

Aku babar pisan ora ngira dheweke bakal ngirim pesen WA kaya ngono menyang nomerku.

Aku ora selak yen seneng karo dheweke, ning senengku marang dheweke kuwi angel digambarake nganggo tetembungan.

Aku dhewe uga durung ngerti senengku iki sawates seneng utawa dadak linambaran nganggo tresna. Awit aku sadhar sapa aku lan sapa dheweke.

Dheweke kuwi dakbayangake kaya dene lintang ing langit. Kang cumlorot cahyane saguh aweh katentreman sarta pituduh tumrap pawongan kang lelayaran.

Dene aku? Ah, aku iki apa? Mung sawates remukan gorengan.

Sasuwene iki anggenku sesambungan klawan dheweke mung daktindakake sacara on-line.

Ana akeh alesan kena ngapa tekan seprene aku isih durung wani nemoni utawa ngajak dheweke sapatemon sacara langsung.

Saliyane merga kapisah jarak kang adoh. Aku ing Tulungagung. Dene dheweke ing Salatiga. Aku uga ngrasa mindher karo kahananku.

Gara-gara kahananku iki aku kerep ngrasa wedi. Jalaran akeh pawongan kang dakarepake dadi kembange ati sing dumadakan medhot tali kekancan lan mblokir nomerku samungkure ngerti kahananku kang sanyatane.

Wusanane dina sing paling takwedeni teka. Dheweke ngajak aku ketemuan ing sawijing kedai kopi ing kutha.

Blaka wae ora gampang kanggoku nyembadani panjaluke. Jalaran aku durung siap saupama nomerku diblokir karo dheweke.

Dheweke kuwi jenenge Okta. Dheweke kuwi mujudake siswa ing salah siji sekolahan favorit ing kuthaku, Solo.

Kenalku karo dheweke kuwi kapetung unik. Ngenani kepriye bisaku kenalan karo dheweke. Kapan-kapan wae dakcritake.