“Siap rung tih ?” pitakone Aji sing wes siap arep balapan.
“Siap ji.” Jawabe Fatih
“Siji…. Loro….. telu….”
Treng,,,,,,, trengg…. Trengg….. tengg Aji lan Fatih pada banter-banteran numpak montor mubengi dalan desa. Wong loro iku pada salip-salipan kaya balapan motor tenanan.
Ing dalan pertelon, Aji lali ora ngurupake klakson. Ora nyongko ana bakul pentol ing lawan arah. Aji kaget sak nalika, dheweke bingung lan gugup. “Lik… lik … lik awas minggir.”
Grubyukkkkk,,,,, klontang,…. Tlepok … tlepok…. Pentol seng ana ing rombong pada kuthak kabeh ing lemah. Praupane Aji lan Fatih mbalek sak untara, dadi gugup lan pucet.
“Kepiye tha le le …. ? Nek numpak motor ki aja banter-banter. Daganganku khutah kabeh, terus piye lek ngeneki ?” pituture bakul pentol karo nesu.
“Kulo nyuwun ngapunen Pak, sak estu kula mboten sengaja” jawabe Aji ingkang kaweden.
“Saiki daganganku uwis ora iso di adol maneh, amerga wes kuthah kabeh. Kowe kudu ngijoli duit”
“Enggeh Pak, kula bakale tanggung jawab. Kula pamit mantuk rumiyin mendet arta nggeh Pak,” panyuwune Aji.