4 Contoh Cerita Pengalaman Pribadi Bahasa Jawa, Kunci Jawaban Pelajaran Bahasa Jawa!

9 Desember 2022 12:10 WIB
ilustrasi,  Contoh Cerita Pengalaman Pribadi Bahasa Jawa
ilustrasi, Contoh Cerita Pengalaman Pribadi Bahasa Jawa ( Kompas.com)

Sonora.ID - Berikut ini akan diulas tentang contoh cerita pengalaman pribadi bahasa jawa secara singkat beserta artinya yang bisa jadi referensi. 

Salah satu materi pelajaran Bahasa Jawa yang diajarkan adalah mengenai teks cerita.

Siswa akan diminta membuat cerita tentang pengalaman pribadinya dalam bahasa Jawa.

Adapun temanya bebas sesuai dengan apa yang pernah dialami oleh para siswa. Misalnya pengalaman liburan, mudik dan lain sebagainya.

Berikut beberapa contoh ceritanya seperti dikutip dari berbagai sumber.

Baca Juga: 3 Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Singkat Tentang Kebersihan, Jadi Referensi

Contoh Cerita Pengalaman Pribadi Bahasa Jawa 

1. Pengalaman Mudik

Jenengku Tirta. Ing tahun 2022 iki, aku mudik menyang Solo. Aku lan keluargaku kabeh mangkat saka Semarang sedina sakdurunge Idulfitri.

Jarak Semarang menyang Solo cedak, mung 60 km kira-kira. Aku lan keluargaku lewat tol. Biasane waktu perjalanan ditempuh mung sekitar rong jam.

Nanging, amarga macet banget, perjalanan ditempuh watara limang jam. Ing perjalanan arep menyang Solo, aku lan keluargaku sempet mampir rest area lan pom bensin ping telu.

Pas kui isih poso, dadi awake dewe ora mampir maem. Awake dewe mung mampir leren lan isi bensin.

Wes limang jam menempuh perjalanan, akhire aku lan keluargaku tekan ing dalemipun eyang putri ing Solo. Aku wis kangen banget eyang putri lan sedulur-sedulurku kabeh.

Dina iku uwis sore, dadi aku lan bapak ibu langsung resik-resi awak uga persiapan takbiran ing kampung. Aku seneng banget akhire iso melu takbiran keliling maneh ing Solo.

Sakwise takbiran aku langsung bali omah eyang lan turu risik ben sesuk isuk iso tangi salat Idulfitri.

Aku lan keluargaku salat Idulfitri ing lapangan cedak dalemipun eyang. Bar kui, awake dewe kabeh langsung nyuwun ngapura, urut saka sing tuwa ning sing luwih enom.

Bar salam-salaman banjur maem opor, rendang, lan sambel goreng ati gaweyan eyang, ibu, lan bulikku.

Nah, salah sawijining momen sing tak nanti akhire kedadean, yaiku silaturahmi kalian tonggo. Para tonggo podo moro ing omahe eyang kanggo silaturahmi. Aku bisa ketemu kanca-kanca cilikku.

Terjemahan:

Namaku Titria, di tahun 2022 ini, aku mudik ke Solo. Aku dan keluargaku berangkat dari Semarang satu hari sebelum Idulfitri.

Jarak perjalanan dari Semarang ke Solo dekat, kira-kira hanya 60 km. Biasanya, waktu perjalanan ditempuh hanya sekitar dua jam.

Akan tetapi, karena sangat macet, perjalanan ditempuh sekitar lima jam.

Dalam perjalanan menuju ke Solo, aku dan keluargaku sempat mampir ke rest area dan pom bensin sebanyak tiga kali.

Baca Juga: Contoh Paragraf Menceritakan Kegiatan Bulan Ramadan dalam Bahasa Jawa

Pada saat itu masih puasa, kami tidak makan, hanya beristirahat dan mengisi bensin.

Sudah lima jam menempuh perjalanan, akhirnya aku dan keluargaku sampai di rumah nenek di Solo.

Aku sudah sangat rindu nenek dan saudara-saudaraku.

Waktu sudah sore, sehingga aku dan bapak ibu langsung bebersih diri dan persiapan takbiran di kampung. Aku sangat senang karena bisa ikut takbiran di Solo.

Setelah takbiran aku langsung pulang ke rumah eyang dan tidur cepat supaya besok bisa bangun pagi untuk salat Idulfitri.

Aku dan keluargaku salat Idulfitri di lapangan dekat rumah eyang. Setelah itu, kami semua langsung bermaaf-maafan, urut dari yang tua ke yang muda.

Setelah bersalam-salaman lanjut makan opor, rendang, dan sambal goreng ati buatan nenek, ibu, dan tanteku.

Nah, salah satu momen yang kunanti akhirnya datang, yaitu silaturahmi dengan tetangga. Tetangga-tetanggaku datang ke rumah nenekku. Aku bisa bertemu teman kecilku.

2. Preian ing Omah

Preian sekolah wingi aku ora lunga menyang endi wae. Aku tetep ing omah karo bapak, ibu lan mbakyuku.

Sanadyan ora lunga ing panggonan wisata, aku tetep seneng amarga Bapak uga prei dadi kabeh bisa kumpul ing omah.

Aku seneng amarga bisa kumpul karo keluwarga lan masak-masak bareng. Bapak ngajak bakar-bakar sosis ing omah.

Ibu lan mbakyuku nyiapake bahan-bahan sing arep dimasak. Aku lan bapakku nyiapake geni nggo bebakaran.

Sesuke lebar bakar-bakar sosis ing omah, Bapak ngajak aku lunga kebone Simbah.

Nalika ing kebon aku karo bapak panen jeruk. Sawise seko kebon, jeruke diperes digawe es jeruk.

Baca Juga: 70 Kata-Kata Cinta Bahasa Jawa dan Artinya, Bikin Kekasih Makin Cinta!

Contoh Cerita Pengalaman Pribadi Bahasa Jawa 

3. Preian ing Pantai Gunung Kidul

Preian sekolah wingi aku diajak sedulur sepupu lunga menyang Pantai Gunung Kidul.

Dalan menyang pantai Gunung Kidul lumayan adoh menggak menggok. Tapi tekan panggonane aku seneng banget.

Pantai Gunung Kidul pasire putih, nyenengake. Rasane kaya preian ing Bali.

Ibu ngendika supaya aku mbuwang sampah ora sembarangan lan njaga karesikan pantai.

Amarga nalika pantai kotor dadi ora apik disawang. Aku manut dawuhe ibu, sampah dikumpulke, dibuwang tempat sampah sing ana ing kana.

Sawise saka Pantai Gunung Kidul, aku dijak Pakdhe mampir Malioboro. Ing Malioboro aku tumbas kaos tulisane Jogja.

Aku seneng bisa preian bareng keluarga.

4. Wisata Ing Gembira Loka

Kirang langkung jam sedasa enjing bis ingkang kula tumpaki sampun dumugi ing
plataranipun Kebun Binatang Gembiraloka. Dados, saking kitha kula dumugi Ngayogyakarta
kirang langkung naming lampahan satunggal jam.

Sasampunipun Bapak Guru mundhut karcis, kula sakanca lajeng mlebet. Bapak Guru
saha Ibu Guru boten kendhat-kendhat paring pemut, bilih kula sadaya boten kepareng ngganggu
damel kewan-kewan ingkang dipun ingah wonten ing Kebun Binatang ngriku.

Saking gapura ngajeng lampah kula nglangkungi kebon iangkang sakelangkung wiyar.
Marganipun menggak-menggok lan minggah mandhap. Nanging sesawangan ing ngriku
sakalangkung asri, ngresepaken pandalu. Kebon punika dipun tanemi wit-witan ageng-ageng,
warna-warni. Ronipun ngrembuyung, njalari hawa ing papan ngriku idhum lan seger, nuwuhaken
raos ayem lan tentrem.

Sasampunipun nglangkungi kreteg alit, lampah kula dumugi ing sapinggiring blumbangan wiyar. Blumbang punika loyanipun kimplah-kimplah bening, ombakipun ageng. Amargi ing ngriku katha prau motor sami lelumban. Ing ngriku ugi katha sanget peksi mliwis sami lelangen. Menawi badhe ketrajang lampahing mau, peksi-peksi punika sami mabur sesarengan, kados dipun abani. Boten dangu lajeng ambyar malih sesarengan, pados papan ingkang kepara tebih saking dunungipun prau.

Marem ningali sesawangan ing blumbang punika, kula sakanca nglajengaken lampah.
Sapunika kula dumugi ing sacelakipun krangkeng lan kandhang-kandhang kewan. Ing ngriku
katha sanget kewan iangkang dipun ingah. Kadosta: liman, sima, menjangan, kancil, kidang,
bantheng, onta, sawer, lan kethek. Liman punika badanipun ageng-inggil, nanging lampahipun
lendreg-lendreg kados tiyang aras-arasen. Kanca kula ingkang kaleres mbekta timung lajeng
nguncalaken timunipun dhateng liman punika. Jebul liman ugi doyan timun. Kethek punika
ulesipun warna-warni. Wonteng ingkang ulesipun klawu, wonten ingkang abrit semua soklat, lan
wonten ingkang cemeng njanges. Kula lingak-linguk madosi kethek ingkang ulesipun pethak,
nanging boten wonten. Batos kula, “Apa kethek putih kaya Anoman kae anane mung ana ing
crita wayang, kok kene ora ana?” kula badhe matur dhateng Bapak Ibu Guru boten wanton, ajrih
menawi dipun gujeng kanca-kanca.

Kewan-kewan punika ketingalipun gesangipun seneng sanget. Nanging, panginten kula
badhe langkung seneng menawi dipun luwari saking krangkengipun, dipun wangsulaken dhateng
wana, gesang mardika kados wingi uni.

Sareng sampun kemput anggen kula ningali sedaya isen-isenipun. Gembiraloka, kula
sedaya, Bapak saha Ibu Guru, lajeng tata-tata badhe wangsul. Saderengipun nilar papan iangkagn
sakalangkung nengsemaken punika, kula sedaya sami ngaso wonten ing sangandhapipun wit-wit
ageng ing sacelakipun regol, sinambi ndhudah sangu, nedha lan ngombe

Demikian contoh cerita pengalaman pribadi bahasa Jawa yang bisa jadi referensi. 

Baca berita update lainnya dari Sonora.ID di Google News.

Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
92.0 fm
98.0 fm
102.6 fm
93.3 fm
97.4 fm
98.9 fm
101.1 fm
96.7 fm
98.9 fm
98.8 fm
97.5 fm
91.3 fm
94.4 fm
102.1 fm
98.8 fm
95.9 fm
88.9 fm
97.8 fm
101.1 fm
101.8 fm
101.1 Mhz Fm
101.2 fm
101.8 fm