5 Contoh Ikrar Halal Bihalal Bahasa Jawa 2023 yang Singkat dan Santun

21 April 2023 15:45 WIB
Contoh ikrar halal bihalal atau syawalan tahun 2023 dalam bahasa Jawa.
Contoh ikrar halal bihalal atau syawalan tahun 2023 dalam bahasa Jawa. ( Freepik)

Mugya sedaya puji ugi sokur tansah konjuk dhumateng Ngarsa Dalem Gusti Allah SWT, ingkang sampun paring kathah sanget kanikmatan dhumateng kita sedaya.

Saengga ing titi wanci ingkang endah punika kita taksih saged nindakaken sembahyang Idul Fitri 1444 Hijriyah kanthi lancar tanpa wonten setunggal alangan punapa.

Mugya sholawat saha salam mugi tansah dipuntetepaken Allah dhumateng Kajeng Nabi Agung Rosulullah Muhammad SAW, para kaluwarga, ugi para sahabat, sarta sedaya penderekipun ingkang tansah mituhu dhumateng sedaya piwulangipun.

Para bapak ugi Ibu ingkang kula bekteni sarta kula khurmati, keparenga kula ing ngriki jumeneng kagem marak sowan ing marang panjenengan sami, ingkang saperlu nderekaken panjenengan sedaya kagem nindakaken ikrar halal-bihalal ing titi wanci punika.

Salajengipun kula ingkang badhe matur supados panjenengan sedaya kersa anniroaken napa kemawon ingkang badhe kula ucapaken.

Saderengipun kita wiwiti adicara punika, becikipun kita wiwiti kanthi maos basmallah kanthi sesarengan, sumangga kula wiwiti kanthi sesarengan.

Bismillahirahmanirahim

Asyhadu alla ilaaha illallah.

Wa asyhadu anna Muhammadarrosulullah.

Kepareng kula matur, dhumateng para bapak lan ibu sarta sederek sedaya ingkang kaleres sepuh, kula tindakaken sungkem pangabekti mugi tansah katur ing ngarsa panjenengan sedaya.

Dhumateng bapak ugi ibu sederek sedaya ingkang langkung enem, kula ngaturaken salam memitran mugia tansah katur ing ngarsa penjenengan.

Salebnetipun dinten riyaya Idul Fitri punika, kula ngaturaken sugeng riyadi, taqabalallahu minna wa minkum.

Mugia Gusti Allah tansah kersa nampi sedaya amal ibadah sarta kesaenan kita ingkang sampun kita tindakaken ing wulan Ramadhan kala wingi.

Salajengipun kula nyuwun pangaksama saking sedaya kalepatan kula, kanthi tulus trusinng batin, kanthi tandes dumugi manah, saestu kula nyuwun agunging pangaksama mugia panjenengan kersa paring pangaksama marang kalepatan kula.

Sematen ugi, bilih panjenengan ingkang kagungan kelepatan dhumateng kula, kanthi lila sarta ikhlasing batin kula sampun apura kalepatan panjenengan sedaya.

Mugya Gusti Ingkang Maha Wikan tansah paring ijabah sarta paring pangaksama saking kalepatan kita sedaya.

Amin, amin, Ya robbal ‘alamin.

Mekaten sarta cekap semanten rumiyin ikrar syawalan ingkang saged kita aturaken. Menawi wonten lepating pangucap sarta wonten tumindak kula ingkang diraos kirang mranani salebeting penggalih, saestu kula nyuwun agunging pangaksama.

Wassalamualaikum warrahmatullahi wabbarakatuh.

Contoh 4

Bismillaahirrahmaanirrahiim.

Asyhadu alla ilaaha illallah.

Waasyhadu anna Muhammadarrosulullah.

Kepareng kula matur, dhumateng Ibu ugi Bapak sederek sedaya ingkang kaleres sepuh, kula badhe ngaturaken sungkem pangabekti, mugi tansah saged katur dhumateng  ngarsa panjenengan.

Kagem para ibu ugi bapak sarta para sederek sedaya ingkang langkung enem, kula badhe ngaturaken salam memitran mugia katur ing ngarsa penjenengan.

Ing dinten riyaya Idulfitri ingkang kebak pangaksama 1444 H punika, kula kepengin ngaturaken taqabalallahu minna wa minkum, sugeng riyadi kagem sedaya kemawon

Mugia Gusti Allah tansah kersa nampi sedaya amal ibadah lan amal kabecikan kita ing wulan Ramadan kala wingi.

Dhateng kalodhangan punika, kula badhe estu nyuwun pangaksama saking sedaya kalepatan inkang kula tindakaken kathi tulusing manah.

Mugya panjenengan sedaya tansah kersa paring pangaksama dhumateng sedaya kalepatan ingkang nate kula tindakaken, kosok wangsulipun dhateng kalodhangan punika kula ugu sampun iklas sarta paring pangaksama dhumateng sedaya kalepatan panjenengan.

Mugi-mugi Gusti Allah kersa ngijabahi saha paring kawelasan dhumateng kita sedaya ingkang rawuh dhateng adicara dinten punika.

Amin ya robbal ‘alamin.

Mekaten ikrar Syawalan cekak ingkang sampun kita aturaken. Menawi taksih kathah kalepatan saha wonten tumindak kula kirang mranani ing penggalihipun para rawuh, saestu kula nyuwun agungipun pangaksama.

Waalaikumsalam warrahmatullahi wabbarakatuh

Contoh 5

Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Bismillah alhamdulillah la haula wala quwwata illa billah amma ba'du

Para rawuh ingkang satuhu kinurmatan, mugi keparengo ing mriki kawulo derek'aken sesarengan ngaturaken raos puji lan syukur dumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala.

Dene menapa kulo lan panjenengan sami saget makempal ing wekdal Syawalan ugi Idul Fitri 1444 H meniko kanthi kanikmatan ingkang tanpa pepindan, sehat wal'afiat mboten kirang setunggal menapa.

Mboten wonten atur syukur ingkang langkung sae kejawi kalimah syukur biqoulina, Alhamdulillahirobbil'aalamiin.

Sholawat ugi salam mugi tansah kunjuk dumateng Rosulullah Muhammad Shalallahu ‘ailaihi wa salam, mugi wiwit wekdal sakmenika ngantos mbenjang ing dinten yaumul qiyamah kersa paring safaat dumateng kita sedaya, Aamiin yaa rabbal'aalamiin.

Bapak Ibu ingkang kawula hormati, nyuwun sewu lepat kawulo lancang kersa ing tembung wonten ing ngarsa panjenengan sami, kapurih sesarengan ngaturaken ikrar Syawalan utawi halal bihalal ing wekdal menika.

Ing mangke, kawula ingkang maca, dene panjenengan sedaya kawula suwun kersa tutwuri ing pangucap kanthi sesarengan.

Mangga kita wiwiti kanthi waosan basmalah sesarengan, kawula derek'aken.

Bismillaahirrahmaanirrahiim.

Asyhadu alla ilaaha illallah. Wa asyhadu anna Muhammadarrosulullah.

Nyuwun lodange penggalih kawulo bade matur, sepindah kagem para kadang sepuh, mugi sungkem lan bekti kula saget dipun tampi ing ngarsa panjenengan.

Kaping kaleh kagem sederek anom lan sesami, kawula ngaturaken salam taklim dumateng penjenengan sami.

Ing dinten riyadin Idul Fitri menika, keparenga kawula matur, taqabalallahu minna wa minkum. Mugi sedaya amal kesaenan kita ing wulan Ramadhan dipun tampi Allah SWT.

Ing wigati, kawula ngaturaken sedaya kalepatan, lahir tumusing batin, kanthi ikhlas ing manah, tuhu nyadong pangaksami mugi panjenengan sedaya paring pangapunten dumateng kula.

Sak wangsulipun, mbok menawi panjenengan nggadahi kelepatan dateng kula, kanthi ikhlas ing batin kula nyaosaken pangapunten dumateng panjenengan sedaya.

Mugi Gusti Allah kersa paring ijabah saha maghfirah dumateng kita sedaya. Amin, amin, Yaa robbal'aalamiin.

Mekaten ingkang saget kawulo derekaken, nyuwun agunging sih samudra pangaksami, kawulo saderma manungso limrah kapanggon lepat lan kekirangan.

Ing Wasana, Wabilahittaufiq wal hidayah, Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Baca Juga: 10 Puisi Malam Lailatul Qadar 1444 H/2023 Untuk Memperkuat Iman

Baca berita update lainnya dari Sonora.id di Google News.

Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
92.0 fm
98.0 fm
90.4 fm
102.6 fm
93.3 fm
97.4 fm
98.9 fm
101.1 fm
96.0 fm
96.7 fm
99.8 fm
98.9 fm
98.8 fm
90.8 fm
97.5 fm
91.3 fm
94.4 fm
91.8 fm
102.1 fm
98.8 fm
95.9 fm
88.9 fm
101.8 fm
97.8 fm
101.1 fm
101.8 fm
101.1 Mhz Fm
101.2 fm
101.8 fm
102.1 fm