5 Contoh Teks Narasi Bahasa Jawa Singkat, Lengkap dengan Pengertian

4 September 2023 11:00 WIB
5 Contoh Teks Narasi Bahasa Jawa
5 Contoh Teks Narasi Bahasa Jawa ( Freepik.com)

Jeneng Kendhal iku ujare para pinisepuh asale saka arane tetuwuhan aran wit Kendhal sing basa Latine disebut Cordia Myza. Wit kenndhal kasebut sakawit ditemokake dening Pangeran Benawa kang isih turunan Sultan Pajang sing wektu iku kapinujon isih ngayam alas jalaran ana dredah. Kutha Kendhal wektu semana isih awujud alas gung liwang-liwung.

Sawijining dina Pangeran Benawa ngutus andhahane kang aran Baureksa kanggo bebadra ing alas kendhal. Suprihe alas mau bisoa dadi papan padhukuhan kang reja lan ing tembe dipurih dadiya sawijining kutha sing gedhe. Prenahe alas kendhal kuwi dununge ana sisih kulone kutha Semarang saiki, utawa sisih wetane kutha Batang. Mangkono mau satleraman sejarahe kutha Kendhal sing katulis ana risalah Humas Pemda Kabupaten Kendhal.

Hari Jadi kutha Kendhal dening asil Seminar 1989 wis ditetepake tiba ing tanggal 26 Agustus 1628 kapungkur. dadi, engga saiki kabupaten kasebut wis umur 362 taun.

Geografi (papan palemahan)-ne pancen mujudake dhaerah sing potensial. Sebab, umume subur lan cocog banget ditanduri cengkeh, tebu, palawija, lan mbako sing saiki isih dadi primadhonane para kadang tani.

Baca Juga: 3 Contoh Teks Argumentasi Gandum Lengkap dengan Strukturnya, Simak!

4. Gareng

Aku seneng banget karo kewan sing arane kucing. Ing omah aku duwe kucing sing banget daktresnani.

Kucing aku dakjenengi Gareng. Sejatine Gareng iku dudu duweku, nanging dheweke ora sengaja ngenger ing omahku.

Biyen sadurunge ngenger, kucinge mlebu ing njero omahku. Omahku iku dodolan, pas ana wong tuku jenenge Pak Karom.

Omonge biyen Gareng iku kucinge anake Pak Karom. Tapi omonge Pak Karom, Gareng iku biyen mlayu saka omahe. Mulane saiki malih ngalih ing omahku. Gareng iku kucing wedok rupane dhoreng-dhoreng.

Merga rupane dhoreng-dhoreng banjur dakjenengi Gareng. Kucinge iku ngguyokake tapi kereng. Amarga biyasane dakjaraki ora suwe malih nesu lan biyasane bisa nyakur.

Kucingku kuwi duwe anak siji lan ora suwe saka kuwi duwe anak maneh liwa. Sakwise iku ora suwe anake sing lima mau mati kabeh merga disembur ula. Saiki anake Gareng mung ana siji cacahe anake gareng tak jenengi si Blek.

5. Telat Sekolah

Minggu bengi, aku dolan nonton konser musim ing alun-alun karo kanca-kancaku cah papat, Dono, Joko, Andi, lan Mardi. Konsere lekas jam wolu rampung jam 10. Aku lan kanca-kanca lunjak-lunjak saking senenge ngrongokane swarane musik band sing lagi nyanyi ing ndhuwur panggung. Kosel ora tak rasakne. Pokoke seneng.

Jam sepuluh, konsere wis bubar. Aku lan kanca-kanca banjur leren mangan ing warung karo ngobrol-ngobrol. Ora krasa wis jam rolas bengi. Walah wis kewengen. Aku lali yen mau pamit karo ibu, mulih omah jam sewelas. Nanging iki wis telat sak jam. Durung mlkune. Bisa luwih iki.

Mbuh piye mengko dadine yen aku wis tekan ngomah. Mungkin ibu bakal muring-muring jalaran aku mulih kewengan.

Tekan ngomah, bener apa sing tak khawatirke mau. Ibuku nesu lan nyeneni aku. Suwe banget aku diseneni lan diceramahi. Aku mung bisa meneng ora bisa mbantah. Iki pancen salahku. Apa maneh isuke aku kudu mlebu sekolah. Aku banjur kelingan, aku ana PR matematika sing durung tak garap.

Mlebu kamar, aku langsung lungguh ing kursi, mbukak buku nggarap PR. Sakwise rampung nggarap PR, rasane ngantuk banget. Apa maneh, pelajaran matematika angel banget. Aku lagi rampung jam loro bengi.

PR wis rampung, kesel awakku lan ngantuk mripatku. Aku nglemah ana ing kasur. Mripatku wis kriyip-kriyip ora kuwat melek maneh.

Dhog…dhog…dhog…

Swara iky banter banget. Mripatku isih abot rasane arep melek. Nanging swara iku aku kenal banget. Iku swarane Ibuku. Ibu njeluki aku, ngongkon tangi. Tak bukak HP ku, tak delok jam, waduuuuhh…

Wis jam 7 esuk. Telat aku. Maneh, aku diseneni ibuku merga tangi kawanen lan telat sekolah. Ing sekolah, aku kena hukuman ora oleh melu pelajaran pertama.

Baca Juga: Ciri Teks Laporan Percobaan: Pengertian, Struktur, dan Contohnya

Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
92.0 fm
98.0 fm
90.4 fm
102.6 fm
93.3 fm
97.4 fm
98.9 fm
101.1 fm
96.0 fm
96.7 fm
99.8 fm
98.9 fm
98.8 fm
90.8 fm
97.5 fm
91.3 fm
94.4 fm
91.8 fm
102.1 fm
98.8 fm
95.9 fm
88.9 fm
101.8 fm
97.8 fm
101.1 fm
101.8 fm
101.1 Mhz Fm
101.2 fm
101.8 fm
102.1 fm