3 Contoh Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa 2024 yang Menginspirasi

4 April 2024 09:36 WIB
Ilustrasi khutbah Idul Fitri bahasa Jawa.
Ilustrasi khutbah Idul Fitri bahasa Jawa. ( Unsplash @Raka Dwi Wicaksana)

Sonora.ID - Simak khutbah Idul Fitri bahasa Jawa 2024 yang dapat disampaikan saat ibadah.

Setelah melaksanakan salat Id, umat muslim dianjurkan tetap duduk untuk mendengarkan khutbah Idul Fitri yang dibawakan khatib.

Khutbah Idul Fitri dapat menjadi renungan bagi umat Islam. Jemaah dapat mengambil hikmah dan menerapkannya dalam kehidupan sehari-hari.

Kali ini, Sonora telah merangkum 3 contoh khutbah Idul Fitri bahasa Jawa 2024 yang dikutip dari NU Online.

1. Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa: Sejatosipun Arti Idul Fitri

Khutbah I

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ

اَللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ ِللهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ، صَدَقَ وَعْدَهُ، وَنَصَرَ عَبْدَهُ، وَأَعَزَّ جُنْدَهُ، وَهَزَمَ اْلأَحْزَابَ وَحْدَهُ، لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَلاَ نَعْبُدُ إِلاَّ إِيَّاهُ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُوْنَ، لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ

اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ وَفَّقَنَا ِلإِتْمَامِ شَهْرِ رَمَضَانَ وَأَعَانَناَ عَلىَ الصِّيَامِ وَالْقِيَامِ وَجَعَلَنَا خَيْرَ أُمَّةٍ أُخْرِجَتْ للِنَّاسِ. نَحْمَدُهُ عَلَى تَوْفِيْقِهِ وَهِدَايَتِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُ الْمُبِيْنُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ خَاتَمُ النَّبِيِّيْنَ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ، أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ، وَأَحُسُّكُمْ عَلَى طَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ

قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ: أَعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ، بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ شَهْرُ رَمَضانَ الَّذِي أُنْزِلَ فِيْهِ الْقُرْآنُ هُدًى لِلنَّاسِ وَبَيِّناتٍ مِنَ الْهُدَى وَالْفُرْقانِ فَمَنْ شَهِدَ مِنْكُمُ الشَّهْرَ فَلْيَصُمْهُ وَمَنْ كَانَ مَرِيْضاً أَوْ عَلَى سَفَرٍ فَعِدَّةٌ مِنْ أَيَّامٍ أُخَرَ يُرِيدُ اللَّهُ بِكُمُ الْيُسْرَ وَلا يُرِيْدُ بِكُمُ الْعُسْرَ وَلِتُكْمِلُوا الْعِدَّةَ وَلِتُكَبِّرُوا اللَّهَ عَلَى مَا هَدَاكُمْ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُونَ

Baca Juga: 2 Doa Khutbah Idul Fitri Paling Sedih yang Bikin Hati Termenung

Jama’ah Shalat Idul Fitri Rahimakumullah.

Nalikane mirengaken Idul Fitri, tentu ingkang wonten dateng pikiran kito sedanten inggih meniko raos bungah tur seneng.

Riyaden Idul Fitri ditengeri kalayan istilah ”mudik”. Kajaba niku, Idul Fitri ugi sering ditandhani kalayan ingkang enggal, wiwit nganggo sandhangan enggal, sepatu enggal, sepeda motor enggal, mobil enggal lan sak lintu-lintunipun. Maklum mawon, muteripun yotro paling ageng inggih wonten dinten riyaden Idul Fitri. Nek sampun mekaten, sejatosipun ingkang dipun arani riyaden Idul Fitri niku nopo?

Idul Fitri, inggih meniko riyaden ingkang dipun rayaaken sak mantunipun umat Islam siyam sak lebete sasi Ramadhan. Dipun arani Idul Fitri amargi menungso sami ugi kados dining bayi ingkang nembih lahir saking gua garbaning ibu tanpo nggadah salah lan duso.

Sederek sedanten ingkang dimulyaaken Gusti Allah. Idul Fitri ugi diartosaken kalayan bangsul meleh dateng fitrah menungso. Artosipun, milai dinten meniko lan sak mantunipun, sakmestinipun kito sedanten bangsul maleh dateng fitroh kito bilih nyekseni namung Gusti Allah inggih meniko sesembahan kito sedanten. Kados wonten al-Qur’an surah al-A'raf (7) ayat 172:

وَإِذْ أَخَذَ رَبُّكَ مِنْ بَنِي ءَادَمَ مِنْ ظُهُورِهِمْ ذُرِّيَّتَهُمْ وَأَشْهَدَهُمْ عَلَى أَنْفُسِهِمْ أَلَسْتُ بِرَبِّكُمْ قَالُوا بَلَى شَهِدْنَا أَنْ تَقُولُوا يَوْمَ الْقِيَامَةِ إِنَّا كُنَّا عَنْ هَذَا غَافِلِينَ

(Lan (ilingo), nalikane Pengeranmu ngedalaken anak turunipun Adam saking sulbi mereka tur Gusti Allah mundut persaksian dateng jiwa mereka (kalihan dawuh): "opoto Ingsun iki Pengeran Sesembahanmu?" Mereka mangsuli: "Inggih leres (Panjenengan Pengeran Sesembahan kito), kito sedanten nyekseni". (awak dewe nglakoni seng koyo ngene iki) supoyo jange pas dino kiamat awakmu ora ngucap: "Saktemene kawulo (bani Adam) inggih meniko tiyang-tiyang ingkah lengah dateng meniko (keesaan Gusti Pengeran)").

Sederek sedanten ingkang dimulyaaken Gusti Allah. seiring nglampahi gesang niki kito sedanten sering ngelalekaken Gusti Allah tur ngelampahi salah lan duso dateng Gusti Allah lan kalayan menungso. Mangertosi artosipun Idul Fitri (bali dateng fitrah) kaleh mbangun maleh pengabdian sesembahan namung dateng Gusti Allah inggih sampun dados kewajiban, sehinggo kito sedanten saget dados kawulo-kawulo ingkang muttaqin lan kawulo ingkang mboten nggadah duso dateng Gusti Allah. Duso dateng Gusti Allah saget dipun busek kalayan tobat. Duso dateng menungso saget dipun busek kalayan silaturahim unjung-unjung.

Ingkang dipun arani duso inggih meniko catetan keawonan mungguhe Gusti Allah ingkang dilampahi kalayan menungso kerono mboten nglampahi perintah utawi kerono menungso ngelampahi nopo ingkang sampun dilarang kaleh Gusti Allah lan Rasulipun.

Sasi Ramadhan inggih meniko sasi ingkang spesial dipun khususaken Gusti Allah kanggeh tiyang-tiyang Islam. Ing sasi meniko wonten maghfirah, rahmah tur itqun minan nar. Sasi Ramadhan ugi dados sarana menungso kanggeh nedi pangapunten saking Gusti Allah kalayan ngelaksanaaken ngibadah siyam lan tarawih. Kados dawuhipun kanjeng Nabi Muhammad saw:

عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ قَالَ قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ مَنْ صَامَ رَمَضَانَ إِيمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ

(Saking Abi Hurairah nate ngendikan, bilih kanjeng Rasulullah Saw nate dawuh: Sinten mawon ingkang ngelampahi siyam wonten sasi Ramadhan kalihan percados lan ngarep-ngarep ganjaran saking Gusti Allah bakal disepunten duso-dusone seng kepungkur).

Gusti Allah nggeh ndadosaken Qiyam Ramadhan (Tarawih) sarana mbusek duso koyo dinih dawuge Kanjeng Nabi Muhammad saw:

عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ قَالَ كَانَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ يُرَغِّبُ فِي قِيَامِ رَمَضَانَ مِنْ غَيْرِ أَنْ يَأْمُرَهُمْ بِعَزِيمَةٍ ثُمَّ يَقُولُ مَنْ قَامَ رَمَضَانَ إِيمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ

(Saking Abi Hurairah nate ngendikan, bilih kanjeng Rasulullah Saw. Ngelampahi Qiyam Ramadhan (Tarawih) senajan mboten majibaken. Terus Kanjeng Rasul dawuh: ”Sinten mawon ingkang ngelampahi Qiyam ramadhan (tarawih) kerono iman dateng Gusti Allah tur ngarep-ngarep ganjaran saking Gusti Allah, bakal disepunten duso-dusonipun ingkang sampun kepungkur”.

Sederek sedanten ingkang dipun Rahmati Gusti Allah. Kaliyan sregep lan tekun ngelampahi siyam lan shalat tarawih kaleh ati ingkang tulus ngarep-ngarep ridho lan ganjaran saking Gusti Allah, niscoyo duso lan kesalahan kito sedanten dateng Gusti Allah bakal disepunten kejobo duso syirik.

Sakmantunipun duso kito dipangapunten kalayan Gusti Allah, kewajiban kito sedanten inggih meniko mbersihaken duso ingkang wonten sangkut pautipun kalayan menungso. Idul Fitri utawi bangsul dateng fitrah bakal sampurno nalikane sampun dipun pangapunten kalehan Gusti Allah lan menungso. Dipun busek duso kito dateng menungso lintu kalayan nedi sepunten lan maringi ngapunten marang tiyang lintu.

Nah, kalayan momentum Idul Fitri meniko monggo kito dadosaken sarana nedi sepunten lan paring pangapunten dateng tiyang lintu kaleh jalaran silaturrahim (nyambung seduluran, nyambung welas asih) dateng tiyang sepah, sederek, tetanggi, rencang lan lintu-lintunipun. Sebab amergi welas asih meniko lawanipun benci, mangkel, sehinggo tiyang ingkang manahipun wonten raos benci mangkel dateng tiyang sepah, sederek, tetanggi, rencang saget diarani tiyang ingkang mutus welas asih (Qathiur Rahim). Padahal tiyang ingkang mutus welas asih niku mboten saget mlebet suwarginipun Gusti Allah, kados deneh dawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad saw:

عَنْ ابْنِ شِهَابٍ أَنَّ مُحَمَّدَ بْنَ جُبَيْرِ بْنِ مُطْعِمٍ قَالَ إِنَّ جُبَيْرَ بْنَ مُطْعِمٍ أَخْبَرَهُ أَنَّهُ سَمِعَ النَّبِيَّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ يَقُولُ لاَ يَدْخُلُ الْجَنَّةَ قَاطِعٌ

(Saking Ibn Syihab bilih Muhammad bin Jubair bin Muth'im nateh ngendikan, bilih tiyange nate mireng Kanjeng Nabi Muhammad Saw., dawuh: “Tiyang ingkang mutus welas asih mboten saget melebet suwargi”.

Lan dipun jelasaken maleh:

لَا يَحِلُّ لِمُسْلِمٍ أَنْ يَهْجُرَ أَخَاهُ فَوْقَ ثَلَاثِ لَيَالٍ

“Mboten halal kanggeh tiyang muslim untuk mboikot (mboten nyopo) sedulure langkung saking 3 dinten.” (HR. Bukhari).

Sederek sedanten ingkang dipun Rahmati Gusti Allah. Ternyata wonten alesanipun kinging menopo tiyang ingkang mutus silaturahim kok mboten saget melebet suwargi, inggih meniko dawuhipun Kanjeng Nabi saw:

عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ قَالَ سَمِعْتُ رَسُولَ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ إِنَّ أَعْمَالَ بَنِي آدَمَ تُعْرَضُ كُلَّ خَمِيسٍ لَيْلَةَ الْجُمُعَةِ فَلاَ يُقْبَلُ عَمَلُ قَاطِعِ رَحِمٍ

(Saking Abi Hurairah nate ngendikan, ingsun nate mireng bilih Kanjeng Rasulullah Saw., nate dawuh: “Saktemenipun amal ibadah anak turunipun Nabi Adam (menungso) dilaporaken saben dinten Kemis malem Jumat. Mongko mboten dipun terami amal ibadahipun tiyang ingkang mutus welas asih”.

Ugi dipun kuataken kalayan hadis Nabi Muhammad saw:

تُفْتَحُ أَبْوَابُ الْجَنَّةِ يَوْمَ الْإِثْنَيْنِ، وَيَوْمَ الْخَمِيسِ، فَيُغْفَرُ لِكُلِّ عَبْدٍ لَا يُشْرِكُ بِاللهِ شَيْئًا، إِلَّا رَجُلًا كَانَتْ بَيْنَهُ وَبَيْنَ أَخِيهِ شَحْنَاءُ، فَيُقَالُ: أَنْظِرُوا هَذَيْنِ حَتَّى يَصْطَلِحَا، أَنْظِرُوا هَذَيْنِ حَتَّى يَصْطَلِحَا، أَنْظِرُوا هَذَيْنِ حَتَّى يَصْطَلِحَا

“Lawang-lawang suwargi dipun buka saben dinten Senin kalehan Kemis. Terus dipangapunten sedanten kawulo ingkang mboten nyekutuaken Gusti Allah kalehan nopo mawon. Kejobo tiyang ingkang nggadah musuhan kalehan sederek e. Dipun aturi, Tunda en amal ibadahipun tiyang kaleh niku sampe tiyang kaleh niku akur maleh... Tunda en amal ibadahipun tiyang kaleh niku sampe tiyang kaleh niku akur maleh... Tunda en amal ibadahipun tiyang kaleh niku sampe tiyang kaleh niku akur maleh...” (HR. Imam Malik)

Langkung meniku, kito sedanten kedah dados tiyang ingkang nggadahi sifat paring pangapunten, inggih meniko saget ngapunteni dateng tiyang lintu sakderenge tiyang wau nedi ngapunten dateng kito. Kados deneh Surah Ali-Imran (3) ayat 134:

الَّذِينَ يُنْفِقُونَ فِي السَّرَّاءِ وَالضَّرَّاءِ وَالْكَاظِمِينَ الْغَيْظَ وَالْعَافِينَ عَنِ النَّاسِ وَاللَّهُ يُحِبُّ الْمُحْسِنِينَ

(Penghuni suwargi yoiku) tiyang-tiyang ingkang nafkahaken (bondo-dunyo), pas lagi penak utowi pas lagi mboten penak, lan tiyang-tiyang ingkang saget nahan moreng-moreng lan tiyang ingkang saget paring ngapunten (salahe) tiyang. Lan Gusti Allah demen marang tiyang-tiyang ingkang nglampahi kesalehan.

Amergi niku, mumpung taseh wonten raos bungah dinten meniko, monggo kito dadosaken Idul Fitri meniko damel silaturahim, nedi sepunten lan sungkem dateng tiyang sepah, halal bi halal sambang sinambang dateng sederek, tetanggi lan rencang-rencang. Monggo kito ilangi raos dendam, su’udzon, hasud, dengki, lan takabbur.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآياَتِ وَذِكْرِ اْلحَكِيْمِ. وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ

Khutbah II

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ ، كبِيْرًا وَالْحَمْدُ ِللهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ، صَدَقَ وَعْدَهُ، وَنَصَرَ عَبْدَهُ، وَأَعَزَّ جُنْدَهُ، وَهَزَمَ اْلأَحْزَابَ وَحْدَهُ، لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَلاَ نَعْبُدُ إِلاَّ إِيَّاهُ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُوْنَ، لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ

اَلْحَمْدُ ِللهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، أَشْهَدُ أَنْ لاَإِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. فَيَاعِبَادَ اللهِ اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِيْ كِتَابِهِ اْلعَظِيْمِ "إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِيِّ, يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا". اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلىَ اَلِهِ وَأًصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ. وَعَلَيْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِماَتِ, وَاْلمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ, اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ وضعف لهم الحسنات وكفر عنهم السيئات وارزقهم من الأرزاق الطيبات. اللهم اكشف عنا البلاء والغلاء والوباء والفخشاء والمنكر والبغي والشدا ئد والمحن ما ظهر منها وما بطن من بلدنا إندونشي هذا خاصة ومن بلدان المسلمين عامة إنك على كل شئ قدير. إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ يَا قَاضِيَ اْلحَاجَاتِ. رَبَّنَا افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَا بِاْلحَقِّ وَأَنْتَ خَيْرُ اْلفَاتِحِيْنَ. رَبَّنَا أَتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا عَلَيْكَ تَوَكَّلْنَا وَإِلَيْكَ أَنَبْنَا وَإِلَيْكَ الْمَصِيرُ. رَبَّنَا أَفْرِغْ عَلَيْنَا صَبْرًا وَتَوَفَّنَا مُسْلِمِينَ. عَلَى اللَّهِ تَوَكَّلْنَا رَبَّنَا لَا تَجْعَلْنَا فِتْنَةً لِلْقَوْمِ الظَّالِمِينَ. اللَّهُمَّ انْفَعْنا بِمَا عَلَّمْتَنا وَعَلِّمْنا مَا يَنْفَعُنا وَزِدْنا عِلْمًا الْحَمْدُ لِلَّهِ عَلَى كُلِّ حَالٍ ونعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ حَالِ أَهْلِ النَّارِ.

عِبَادَ اللهِ إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهىَ عَنِ اْلفَحْشَاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوْا اللهَ يَذْكُرْكُمْ وَادْعُوْهُ يَسْتَجِبْ لَكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

Penyusun khutbah: Moh Makmun, Ketua Lembaga Takmir Masjid Nahdlatul Ulama (LTMNU) Kabupaten Jombang

Baca Juga: Contoh Khutbah Idul Fitri Bahasa Sunda 2024 yang Penuh Nasihat

2. Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa: Momentum Menebar Islam Rahmatan lil Alamin

Khutbah I

اَلسَّلَام ُعَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ

اَللهُ اَكْبَرُ اَللهُ اَكْبَرُ اَللهُ اَكْبَرُ، اَللهُ اَكْبَرُ اَللهُ اَكْبَرُ اَللهُ اَكْبَرُ، اَللهُ اَكْبَرُ اَللهُ اَكْبَرُ اَللهُ اَكْبَرُ، وَلِلَّهِ الْحَمْدُ


اللهُ أَكْبَرُ كَبِيْراً وَالْحَمْدُ للهِ كَثِيْراً، وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ، نَحْمَدُكَ يَا ذَاالْجَلَالِ وَاْلإِكْرَامِ، عَلَى مَا اَكْمَلْتَ لَنَا مِنْ دِيْنِ الْإِسْلَامِ، وَجَعَلَنَا خَيْرَ أُمَّةٍ أُخْرِجَتْ لِلنَّاسِ وَالْأَنَامِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَ أَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. وَنُصَلِّى وَنُسَلِّمُ عَلَى نَّبِى الْهُدَى وَالرَّحْمَةِ، الْمَبْعُوْثِ بِالْكِتَابِ وَالْحِكْمَةِ، سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَاحِبِ الْمَدَدِ لِلْجَسَدِ وَالرُّوْحِ، وَعَلَى اَلِهِ الَّذِيْنَ هُمْ كَمَثَلِ سَفِيْنَةِ نُوْحٍ، وَأَصْحَابِهِ أُوْلِي الْمَأْثِرِ وَالْهِمَمِ وَالْفُتُوْحِ

أَمَّا بَعْدُ

مَعَاشِرَ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ رَحِمَكُمُ اللهُ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ! وَتَزَوَّدُوْا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَىْ. فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. وَقَالَ اللهُ تَعَلَى: اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ: اَلَّذِيْنَ يُنْفِقُوْنَ فِى السَّرَاءِ وَالضَّرَاءِ وَالْكَا ظِمِيْنَ الْغَيْظَ وَالْعَا فِيْنَ عَنِ النَّاسِ، وَاللهُ يُحِبُّ الْمُحْسنِيْنَ (اَلْأَيَةُ) ! صَدَقَ اللهُ الْعَظِيْمُ

Hadirin wal hadirat jama’ah Idul Fitri rahimakumullah,

Setunggalipun keniscayaan kagem kita sedaya saat punika ngaturaken puji saha syukur, alhamdulillahi rabbil ‘alamin, wonten Ngarsa Dalem Allah Ta’ala atas sedaya nikmat ingkang sampun kita tampi. Sae menika nikmat lahir arupi kesehatan, rizki lan kesempatan, langkung-langkung nikmat batin arupi iman lan Islam. Minangka wujud tandha raos syukur kita dhateng Allah, mangga kita tingkataken kuwalitas ketakwaan kita kanthi sarana nglampahi perintah-perintahipun, saha nebihi awisan-awisanipun Allah Ta’ala, dalam rangka anggayuh ridlanipun Allah, kamulyan lan kawilujengan wonten dunya lan wonten akhirat.

Untaian lan sanjungan shalawat saha salam katur lan kunjuk wonten ngarsa junjungan kita, nabi ingkang ngasta risalah kerasulanipun kanthi rahmah dhateng sedaya umat lan alam semesta punika, yakni Kanjeng Rasul Muhammad shalallahu ‘alaihi wassalam. Kanthi harapan, kita benjing wonten akhirat pikantuk syafa’atul ‘uzhma saking panjenenganipun.

Jama’ah Idul Fitri rahimakumullah,

Suasana Idul Fitri enjang punika kebak kebahagiaan lan raos suka cita ingkang mendalam. Gema takbir, tahmid, tahlil, saha tasbih menggema seantero jagat, gegap gempita, membahana seluruh alam semesta. Kanthi raos penuh kepasrahan, kekhusyukan, lan kerendahan hati, kita kumandangaken minangka tandha taqarrub lan mahabbah kita dhateng Ngarso Dalem Allah Ta’ala. Mengagungkan, memuji, mensucikan lan mentauhidkan dhateng Dzat ingkang Maha Agung, Maha Suci, Maha Pinuji lan Maha Tunggal, yakni Allah Subhanahu wa Ta’ala.

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, walillaahil hamd…

Jama’ah Idul Fitri rahimakumullah,

Momentum Idul Fitri saat punika, mangga kita dadosaken momentum menebar Islam ingkang rahmatan lil ‘alamin, Islam ingkang penuh rahmah, kasih sayang, saling anjagi lan tolong menolong, saling menghormati lan menghargai antar sesami umat beragama, supados tercapai kehidupan ingkang harmonis sak lebetipun berkeluarga, bermasyarakat, berbangsa, lan bernegara bahkan kagem perdamaian dunia.

Kata kuncinipun, sedaya kalawau saget tercapai menawi kita beragama kanthi rahmah. Allah Ta’ala sampun negasaken wonten Al-Qur’an Surat al-Anbiya’ ayat 107:

وَمَا اَرْسَلْنَاكَ اِلَّا رَحْمَةً لِلْعَالَمِينَ

Artosipun: “Lan Ingsung (Allah) ora ngutus sira (Muhammad), kejaba amung ngrahmati kanggo alam semesta.”

Ayat punika nunjukaken pentingipun mujudaken raos kasih sayang sak lebetipun beragama:

(يَنْظُرُوْنَ الْاُمَّةَ بِعَيْنِ الرَّحْمَةِ)

Bahkan mboten namung dhateng manungsa, namun ugi dhateng makhluk-makhluk lintunipun lan dhateng alam semesta secara menyeluruh.

Ajaran Rasulullah shalallahu ‘alaihi wassalam ingkang berorientasi rahmatan lil ‘alamin punika sampun dipun buktekaken sepanjang sejarah kerasulanipun. Tigang perkawis ingkang saling berkaitan, yakni: hubungan manungsa kalian Pengeran, manungsa kalian sesami manungsa, saha manungsa kalian alam sekitar, sampun dipun ajaraken sak lebetipun ajaran lan risalah kerasulanipun Kanjeng Nabi Muhammad shalallahu ‘alaihi wassalam.

Sedaya punika badhe tercapai menawi cara beragama kita mawi konsep-konsep beragama ingkang tawazun (berimbang), i’tidal (adil), tawasuth (sedang-sedang), lan tasamuh (toleran). Ugi kita hindari sikap berlebih-lebihan sak lebetipun beragama, amargi sikap berlebih-lebihan punika saget mbekta kerusakan. Kados dhawuhipun Kanjeng Nabi shalallahu ‘alaihi wassalam:

يَا اَيُّهَالنَّاسُ اِيَّاكُمْ وَالْغُلُوَّ فِى الدِّيْنِ، فَاءِنَّمَا اَهْلَكَ مَنْ كَانَ قَبْلَكُمُ الْغُلُوَّ فِى الدِّيْنِ

Artosipun: “He manungsa, ngedohono sira kabeh ing perilaku ‘berlebih-lebihan’ (ngliwati wates) sak jroning beragama, amarga sak temene rusake umat sak durunge sira kabeh iku lantaran anduweni sikap berlebih-lebihan sak jroning beragama.”

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, walillaahil hamd…

Kaum muslimin wal muslimat, jama’ah Idul Fitri rahimakumullah,

Kagem mencapai Islam ingkang rahmatan lil ‘alamin, kita ugi kedah kagungan sikap pemaaf, langkung-langkung wonten ing momentum Idul Fitri punika. Kanthi sikap pemaaf, badhe terjalin persaudaraan (ukhuwah). Akhir zaman sak mangke, raos ukhuwuh semakin terkikis. Raos ukhuwah sampun mulai tergeser kaliyan kondisi sosial. Pramila, momen Idul Fitri tahun punika monggo kita manfaataken kagem menjalin silaturahim, saling memaafkan lan ridha bir-ridha, kanthi rendahipun manah lan jembaripun penggalih. Supados kita leres-leres kembali dhateng fitrah, sarana memenuhi hak-hak kita dhateng Allah lan dhateng sesami.

Wonten kata hikmah: “Dengan memaafkan tidak akan mengurangi kehormatan, dengan rendah hati tidak akan menurunkan harga diri.”

Gusti Allah Ta’ala wonten ing salah setunggalipun hadits qudsi dhawuh:

قَالَ النَّبِىُّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: يَقُوْلُ اللهُ تَعَالَى: اَنَا الرَّحْمَنُ وَهَذِهِ الرَّحِمُ اِنْشَقَقْتُ لَهَا اِسْمًا مِنْ اِسْمِىْ، فَمَنْ وَصَلَهَا وَصَلْتُهُ وَمَنْ قَطَعَهَا بَتَتُّهُ

Artosipun: “Kanjeng Nabi dhawuh, bilih Gusti Allah dhawuh: Ingsun Dzat kang Maha Welas Asih. Lan sebutan sanak (arrahim) Ingsun pundhut saking salah siji asma Ingsun. Mula sing sapa wonge nepung sanak, mangka Ingsun nepung marang dheweke, lan sing sapa wonge megot sanak, mangka Ingsun megot marang dheweke.”

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, walillaahil hamd…

Kaum muslimin wal muslimat rahimakumullah,

وَاعْتَصِمُوْا بِحَبْلِ اللّٰهِ جَمِيْعًا وَّلَا تَفَرَّقُوْا

“Lan cecekelana sira kabeh marang agamane Allah, lan aja sira kabeh bercerai-berai”

Allah saha Rasulipun sampun ngajaraken supados umat Islam bersatu padhu, saling menghargai lan menghormati perbedaan. Sampun ngantos perbedaan andadosaken perpecahan. Sak lebetipun kehidupan beragama, mboten dipun parengaken menuduh lan menvonis dhateng tiyang sanes kados nuduh kafir, munafik, sesat, bid’ah, utawi ucapan-ucapan ingkang ngandung provokasi dhateng arah perpecahan antar sesami muslim, amung amargi perbedaan. Menapa malih ngantos ngalalaken dharah lan kehormatanipun sedherek sesami muslim, lantaran perbedaan pemahaman lan penafsiran tekstual ayat utawi dalil.

Imam Bukhari ngriwayataken wonten ing Shahih Bukhari, Nabi shalallahu ‘alaihi wassalam dhawuh:

اَلْمُسْلِمُ مَنْ سَلِمَ الْمُسْلِمُوْنَ مِنْ لِسَانِهِ وَيَدِهِ، وَالْمُهَاجِرُ مَنْ هَجَرَ مَانَهَى اللهُ عَنْهُ

Artosipun: “Muslim ingkang haqiqi inggih punika, muslim ingkang muslim-muslim lintunipun slamet saking lisan lan astanipun. Wondene tiyang ingkang hijrah, inggih punika tiyang ingkang ninggal laranganipun Allah Subhanahu wa Ta’ala.”

Dados sampun jelas lan pertela, bilih kita sebagai umat Islam kedah nebaraken agami sarana saling menghormati, kasih sayang, mboten pareng menzhalimi, mboten pareng menghujat lan gawe permusuhan, sae punika mawi ucapan ugi mawi tindakan.

Justru, menawi kita beragama mawi perangai ingkang kasar, mesthi badhe nuwuhaken ketakutan lan efek ingkang mboten sae, nuwuhaken permusuhan lan perpecahan. Kosok wangsulipun, menawi kita mawi cara ingkang lemah lembut, santun lan menghormati, badhe nuwuhaken persatuan, kerukunan, lan kehidupan ingkang harmonis wonten ing masyarakat, bangsa lan negara, bahkan dunia.

إِنَّ الرِّفْقَ لَا يَكُوْنُ فِى شَيْءٍ اِلَّا زَانَهُ وَلَا يُنْزَعُ مِنْ شَىْءٍ اِلَّا شَانَهُ

Artosipun : “Sak temene barang kang den hiasi ‘kelembutan’ iku sinawang indah (bagus). Lan suwalike, barang kang tanpa kelembutan bakal sinawang ala.” (HR. Muslim).

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, walillaahil hamd…

Jama’ah Idul Fitri rahimakumullah,

Ramadlan sampun ndhidhik lan ngajari kita kathah perkawis: kesabaran, ketawadlu’an, lan keikhlasan, langkung-langkung perkawis nahan amarah lan hawa nafsu. Sedaya kalawau nuwuhaken efek ingkang kuat kagem mbentuk pribadhi kita dhateng kedudukan ‘takwa’. Ing pangertos, kita dibentuk supados dados manungsa ingkang mboten namung sae (shaleh) secara pribadi (individu), nanging ugi dibentuk dados manungsa ingkang sae (shaleh) secara sosial. Saking sisi individu, kita dados manungsa ingkang sae lan leres dados hambanipun Allah. Sisi lintunipun, kita sae lan leres dados manungsa ingkang migunani tumprap sesami. Pendidikan ramadlan nuwuhaken jiwa sosial, murah hati, remen tetulung, saling menyayangi, lan memaafkan.

Menika angrupekaken indikator saking ciri-ciri tiyang ingkang bertakwa, kados dhawuhipun Allah wonten Al-Qur’an surat Ali Imran ayat 134:

اَلَّذِيْنَ يُنْفِقُوْنَ فِى السَّرَآءِ وَالضَّرَآءِ وَالْكَا ظِمِيْنَ الْغَيْظَ وَالْعَا فِيْنَ عَنِ النَّاسِ، وَاللهُ يُحِبُّ الْمُحْسنِيْنَ

Artosipun: “Yaiku wong-wong sing nafkahake bandhane, ing wektu longgar utawa wektu rupek, lan wong-wong sing nahan amarahe dan aweh pangapura marang kesalahane wong liya. Allah nresnani marang wong-wong kang agawe kebajikan”.

Mugi-mugi wonten ing Idul Fitri tahun punika kita pikantuk ridhanipun Allah Ta’ala, kembali dhateng jati diri kita yakni fitri (suci), lan kalebet golonganipun tiyang-tiyang ingkang begja pikantuk suwarganipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. Aamiin… Aamiin… Aamiin Ya Rabbal ‘alamin.

جَعَلَنَا اللهُ وَاِيَّاكُم مِنَ الْعَاءِدِيْنَ وَالْفَاءِزِيْنَ وَالْمَقْبُوْلِيْنَ، وَاَدْخَلَنَا وَاِيَّاكُم فِى زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ. اَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَاسْتَغْفِرُاللهَ لِى وَلَكُم، وَلِوَالِدِيْنَا وَلِسَآءِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ اِنَّهُ هُوَالْغَفُوْرُالرَّحِيْمُ

اَللهُ اَكْبَرُ، اَللهُ اَكْبَرُ، اَللهُ اَكْبَرُ، اَللهُ اَكْبَرُ، اَللهُ اَكْبَرُ، اَللهُ اَكْبَرُ، اَللهُ اَكْبَرُ، اَللهُ اَكْبَرُ، اَللهُ اَكْبَرُ، وَلِلَّهِ الْحَمْدُ

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ فِى كُلِ حِيْنٍ وَ اَوْقَاتٍ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَ أَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اَلَّلهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، اَشْرَفِ الْخَلْقِ وَالْبَرِيَّاتِ. وَ عَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ الَّذِيْنَ يَظْفَرُوْنَ مِنَ اللهِ حَظًّا وَافِرًا

اَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَدَاللهُ ، اِتَّقُوْااللهَ وَتَمَسَّكُوْا بِدِيْنِهِ الْقَوِيْمِ. وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهَ تَعَلَى اَمَرَكُمْ بِالْإِ عْتِصَامِ بِحَبْلِهِ الْمَتِيْنِ فَأَطِيْعُوْهُ. وَ نَهَاكُمْ عَنِ التَّفَرُّقِ فَاحْذَرُوْهُ. أَلَّلهُمَّ ارْضَ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ، اَبِى بَكْرٍ وَعُمَرَ وَ عُثْمَانَ وَ عَلِى وَعَنْ سَاءِرِ اَصْحَابِ نَبِيِّكَ اَجْمَعِيْنَ، وَارْحَمْهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَلَّلهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْ مِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ. اَلَّلهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْزَّلَازِلَ وَسُوْءَ الْفِتَنِ وَ الْمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُوْنِيْسِيَا هَذَا خَاصَّةً، وَسَاءِرِالْبُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً، يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. يَا رَبَّ كُلِّ شَيْءٍ بِقُدْرَتِكَ عَلَى كُلِّ شَىْءٍ اِغْفِرْلَنَا كُلَّ شَىْءٍ وَلَا تَسْئَلْنَا عَنْ كُلِّ شَىْءٍ وَلَا تُحَاسِبْنَا فِى كُلِّ شَىْءٍ وَاَعْطِنَا كُلَّ شَىْءٍ. رَبَّنَا اَتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

عِبَادَاللهِ ، اِنَّ اللهَ يَاءْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ، وَاِيْتَاءِ ذِىْ الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوْااللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُاللهِ اَكْبَرُ


3. Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa: Njagi Kerukunan Antawis Umat Islam

Khutbah I

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا وَاْلحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لَا إِ لَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَ هُ صَدَقَ وَعْدَ هُ وَ نَصَرَ عَبْدَ هُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ اْلأَحْزَابَ وَحْدَ هُ ، لَا إِ لَهَ إِلَّا اللهُ وَ لاَ نَعْبُدُ إِلاَّ إِيَّاهُ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْن ، وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُوْنَ وَلَوْ كَرِهَ اْلمُشْرِكُوْنَ وَلَوْ كَرِهَ اْلمُنَافِقُوْنَ ، لَا إِ لَهَ إِلَّا اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ ، اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ، اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ كَانَ بِعِبَادِهِ خَبِيْرًا بَصِيْرًا، تَبَارَكَ الَّذِيْ جَعَلَ فِي السَّمَاءِ بُرُوْجًا وَجَعَلَ فِيْهَا سِرَاجًا وَقَمَرًا مُنِيْرًا. أَشْهَدُ اَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وأَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وُرَسُولُهُ الَّذِيْ بَعَثَهُ بِالْحَقِّ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا، وَدَاعِيَا إِلَى الْحَقِّ بِإِذْنِهِ وَسِرَاجًا مُنِيْرًا. اَللهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ مَا لاَحَ هِلاَلٌ وَأَنْوَارٌ، وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا مَعَاشِرَ الْحَاضِرِيْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ، اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقُاتِهِ وِلا تَمُوْتُنَّ إِّلا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ، وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ قال فى القُرءانِ العَظيمِ وَأَمَّا مَنْ خَافَ مَقَامَ رَبِّهِ وَنَهَى النَّفْسَ عَنِ الْهَوَىٰ فَإِنَّ الْجَنَّةَ هِيَ الْمَأْوَىٰ وَاعْلَمُوْا أَيضاً أَنَّ يَوْمَكُمْ هَذَا يَوْمٌ عَظِيْمٌ وَعِيْدٌ مُبَارَكٌ سَعِيْدٌ كَرِيْمٌ، أُحِلَّ لَكُمْ فِيْهِ الطَّعَامُ وَحُرِّمَ عَلَيْكُمْ فِيْهِ الصِّيَامُ

Jama’ah sholat Idul Fitri rahimakumullah

Monggo kito sareng-sareng ningkataken raos takwo kito dumateng Gusti Allah, amergi gesang kito mboten saget ucul saking perkawis ingkang dipun perintahaken lan dipun cegah Gusti Allah; tegese ingkang sifate perintah kedah dilampahi, lan cecegahan kedah dipun tebihi lan tilaraken.

Gusti Allah dawuh:

وَمَنْ يَّتَّقِ اللّٰهَ يَجْعَلْ لَّهٗ مِنْ اَمْرِهٖ يُسْرًا

Artosipun: Sopo wonge taqwo marang Gusti Allah, mongko Allah bakal ndadeaken urusane dadi gampang ​​​​​

Poro Jamaah Idul Fitri ingkang minulyo

Kedah kito mangertosi bilih dinten riyadin meniko setungggaling bentuk syiar Islam. Monggo kito bentengi lan jagi kerukunan soho kekompakane umat Islam kelawan makempal ing dinten riyadin meniko. Nopo malih zaman sakmeniko katah cubo lan tantangan kados kabar palsu, adu-adu, guneman olo wonten pundi kimawon ingkang saget nyebabaken persulayan lan perpecahan.

Pramilo, coro ingkang langkung sae damel njawab tantangan nggih meniko kelawan silaturahmi, ngeraketaken seduluran. Gusti Allah dawuh:

وَاعْتَصِمُوا بِحَبْلِ اللَّهِ جَمِيعًا وَلَا تَفَرَّقُوا

Artosipun: Lan cecekelano siro kabeh kelawan taline Gusti Allah (agomo), lan siro kabeh ojo podo pisah/ bubar (QS. Ali Imran: 103)

Sahabat Ibn Mas’ud nafsiraken “hablillah” tegese “jamaah utawi perkumpulan” kados dene Rasulullah nate dawuh wonten setunggale hadits ingkang diriwayataken saking Ahmad, Tabrani lan Baihaqy:

اَلْجَمَاعَةُ رَحْمَةٌ وَالْفُرْقَةُ عَذَابٌ

Artosipun: Perkumpulan (ingkang kompak) minongko rahmat lan pisah minongko adzab

اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَر وَللهِ الْحَمْدُ

Hadirin ingkang minulyo

Dalil-dalil ingkang kasebat maringi kito pengaweruh bilih Gusti Allah lan Rasulullah merintahaken dumateng kito sedoyo supados njagi kerukunan, kompak serto nebihi perkawis ingkang nyebabaken pisah, persulayan. Ananging lamun persulayan mboten saget dipun tebihi, mongko dipun saranaken pados titik persamaane, sanes persulayane. Kranten persulayan saget nyebabaken pisah antawisipun umat Islam.

Cita-cita kito sedoyo nggayuh rukun, guyub saget dipun wujudaken milai saking kito piyambak, lajeng dipun contohaken dumateng putro wayah, lan masyarakat. Sinaoso mekaten kito ampon rumongso putus asa, kranten ngawali perkawis ingkang sae kedah sabar, nindakaken akhlakul karimah lan telaten.

Wonten kitab Mu’jam Al-Kabir anggitanipun Imam Tabrani nyebutaken:

وروى الطبراني في «الكبير» عن ابن عمر عن النبي - ﷺ - قال: «خَيْرُ النّاسِ أحْسَنُهُم خُلُقًا

Artosipun: Saking Ibn Umar saking Kanjeng Nabi, panjenenganipun ngendiko: sak apik-apike menungso yoiku sing paling apik akhlake

اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَر وَللهِ الْحَمْدُ

Jama’ah sholat Idul Fitri rahimakumullah

Dinten ingkang katah keberkahan meniko ampon ngantos kito gunaaken pamer babakan dunyo, sehinggo nyebabaken tiyang lintu minder lan iri. Kranten sejatine riyadin niku sanes enggale ageman utawi pakaian, ananging raos takwo dumateng Gusti Allah ingkang soyo tambah.

Monggo kito dadosaken riyadin meniko momentum wangsule kito sedoyo dados resik lan suci saking perkawis ingkang kotor. Ugi wonten riyadin meniko kito ginaaken silaturahim, sowan dateng tiyang sepah, sederek, tetanggi kagem nyuwun agenge pangeksami, nyuwun ngapuro kaliyan lintune. Mugi-mugi Gusti Allah maringi kito sedoyo kanugrahan, pengapuro lan ndadosi kito sedoyo seduluran ingkang mbarokahi dunyawi ukhrawi. Amin ya rabbal ‘alamin.

أَعُوْذُ بِا للهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ . بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ. وَالْعَصْرِ إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ

باَ رَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْانِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلأيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ , وَتَقَبَّلَ مِنِّى وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ .إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمِ

Khutbah II

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ

اَللهُ أَكْبَرُ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ، اَللهُ أَكْبَرُ ، اَللهُ أَكْبَرُ ، وَلِلَّهِ الْحَمْدُ اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ مَنَّ عَلَيْنَا بِهَذِهِ الصَّبِيْحَةِ الْمُبَارَكَةِ اللاَّمِعَةِ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ ذِي اْلأَنْوَارِ السَّاطِعَةِ وَعَلَى آلِ بَيْتِهِ الطَّاهِرِيْنَ وَأَصْحَابِهِ الطَّيِّبِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ .أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لا شَرِيك لَه، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسولُه . اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وأصْحابِهِ وَمَنْ وَالَاهْ

أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ تَكُوْنُوْا عِنْدَهُ مِنَ الْمُفْلِحِيْنَ الْفَائِزِيْنَ. وَصَلُّوْا وَسَلِّمُوْا عَلىَ خَاتَمِ النَّبِيّيْنَ وَإِمَامِ الْمُتَّقِيْنَ ، فَقَدْ أَمَرَكُمْ بِذَلِكَ الرَّبُّ الْكَرِيْمُ فَقَالَ سُبْحَانَهُ قَوْلاً كَرِيْمًا: إِنَّ اللَّهَ وَمَلائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا .وَاْعلَمُوْا يَا إِخْوَانِي رَحِمَكُمُ اللهَ أَنَّ يَوْمَكُمْ هَذَا يَوْمُ اْلعِيْدِ وَيَوْمُ اْلفَرَحِ وَالسُّرُوْرِ، فَاشْكُرُوا اللهَ تَعَالَى بِالتَّكْبِيْرِ وَالتَّهْلِيْلِ إِنَّهُ غَفُوْرٌ شَكُوْرٌ، فَقَالَ اللهَ تَعَالَى جَلَّ جَلاَلُهُ عَلِيْمًا، إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِى، يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آَمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْنَ، وَعَلَى آَلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ، وَتَابِعِى التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلِى يَوْمِ الدِّيْنِ، وَارْحَمْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

أَئِمَّتَنَا وَأُمَّتَنَا، وَقُضَاتَنَا وَعُلَمَاءَنَا، وَفُقَهَاءَنَا وَمَشَايِخَنَا، صَلاَحًا تَامًّا عَامًّا، وَاجْعَلْنَا هُدَاةً مُهْتَدِيْنَ اَللَّهُمَّ انْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ اَللَّهُمَّ أَهْلِكْ أَعْدَاءَ الدِّيْنَ، وَأَلِّفْ بَيْنَ قُلُوْبِ الْمُؤْمِنِيْنَ

اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلغَلاَءَ وَالْبَلاَءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَاْلـمُنْكَرَ وَاْلبَغْىَ وَالسُّيُوْفَ اْلـمُخْتَلِفَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَةً وَمِنْ بُلْدَانِ اْلـمُسْلِمِيْنَ عَامَةً إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْئٍ قَدِيْرٌ

عِبَادَ الله. اِنَّ الله يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَ الْإِحْسَانِ وَ اِيْتَاءِ ذِى الْقُرْبَى وَ يَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَ الْمُنْكَرِ وَ الْبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَّكَّرُوْنَ فَاذْكُرُوْا الله الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَ اشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَ لَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ وَ اللهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ

Demikian 3 contoh khutbah Idul Fitri bahasa Jawa 2024 yang dapat menjadi referensi.

Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
92.0 fm
98.0 fm
102.6 fm
93.3 fm
97.4 fm
98.9 fm
101.1 fm
96.7 fm
98.9 fm
98.8 fm
97.5 fm
91.3 fm
94.4 fm
102.1 fm
98.8 fm
95.9 fm
88.9 fm
97.8 fm
101.1 fm
101.8 fm
101.1 Mhz Fm
101.2 fm
101.8 fm