5 Contoh Ikrar Syawalan Halalbihalal Bahasa Jawa 2024 yang Penuh Makna

9 April 2024 13:42 WIB
Ilustrasi halal bihalal atau syawalan.
Ilustrasi halal bihalal atau syawalan. ( Freepik.com)

Salebnetipun dinten riyaya Idul Fitri punika, kula ngaturaken sugeng riyadi, taqabalallahu minna wa minkum.

Mugia Gusti Allah tansah kersa nampi sedaya amal ibadah sarta kesaenan kita ingkang sampun kita tindakaken ing wulan Ramadhan kala wingi.

Salajengipun kula nyuwun pangaksama saking sedaya kalepatan kula, kanthi tulus trusinng batin, kanthi tandes dumugi manah, saestu kula nyuwun agunging pangaksama mugia panjenengan kersa paring pangaksama marang kalepatan kula.

Sematen ugi, bilih panjenengan ingkang kagungan kelepatan dhumateng kula, kanthi lila sarta ikhlasing batin kula sampun apura kalepatan panjenengan sedaya.

Mugya Gusti Ingkang Maha Wikan tansah paring ijabah sarta paring pangaksama saking kalepatan kita sedaya.

Amin, amin, Ya robbal ‘alamin.

Mekaten sarta cekap semanten rumiyin ikrar syawalan ingkang saged kita aturaken. Menawi wonten lepating pangucap sarta wonten tumindak kula ingkang diraos kirang mranani salebeting penggalih, saestu kula nyuwun agunging pangaksama.

Wassalamualaikum warrahmatullahi wabbarakatuh.

Baca Juga: 3 Contoh Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa 2024 yang Menginspirasi

Contoh 3

Kanthi nyuwun ridhonipun Allah SWT kita sedaya ingkang lenggah samia nglenggana gadahi salah, khilaf, lan dosa.

Kanthi punika kita ikhlas ikrar halalbihalal sepuh punapa ingkang anem sami-sami paring lan nyuwun pangapunten antawis satunggal dhumateng sanesipun mugi Allah SWT paring ridho dateng lampah ingkang pinuji punika kanthi kairing donga:

Taqoballahu minna wa minkum, minal aidzin wal faidzin

Mugi-mugi kita sedaya tansah wangsul dateng fitrah lan Allah tansah paring bimbingan dhumateng kita sedaya dateng kasaenan lan pangibadahan.

Contoh 4

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Bismillah alhamdulillah la haula wala quwwata illa billah amma ba’du.

Para rawuh ingkang tansah satuhu kinurmatan, keparenga ing ngriki kula dherekaken kanthi sesarengan ngonjukaken sedaya raos puji sarta puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT.

Dene punapa kula dalah lan panjenengan sami saget nyawiji raos ing adicara Syawalan kagem ngregengaken duginipun Idul Fitri 1445 H menika kanthi kebak nikmat ingkang tanpa pepindan, sehat bregas waras tanpa wonten kirang setunggal punapa.

Samangke, kula ingkang badhe maca, dene panjenengan ingkang sedaya kula ajab lan suwun supados ngambali ingkang kula ucap kanthi sesarengan.

Bismillaahirrahmaanirrahiim.

Asyhadualla ilaaha illallah. Waasyhadu anna Muhammadarrosulullah.

Saderengipun nuwun sewu, kula nyuwun wekdalipun sekedhik kagem matur. Kapisan kagem para kadang sepuh, mugia sungkem pangabekti kula tansah saged dipuntampi dening panjenengan sedaya.

Kaping kaleh kagem para sederek kula ingkang langkung anom lsarta sesami, kawula namung badhe ngaturaken salam taklim dhumateng penjenengan sami.

Ing dinten riyadin punika, inggih dinten Idul Fitri menika, kula badhe matur, taqabalallahu minna wa minkum.

Mugia sedaya amal kesaenan ingkang sampun kita tindakaken sadangunipun wulan Ramadhan saged dipuntampi dening Allah SWT.

Ing kalodhangan dinten punika, ingkang dados wigati, kawula badhe nyuwun aksama saking sedaya kalepatan kula, lahir ugi batin, kanthi raos ikhlas ing salebeting manah, satuhu nyadong pangaksama mugia panjenengan sedaya kersa paring pangapunten dhumateng lepat kula.

Kosok wangsulipun, mbok bilih menawi panjenengan hanggadahi kelepatan dhateng kula, kanthi ikhlas saking lebeting batin kula sampun paring pangaksama dhumateng panjenengan sedaya.

Mugia Gusti Allah kersa paring ijabah saha ampunanipun dhumateng kita sedaya. Amin, amin, Yaa robbalaalamiin.

Mekaten ingkang saged kawula derekaken, nyuwun agunging sih samudraning pangaksami, kawula namung saderma manungsa limrah ingkang kasinungan lepat sarta kekirangan.

Ing Wasana cekap semanten rumiyin saking kula, Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Contoh 5

Bismillaahirrahmaanirrahiim. Asyhadu alla ilaaha illallah. Wa asyhadu anna Muhammadarrosulullah.

Kepareng matur, dumateng Ibu/Bapak sederek sedaya ingkang kaleres sepuh, kula ngaturaken sungkem pangabekti mugi katur ing ngarsa panjenengan.

Dumateng ibu/bapak sederek sedaya ingkang langkung enem lan sesami-sami, kula ngaturaken salam taklim mugi katur ing ngarsa penjenengan.

Ing dinten riyaya Idulfitri 1445 H punika, kula ngaturaken sugeng riyadi, taqabalallahu minna wa minkum. Mugi Gusti Allah nampi sedaya amal ibadah lan amal kesaenan kita ing wulan Ramadan.

Ting kasempatan niki, kula ngaturaken sedaya kalepatan kula, lahir trusing bathos, kanti tandesing manah, saestu nyuwun pangapunten mugiya panjenengan paring pangapunten dumateng kula.

Mekaten ugi, mbok bilih panjenengan, kagungan kelepatan dhumateng kula, kanthi ikhlasing manah kula nyaosakaen pangapunten dumateng panjenengan sedaya.

Mugi-mugi Gusti Allah ngijabahi saha paring maghfirah dumateng kita sedaya. Amin, amin, Ya robbal ‘alamin.

Mekaten ikrar Syawalan ingkang kita aturaken. Katah lepat saha kirang mranani ing penggalih, kula nyuwun agungin pangaksama.

Wabilahittaufiq wal hidayah Wassalamu’alaikum wa rahmatullahi wa barakatuh.

Demikian 5 contoh ikrar syawalan bahasa Jawa yang penuh makna.

Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
92.0 fm
98.0 fm
90.4 fm
102.6 fm
93.3 fm
97.4 fm
98.9 fm
101.1 fm
96.0 fm
96.7 fm
99.8 fm
98.9 fm
98.8 fm
90.8 fm
97.5 fm
91.3 fm
94.4 fm
91.8 fm
102.1 fm
98.8 fm
95.9 fm
88.9 fm
101.8 fm
97.8 fm
101.1 fm
101.8 fm
101.1 Mhz Fm
101.2 fm
101.8 fm
102.1 fm