30 Contoh Soal UAS Bahasa Jawa Kelas 4 Semester 1 Kurikulum Merdeka

4 Desember 2024 12:03 WIB
30 Contoh Soal UAS Bahasa Jawa Kelas 4 Semester 1 Kurikulum Merdeka
30 Contoh Soal UAS Bahasa Jawa Kelas 4 Semester 1 Kurikulum Merdeka ( https://www.kompasiana.com/)

Sonora.ID - Berikut ini contoh soal Ulangan Akhir Semester (UASBahasa Jawa kelas 4 semester 1.

Contoh soal Ulangan Akhir Semester Bahasa Jawa berikut ini terdiri dari 40 soal pilihan ganda yang juga dilengkapi dengan kunci jawabannya.

Dengan begitu dapat digunakan untuk siswa sebagai panduan belajar.

Berikut Sonora.ID melansir contoh soal UAS Bahasa Jawa kelas 4 semester 1 beserta jawabannya:

Lumbung Desa

Lumbung desa pra tani padha makarya

Ayo dhi, njupuk pari nata lesung nyandhak alu

Ayo yu, padha nutu yen wis rampung nuli adang

Ayo kang, dha tumandang yen wus mateng nuli madhang

1. Tembang ing dhuwur irah-irahane … .

a. Nutu pari

b. Swara lesung

c. Para Tani

d. Lumbung Desa

2. Tembang ing dhuwur dumadi saka. . . gatra (baris).

a. 2

b. 3

c. 4

d. 5

3. Piranti kanggo ngolah pari dadi beras ing tembang dhuwur yaiku … .

a. mesin selep

b. mesin giling

c. lesung lan alu

d. lumpang watu

4. Lumbung iku lumrahe kanggo wadhah … .

a. tela, kentang

b. jagung, pari

c. wortel, buncis

d. kacang tanah, kedhele

5. “Yen wus mateng nuli madhang”, tembung madhang basa krama aluse yaiku … .

a. nedha

b. nedhi

c. mangan

d. dhahar

Baca Juga: Soal UAS Ekonomi Kelas 10 Semester 1 Kurikulum Merdeka dan Kunci Jawaban

6. Salah siji cirine tembang dolanan yaiku … .

a. ukarane dawa-dawa 

b. ukarane cekak lan prasaja

c. ukarane endah lan angel

d. cengkok utawa lagune angel

7. Tembang dolanan kudu selaras karo … .

a. keluargane bocah

b. kahanane bocah

c. cita-citane bocah

d. wong tuwane bocah

8. Kaendahane nagari Indonesia ora mung alame, nanging uga ing kabudayan, lan kesenian. Salah siji

tuladha kaendahane seni lan salaras karo bocah-bocah sing seneng dolanan yaiku … .

a. tembang dolanan

b. tembang lagam

c. tembang macapat

d. tembang campursari

9. Tembang dolanan “Gundul-Gundul Pacul” asale saka … .

a. Jawa Timur

b. Jawa Tengah

c. Jawa Barat

d. Kalimantan Selatan

10. “Wakul” iku arane … .

a. wadahe sego

b. wadahe banyu

c. wadahe duwit

d. wadahe piring

11. Bengawan Solo, Serayu, Lukulo iku arane ....
a. segara
b. gunung
c. kutha
d. kali

12. Pacelathon ibu marang bapak, adik marang kangmase. Nggunakake basa . . . .
A krama alus

B krama lugu

C Ngoko lugu

D Ngoko alus

13. Puisi jawa gagrak anyar sing ora kaiket dening paugeran, nanging isih ngugemi rasa kaendahan, diarani . . . .
A cangkriman

B geguritan

C pepindhan

D pacelathon

14. Kumpulan larik ing sak jrone geguritan diarani . . . .
A swasana B pada
C surara D swara

15. Sak jrone geguritan yen diwenehhi tandha ( / ) tegese . . . .
A leren rada suwe

B leren suwe banget

C leren sedhelo

D leren mendek gak ana teruse

Baca Juga: 25 Contoh Soal UAS IPA Kelas 8 Semester 1 Kurikulum Merdeka dan Kunci Jawaban

16.  Sandhangan wignyan (h) manggone ana ing. . .  aksara.

a.      mburine

b.      ngarepe

c.      ndhuwure

d.      ngisore

17.    Gunane sandhangan keret yaiku nulis aksara. . .  pinangka gugus konsonan swara.

a.     ng

b.    h

c.     y

d.    r

18.    tulisaniki zu m h aksara latine yaiku ….

a.       kopyah

b.      ngumah

c.       sirah

d.      munggah

Wacanen tembang ing ngisor iki ! (no 19-20 )

Kabeh kanca kancaku

Yo bebarengan padha sinau

Maca lan nulis kudu ditelateni

Mumpung iseh akeh wektu

Bocah keset bakal bodho

19.  Isi tembangingdhuwuryaiku. . . .

a.    Mumpungisehcilik kudu sregepdolanan

b.    Sinauwektucilikpadhambiyantuwongtuwa

c.    Mumpungisehcilikayopadhasregepsinau

d.    Sinauikumungmacalannulis ben  bodho

20.    P:. . . .?

J: Macalannulis kudu ditelateni.

a.    Sapa sing kudu macalannulis

b.    Nang endimacalannulis

c.    Apategesemacalannulis

d.    Kepriyecaranemacalannulis

21. Nyambut gawe bebarengan diarani …..
a. Rembugan
b. Dolanan
c. Sambatan

d. Gotongan

22. Sinom iku kelebu tembang . . . .
a. pilihan
b. dolanan
c. macapat
d. Wajib

23. Jumlah gatra ing tembang gambuh ana ....
a. papat                             c. Enem
b. lima                              d. Pitu

24. Muslih mengeti dina kelairane.
    Ukara pitakon sing bener . . . .
a. Sapa sing mengeti dina kelairane ?
b. ing ngendi Muslih mengeti dina kelairane ?
c. Kapan Muslih mengeti dina kelairane ?
d. Kenang apa Muslih mengeti dina kelairane ?

25. Bapak lunga menyang surabaya, basa kramane ….
a. Bapak kesah menyang Surabaya
b. Bapak tindak dhateng Surabaya
c. Bapak tindak menyang Surabaya
d. Bapak kesah dhateng Surabaya

Baca Juga: 50 Contoh Soal UAS Bahasa Inggris Kelas 12 Semester 1 Kurikulum Merdeka

26. Ibu maca surat. Krama aluse maca yaiku ….

a. Maos        

b. Nyerat      

c. Serat      

d. Caos

Raden Werkudara

      Raden Werkudara kuwi panenggake Pandhawa. Raden Werkudara kuwi satriya Jodhipati. Dedege Werkudara gagah gedhe dhuwur. Kalebu swarane uga gedhe jumleger. Apa maneh yen pinuju nesu, swarane kaya-kaya njugrukake gunung.
Nanging watake satriya pinunjul banget. Raden Werkudara ora seneng umuk, ora goroh, tur ora nate pamer kekuwatane. Kamangka Raden Werkudara kuwi sekti mandraguna. Wesi gligen wae bisa ditoklek nganggo tangane.
Raden Werkudara uga duwe kuku kang ampuh banget. Kukune mau bisa kanggo nyuwek-nyuwek cangkeme macan sing galak. Kukune Werkudara sing ampuh kuwi jenenge kuku pancanaka.
Sanajan nduweni kekuwatan kang linuwih satriya perkasa iki ora nduweni sifat kang gumedhe. Dheweke malah dhemen tetulung marang wong liya.

27. Sapa panenggake Pandhawa kuwi ?
a. Raden Janaka
b. Raden
c. Raden Puntadewa
d. Raden Nakula

28. Apa piandele Raden Werkudara kang tumemplek ana awake ?
a. Pancasana
b. Panah Pasopati
c. Wesi Gligen
d. Kuku Pancanaka

29. Ing ngendi kasatriyane Raden Werkudara ?
a. Mandakara
b. Pringgondani
c. Jodhipati
d. Madukara

30. Bowo sregep sinau, nanging adhine ....
Tembung sregep kosok baline ....
a. kesed
b. pinter
c. bodho
d. enthengan

Wacan kanggo mangsuli pitakon nomer 31 - 33 !
Sluku-sluku bathok, Bathoke ela-elo
Si Rama menyang Solo, Oleh-olehe payung motha
Mak jenthit lolo lobah, Wong mati ora obah
Nek obah medeni bocah, Nek urip goleka duwit

31. Ira-irahane tembang ing dhuwur yaiku … .

a. Si Rama menyang Solo 

b. Bathoke ela-elo

c. Sluku-sluku Bathok

d. Wong mati orah obah

32. Tembang ing dhuwur dumadi saka … gatra (baris)

a. 7

b. 6

c. 5

d. 4

33. Si Rama menyang Solo, Oleh-olehe … .

a. ora obah

b. ela-elo

c. goleka duwit

d. payung motha

34. Tembang jaranan kagolong tembang … .

a. dolanan b. keroncong c. campursari d. macapat

35. Tujuan utama lan isine tembang dolanan sejatine kanggo menehi piwulang marang bocah bocah ngenani … .

a. Ilmu pengetahuan

b. olahraga

c. ketrampilan

d. budi pekerti

Semaken teks wacan ing ngisor iki gawe mangsuli nomor 36-38 !

Panganan Sehat Ngandhut Gizi

Sabenere wong mangan ora kena mung angger enak lan wareg. Kajaba supaya wareg lan

ngrasakake enak, wong mangan supaya oleh tenaga, njaga kewarasan lan oleh bahan kanggo

ngatur badan. Mulane panganan kudu menuhi sarat sehat lan gizi. Panganan sehat yaiku panganan

kang nyebabake badan dadi sehat, ora keracunan,ora njalari lelara. Panganan gizi yaiku panganan

kang ngandhut zat sing dibutuhake badan.

Panganan sehat kang ngandhut gizi lumrahe banjur diarani papat sehat lima sampurna.

Kang kalebu panganan papat sehat lima sampurna yaiku panganan kang ngandhut karbohidrat,

protein, vitamin, mineral, lan susu. Tuladha panganan kang ngandhut karbohidrat, yaiku: beras,

jagung, uwi, lan tela. Tuladha panganan kang ngandhut protein, yaiku: iwak, daging, endhog,

tahu, lan tempe. Panganan kang ngandhut mineral, yaiku: kangkung, bayem, terong, kobis,lan

sawi.Panganan kang ngandhut vitamin, yaiku: jeruk, gedhang.

36. Wong mangan ora kena angger … lan … .

a. enak : luweh

b. luweh : sregep

c. enak : wareq

d. wareg : luweh

37. Panganan sehat kudu memenuhi sarat … lan … .

a. sehat : gizi 

b. sehat : wareg

c. protein : imunisasi

d. ngombe susu : ngombe sirup

38. Panganan sehat yaiku panganan kang nyebabake badan sehat … lan … .

a. wareg : gizi 

b. gendhut : karbohidrat

c. ora keracunan : ora njalani lelara

d. ora luweh : ora lelara

39. Vitamin C sung emot ing blimbing iku gedhe banget. Tembung “emot” mathuke oleh wuwuhan wujud… .

a. ater – ater ka-

b. seselan

c. ater – ater ko-

d. panambang

40. Bima guyu ndeleng polahe adhine. Tembung “guyu” mathuke oleh seselan wujud … .

a. guyuh

b. gemuyu

c. guyub

d. gumuyu

Baca Juga: 25 Contoh Soal UAS Bahasa Inggris Kelas 11 Semester 1 dan Kunci Jawaban

Kunci Jawaban

1.   D

2.   C

3.   C

4.   B

5.   D

6.   B

7.   B

8.   A

9.   A

10.   A

11.  D

12.  D

13.  B

14.  B

15.  C

16.   A

17.   D

18.   B

19.   C

20.   D

21.    C

22.    C

23.    B

24.    A

25.    B

26.    A

27.    B

28.    D

29.    C

30.  A

31.    C

32.   D

33.   D

34.   A

35.   D

36.   C

37.     A

38.    C

39.    C

40.   D

Baca Juga: 40 Soal UAS/PAS Bahasa Inggris Kelas 9 Semester 1 dan Kunci Jawaban

Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
92.0 fm
98.0 fm