Teks MC Halal Bihalal Keluarga Bahasa Jawa 2025, Singkat Mudah Dihafal

4 April 2025 23:10 WIB
Teks MC Halal Bihalal Keluarga Bahasa Jawa 2025, Singkat Mudah Dihafal
Teks MC Halal Bihalal Keluarga Bahasa Jawa 2025, Singkat Mudah Dihafal ( freepik)

Sonora.ID - Setelah merayakan Idulfitri, tradisi halal bihalal menjadi momen penting untuk mempererat tali silaturahmi, terutama di lingkungan keluarga besar.

Dalam acara ini, biasanya dibutuhkan seorang Master of Ceremony (MC) untuk memandu jalannya kegiatan agar lebih tertib, hangat, dan penuh makna.

Namun, tidak semua orang terbiasa berbicara di depan umum. Karena itu, dibutuhkan teks MC halal bihalal keluarga yang singkat, sederhana, dan mudah dihafal, agar siapa pun bisa membawakannya dengan lancar dan percaya diri.

Tidak hanya menggunakan bahasa Indonesia, teks MC juga bisa menggunakan bahasa Jawa.

Di artikel ini, contoh teks MC halal bihalal bahasa Jawa yang cocok untuk acara keluarga tahun 2025:

 

Teks MC Halal Bihalal Keluarga Bahasa Jawa 2025

Assalamu'alaikum wr wb.

Puji syukur konjuk wonten ing ngayunan pada Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat, hidayah, saha inayah saengga kula dalah Panjenengan sadaya saged kempal ing majlis taklim menika. Inggih krana barokahipun, iman, raos entheng, saha kasarasan, saged ndayani kula Panjenengan sadaya ngayahi kewajiban luhur menika.

Rahmat saha salam tansah konjuk dhumateng junjungan umat Islam nabi akhirul zaman, dhumateng para pen-dherekipun, auliya, wali Allah, suhada wa sholihin, tumedhaki-pun dhumateng para jamaah rahimakumullah. Allahuma amin.

Hadiratun mukkarromun, dhumateng para kiai, alim ulama ingkang tansah kula dhereki fatwa saha wewarahipun, sagung umaroh, sumrambah kaum muslimin wal muslimat ingkang bagya mulya, mugi wontena keparengipun kula ngadeg ing ngri-ki kepareng ndherekaken lampahing adicara pengaosan halal bi halal menggah reroncening pengaosan kados makaten:

1. Pambuka,

2. Waosan ayat suci Al Quran,

3. Tanggap wacana saking pangarsa panitia halal bi halal,

4. Ikrar halal bi halal (syawalan),

5. Wosing pengaosan,

6. Panutup.

Baca Juga: Ribuan Warga OKU Timur Sambut Gubernur Herman Deru dalam Halal Bihalal

Kaum muslimin, rahimakumullah, sumangga acara halal bi halal siyang menika kabikak sesarengan kanthi waosan ummul kula dalah panjenengan Al Fatihah...

Kanthi wasilah waosan ummul Quran kala wau, mugi ambuka manah kula saha Panjenengan sadaya saengga kaparingan gampil nampi pitedah utawi mau'iddahtul hasanah samangke, Amin.

Salajengipun ngancik waosan ayat suci Al Quranul Karim, ingkang badhe dipunslirani dening adhik... saha saritilawah dhimas..., sumangga.

Mugi-mugi krana waosan ayat suci wau, tansah mbabar daya linuwih dhumateng manah kula saha Panjenengan sadaya, sa-engga wonten pajar kalidamar ing madyaning gesang samangke. Mugi-mugi ingkang maosaken pikantuk ridla saking Allah SWT, dene ingkang midhangetaken ingapuran sadaya dosa-dosanipun, Allahumma amin.

Acara salajengipun inggih menika tanggap wacana saking pangarsa panitia halal bi halal. Dhumateng Bapak Sabar Prayitna, kula sumanggakaken Matur nuwun dhumateng Bapak Sabar Prayitna ingkang sampun paring tanggap wacana.

Para rawuh, salajengipun ngancik acara pengaosan, pramila saking menika su-mangga sareng-sareng sumadya nampi mauidhah hasanah, kasuwunaken berkah saking Panjenenganipun Bapak KH Warsitajati. Wekdal sumangga katur sacekapiun... Kanthi tawadlu' ing manah, mbokbilih sampun kacekap, kasuwun amungkasi kanthi donga.

Ikhwani rahimakumullah, adicara gumantya adicara, sampun titi tamat lulus raharja, tansah winongwong ing kamirahaning Allah SWT, pramila sumangga adicara menika katutup kanthi waosan Hamdalah. Mbok bilih kathah galap gangsuling atur saha kithaling tembung ingkang kirang nuju ing pranaja, keparenga nglunturaken sih pangapunten.

Wassalamu'alaikum wr wb.

Demikian ulasan mengenai contoh teks MC halal bihalal keluarga bahasa Jawa 2025 yang singkat dan mudah dihafal. Semoga bermanfaat.

Baca Juga: 3 Doa Halal Bihalal Singkat yang Bisa Diamalkan Saat Silaturahmi

Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
92.0 fm
98.0 fm