Find Us On Social Media :
Contoh geguritan gagrak anyar. (Freepik.com)

Contoh Geguritan Gagrak Anyar yang Singkat dan Berbagai Tema

Arista Estiningtyas - Senin, 27 Februari 2023 | 15:30 WIB

Sonora.ID - Dalam artikel ini kita akan membahas mengenai geguritan gagrak anyar yang merupakan salah satu karya sastra berwujud puisi berbahasa Jawa baru yang dalam penciptaannya diketahui mendapatkan pengaruh dari sastra Indonesia.

Geguritan gagrak anyar ini bersifat bebas dan tidak terikat dengan aturan. Oleh sebab itu, pengarang bisa dengan lebih kreatif dalam memainkan kata-kata dan membuat geguritan ini menjadi lebih indah dan lebih menyentuh pembaca. 

Meskipun karya sastra ini bersifat bebas, pengarang tetap harus mematuhi beberapa aturan yang berlaku seperti menggunakan ejaan bahasa Jawa yang tepat, tidak mengangkat isu SARA, menggunakan bahasa yang sopan dan mudah dipahami oleh para pembaca.

Berikut ini pun kumpulan contoh geguritan gagrak anyar yang singkat lengkap dengan berbagai tema yang dapat digunakan sebagai bahan referensi.

Baca Juga: 5 Contoh Geguritan Bahasa Jawa dengan Tema Pendidikan yang Menginspirasi

Contoh Geguritan Gagrak Anyar

Contoh 1

Kanggo kang Rumangsa

sepira gedhene rasa bungah

sing kok rasakake, nalika sesawangan sing mulane katon endah

padha bubrah merga tumindakmu kang sawiyah

apa banjur kowe bakale rumangsa paling gagah 

sawise kasil ngrusak tatanan sejarah

jaremu aja nganti kekayaane bangsa iki kajarah

dening bangsa liya kang adoh saka omah

nanging kasunyatane tumindakmu ora beda adoh klawan gajah

kang diutus njaga lestarine sawah

samesthine bakal ana bebana gedhe

kang bakal kok tampa samungkure

kembang manca warna ilang saka pekarangane

nanging elinga Gusti ora nate sare

saben-saben tumindak bakal ana piwalese dhewe-dhewe

mula tatagna atimu lan kuwatna rasamu

rikala ketman dayaning siku

samesthine uripmu saiki wis kepenak

bisa mangan sarwa enak

sarta bisa nempil wulune merak

kanggo ngusadani rasa melik para bangsa gagak

nanging kowe kudu eling, merga kekakehen lagak

katentremanmu bakale rusak

kayadene kreweng kang kapidak

wektu iki mesthine sliramu isih bisa ngguyu lakak-lakak

ing sela-selane ngombe kopi lan dolanan skak

terus-terusna anggenmu tumindak nistha

sarta gawe mubal wawa kadurakan ing alam donya

merga tumindakmu bakal merbawani

tekane satriyatama kang bakal mungkasi

sakehing denawa wujud manungsa saka salumahe bumi

sadurunge puputing wengi

rikala kowe sirna layu ilang kertaning bumi