6 Contoh Pidato Bahasa Jawa Singkat dalam Berbagai Tema, LENGKAP!

8 September 2022 10:00 WIB
Ilustrasi berpidato
Ilustrasi berpidato ( https://kaltim.tribunnews.com/)

Sonora.ID – Berikut ini contoh pidato Bahasa jawa singkat berbagai tema yang cocok untuk dijadikan referensi.

Pidato merupakan bentuk komunikasi satu arah yang digunakan untuk mengungkapkan suatu pendapat tentang suatu hal serta mengajak orang lain untuk melakukan yang disampaikan.

Pidato yang bida dibawakan dalam Bahasa Jawa meliputi banyak tema, dikutip dari berbagai sumber, simak ulasannya berikut ini:

1. Contoh pidado Bahasa jawa tentang perpisahan

Assalamualaikum Wr Wb

Bapak Kepala Sekolah ingkang kulo kurmati.
Bapak Ibu Guru Ingkang dahat kinurmatan.
Ugi adik-adik lan rencang-rencang ingkang kulo tresnani.

Alhamdulillah puji syukur tansah kito haturaken dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha Agung, Ingkang sampun angluberaken rahmat sarta hidayah sahinggo kita sedoyo saget makempal wonten ing acara perpisahan niki.

Bapak ibu guru Ingkang kula hurmati, kulo minangka wakilipun putra-putri kelas 3/6/9 ngaturaken agunging panuwun awit keikhlasan saha katresnan Bapak lan Ibu guru anggenipun nggulawentah para siswa saengga saged ngrampungaken kewajiban ingkang sampun kalampahan sadangunipun tiga tahun.

Bapak ibu guru saha adik-adik, sakedhap maleh kulo sarencang ninggalaken pawiyatan punika. Sanadyan sampun pepisahan ingkang ateges tinebih ing netra, mawantu-wantu kulo tansah nyenyuwun supados taksih celak ing penggaleh.

Kula sak konco kelas tiga punika tansah nyenyuwun lan ndedonga adik-adik sedaya kasil anggenipun ngangs kawruh ing pawiyatan punika. Kula minangka wakilipun rencang kelas tiga, tansah nyuwun gungan, mugi-mugi adik-adik sregep anggenipun sinau.

Kulo kinten boten prayogi menawi atur kulo pepanjang, menawi wonten kirang tatakrami anggen kulo matur, kulo nyuwun agunging pangapunten.

Waasalamualaikum Wr Wb.

Baca Juga: 20 Contoh Kalimat Majemuk Bertingkat, Materi Bahasa Indonesia

2. Contoh pidato Bahasa jawa tentang kesehatan

Tiyang ingkang nggadahi karemenan ngisap narkoba menawi dipun tingali saking kesehatan banget meruhi aken dumateng badan kita sedaya. Amargi tiyang ingkang nggadahi karemenan ngisap narkoba meniko gampil kenging penyakit.

Awit meniko kulo ngajak dumateng para warga masyarakat supados ojo sepisan-pisan ngginakaken narkoba lan obat-obatan terlarang meningkat. Monggo kita sedaya gunakaken wekdal sae kagem hal-hal ingkang positif inggih punika maca buku, olah raga sepak bola lan sak panunggalane.

Bapak lan ibu kanca-kanca ingkang kinormatan kanti pangertosan ingkang sampun kulo aturaken menika

Kulo ngajak monggo kito tansah njagi badan kito ampun ngantos ngginaaken barang ingkang dipun larang agama lan pemerintah. Mugo-mugo kito sedoyo dados umatipun ingkang becik.

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarokatu.

3. Contoh pidato Bahasa jawa tentang Pendidikan

Assalamu’alaikum wr.wb

Dhumateng Bapak Kepala Sekolah.

Dhumateng Bapak lan Ibu guru.

Lan dhumateng rencang sedaya ingkang kulo tresnani.

Hadirin ingkang kulo hormati.

Sepindah, sumonggo kito sedoyo tansah muji syukur dumateng ngersane Gusti Allah kang moho luhur, deneng punopo kawulo panjenengan tasih pinaringan pinten-pinten rohmat, taufiq, hidayah, soho inayah sehinggo kito sedoyo saget dateng wonten mriki kanti sehat wal 'afiyat.

Kaping kalih, sholawat serta salam mugi-mugi tetep kaaturaken dateng Nabi Muhammad SAW. Kanti arep-arepan mugio kito niki angsal syafaatipun mbesok ing yaumil qiyamah.

Hadirin ingkang kulo hormati.

Ingkang mengeti Hari Pendidikan Nasional niki, kulo badhe maringi saketik tutur kata tentang pendidikan.

Pendidikan niku identik kaliyan lembaga sekolah, pondhok pesantren, bimbel lan liyane. Wonten ing sekolahan para siswa-siswi diwenehi pendidikan ugi wawasan lmu alam, wawasan ilmu sosial, lan ilmu agama. Ananging pendidikan niku mboten ing sekolah formal mawon, sebab menungso urip meniko kedah selalu belajar wonten ing pundi kemawon tempat.

Baca Juga: 4 Contoh Daftar Riwayat Hidup Tulis Tangan, Singkat, Padat dan Jelas!

Hadirin ingkang kulo hormati.

Pendidikan ingkang penting sanget punika wawasan ugi akhlak budi pekerti, sebab majune zaman generasi penerus bangsa Indonesia niki saya amburadul, saya rusak amargi kurang benteng ilmu agama ugi ilmu akhlak lan tata krama. Mula tugas para guru lan wali murid kudu nemeni anggene ndidik para putra-putri terutama nipun ndidik akhlak supados bener lan pinter.

Hadirin ingkang kulo hormati.

Manfaat pendidikan kagem generasi muda niku katah sanget, inggih punika ndidik supados para siswa saget mangertosi ilmu umum, agama, adab lan ugi tata krama. Mula bocah-bocah sing ora padha gelem sekolah ayo padha diajak supados gelem melbu sekolah maning, sebab menawi putra-putri generasi penerus mboten purun sekolah mangke saget ngrasakke piyambak gelane ora sekolah.

Pun cekap semanten ingkang kulo aturaken, mugi-mugi kulo lan panjenengan sedoyo kalebet tiyang kang pikantuk rahmat, lan ridha ne Allah.

Kirang langkungipun kulo nyuwun pangapura. Wabillahi taufiq wal hidayah.

Wassalamu’alaikum wr.wb

4. Contoh pidato Bahasa jawa tentang lingkungan

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Dumateng bapak kepala sekolah lan ibu guru ingkang kulo hormati.

Dhumateng sedaya kanca ingkang kula tresnani.

Monggo kita ucap puja lan puji syukur dhumateng gusti Allah Swt. ingkang sampun maringi karunia dumateng kita sedaya saenggo saged makempal kanthi lancar.

Hadirin ingkang kulo hormati.

Kita sedaya perlu bahan utawi panggenan. Amargi lingkungan utawi panggenan menika papan kangge nggantungaken urip menungsa. Saenggo, kita sedaya wajib njaga lingkungan supados bumi saged dados panggenan urip ingkang kapenak.

Hadirin ingkang kula hormati.

Kebersihan lingkungan yaiku salah sepindah cara kang apik kangge nyegah penyakit ingkang ngintai rikala musim udan. Sumonggo, kira sregep njaga kebersihan lingkungan.

Cekap semanten kula aturaken. Kula nyuwun pangapunten umpami wonten klenta-klentunipun.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Baca Juga: 14 Contoh Puisi Pendidikan, Ide untuk Tugas Bahasa Indonesia

5. Contoh pidato Bahasa jawa tentang kemerdekaan Indonesia

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Ingkang kinurmatan Bapak Ketua RT 07 / RW 02. Bapak-bapak lan ibu-ibu ingkang minulya saha para murid wedok ingkang kula tresnani lan kono bank akan.

Langkung sepindah sumonggo kita panjatkan puja lan puji syukur maha agung pan sampun paring kesehatan marang kita sedaya saengga kita saget makempal wonten adicara punika tanpo alangan pinunggalanipun. Salajengipun kula aturaken sugeng rawuh malam tirakatan indonesia kaping 72.

Bapak ibu lan sederek sedoyo ingkang kulo hormati. Kita sedaya kados sampun mangertosi sesarengan bilih rikala tanggal 17 agustus 1945 indonesia mbiyawaraaken kamardikan

Para pemimpin bangsa kita punika wusananipun kasil maosaken teks proklamasi.

Bapak-ibu ingkang minulya, panjenengan sedaya kasmaraning menika yaiku saperlu tirakatan. Serta sesarengan nyenyuwun marang gusti allah supados nagari indonesia salajengipun langkung sae tinimbang sakderengipun merdheka.

Wonten kalepatanipun kula nyuwun agunge pangapunten.

Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Baca Juga: Keunggulan Bangsa Indonesia, Mulai dari Kekayaan Sumber Daya hingga Sisi Geostrategis

6. Contoh pidato Bahasa jawa tentang narkoba

Assalamualaikum wr.wb

Ingkang kula hormati Bapak kepala sekolah MTS Boyolali

Ingkang kula hormati Bapak/Ibu guru lan staf TU

Ingkang kula sayangi siswa siswa sekalian

Wonten kesempatan niki, pertama-tama monggo kita sedaya panjatkan puji lan syukur kehadirat Tuhan Yang Maha Esa, amargi atas rahmat dan karunia, kesehatan lan kesempatan kaparingaken dhumateng kita sedaya ing enjing dinten menika kita saged makempal wonten mriki kanthi sehat tanpa alangan setunggal menapa.

Minangka pambuka ingkang badhe kula aturaken ing kalodhangan punika, kula ngaturaken agunging panuwun awit saking wekdal saha kalodhangan ingkang sampun kaparingaken kangge ngaturaken pindato tentang narkoba ingkang dados tema pidato menika.

Narkoba minangka kabeh zat sing bahayani sing bisa ngrusak kesehatan lan bisa nyebabake efek kecanduan kanggo pangguna lan obat terus berkembang liwat proses nganti jinis obat anyar katon lan duwe efek sing luwih mbebayani tinimbang jinis obat sadurunge.

Upaya pemberantasan narkoba wis kerep ditindakake nanging isih sithik kemungkinan kanggo nyegah narkoba saka remaja lan wong diwasa, malah akeh bocah-bocah SD lan SMP sing narkotika.

Kita ngerti, obatan sing bahan kimia gawe ketagihan, ing tembung liyane, nimbulaké kecanduan, siji utawa loro nyoba bisa nggawe pangguna kepepet ing bunder ganas.

Malah ana sing narkotika sing ora sadar yen wis dadi pecandu. Sampeyan wis krungu babagan nyebarake obat-obatan sing kalebu ing bahan permen lan liya-liyane. Ya, iku kejahatan banget kanggo anak-anak kita.

Pramila kula nyaranake supados maneka warni penyuluhan dipuntindakaken wonten ing sekolah-sekolah saha perguruan tinggi babagan bahaya narkoba ingkang saged ngracuni badan kita malah saged nyebabaken pati.

Kita kudu menehi siswa lan siswa aturan sing bakal njeblug para pengedar lan pangguna narkoba.

Informasi babagan paukuman abot lan efek negatif saka narkoba kudu disebarake menyang sekolah.

Bocah-bocah lan siswa kudu ngerti yen obat-obatan kasebut ora duwe pengaruh sing positif lan entuk manfaat sing sithik.

Menawi wonten kalepatan atur kula nyuwun pangapunten. Lan kawigatosanipun, kula ngaturaken agunging panuwun.

Wasalamualaikum wr.wb

 Baca Juga: 65 Contoh Slogan tentang Pendidikan, Kesehatan, dan Motivasi

Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
92.0 fm
98.0 fm
90.4 fm
102.6 fm
93.3 fm
97.4 fm
98.9 fm
101.1 fm
96.0 fm
96.7 fm
99.8 fm
98.9 fm
98.8 fm
90.8 fm
97.5 fm
91.3 fm
94.4 fm
91.8 fm
102.1 fm
98.8 fm
95.9 fm
88.9 fm
101.8 fm
97.8 fm
101.1 fm
101.8 fm
101.1 Mhz Fm
101.2 fm
101.8 fm
102.1 fm