7 Contoh Pacelathon Bahasa Jawa, Lengkap Berbagai Tema

Diperbaharui 19 November 2023 10:03 WIB
Contoh Pacelaton bahasa Jawa.
Contoh Pacelaton bahasa Jawa. ( )

Anang : “Nggih Pak, benjing kula rencangi!”

Ibu : “sing ngati-ati lho Nang!”

Anang : “Nggih Bu!”

Ibu : “Yen wis rampung, Ibu direwangi nandur kembang ya, Nang!”

Anang : “Kembang nopo Bu? Punapa Ibu mundhut?”

Ibu : “Ora, iki kembang olehku nyuwun soko daleme Pak RT.”

Bapak : “Wis Nang, rwangana Ibumu genti!”

Anang : “Nggih Pak..!”

4. Contoh Pacelathon Dua Orang

Joko: "Ndra aku kok ora tau kepethuk bapakmu limang taun iki, piye kabare?"

Indra: "Bapak lagi ora sehat, Jok."

Joko: "Lha ya gene bapakmu?"

Indra: "Bapak wis krasa saya lungkrah wiwit setaun kepungkur."

Joko: "Merga yuswane sing wis sepuh apa merga gerah?"

Indra: "Mbok menawa loro-lorone. Dokter ora bisa nemtokake penyakite bapak nanging yen dakpikir-pikir mbok menawa bapak ora njaga kesehatane kanthi apik pas isih enom."

Joko: "Ya nggenah wae. Njaga kesehatan wiwit awake dhewe isih enom kuwi penting banget."

Indra: "Yakuwi sing kerep dinasihatake bapak marang aku."

Joko: "Muga-muga bapakmu bisa cepet pulih maneh. Salam kanggo bapakmu ya!"

Indra: "Maturnuwun. Mengko dakwelingke salammu marang bapak."

Baca Juga: Contoh Teks Drama Bahasa Jawa yang Mengandung Pesan Moral Menarik

5. Contoh Pacelathon Krama Alus

Bapak : “Lagi apa ta ndhuk?”

Indah : “Nembe sinau Pak, kaleresan menika wonten garapan wucalan Basa Jawi ingkang dereng kula mengertosi”.

Bapak : “Babagan apa ta ndhuk?”

Indah : “Tegesipun nakdherek menika napa Pak?”

Bapak : “Nakdherek iku nakdulur sing tegese sedulur padha embah.”

Indah : “Sedherek sami embah? Menapa kula kaliyan dhik Nana putranipun Pak Dhe Hadi menika ugi saget dipun wastani nakdherek?”

Bapak : “Iya bener nDhuk, lha wong Pak Dhemu kuwi rak kakange ibumu. Dadi kowe karo Nana iku nakdulur.”

Baca Juga: 15 Contoh Tembang Dhandhanggula Dilengkapi dengan Artinya

6. Contoh Pacelathon Bahasa Jawa Tema Pendidikan

Rani: "Sugeng enjang, Bu Eti."

Bu Eti: "Sugeng enjang. Enek apa, Nduk?"

Rani: "Tugas matematika menika menapa siyos ditumpuk dinten niki?"

Bu Eti: "Iya, Nduk, nanging ibu ora bisa koreksi dina iki."

Rani: "Wonten menapa, Bu?"

Bu Eti: "Ibu dina iki ana jadwal rapat neng kantor Diknas, dadi ibu nyuwun tulung tugas kanca-kancamu ditumpuk sik, ya."

Rani: "Oh, inggih, Bu."

Bu Eti: "Tulung ditumpuk urut saka nomer presensi awal, nek wis tumpuken ning nduwur mejane ibu neng kantor."

Rani: "Nggih, Bu. Berarti ulangan dinten niki nggih mboten siyos?"

Bu Eti: "Iya, ulangan tak ganti minggu ngarep, ya."

Rani: "Nggih, bu. Punapa wonten bab ingkang kula saget biyantu malih, Bu?"

Bu Eti: "Wis kuwi wae. Tulung sesok bar bali sekolah ajaken kancamu nggo ngewangi ibu ngoreksi tugas matematika."

Rani: "Inggih, Bu. Mangke kula ajak kanca-kanca."

Bu Eti: "Matur nuwun ya, Le."

Rani: "Inggih, sami-sami, Bu."

7. Contoh Pacelathon bahasa Jawa Tema Lingkungan

Ninda: "Hei, Sidik."

Sidik: "Hei, Ninda."

Ninda: "Kowe lagi ngapa, Dik?"

Sidik: "Aku lagi nandur kembang ki, Nda. Aku njaluk tulung gawakna pot kembang sing neng kana kae isa ora, Nda?"

Ninda: "Oh, iya, Dik, ( Ninda nggawa pot kembange)...Dik, iki pot kembange."

Sidik: "Maturnuwun ya, Nda."

Ninda: "Padha-padha, Dik. Kembang-kembang iki apik tenan ya. Apa iki kabeh duwekmu, Dik?"

Sidik: "Iya. Bapakku mundhutake kembang-kembang iki kabeh kanggo aku, Nda."

Ninda: "Tak ewangi nyirami kembange ya, Dik?"

Sidik: "Wis ora usah, Nda, malah dadi ngrepotake awakmu."

Ninda: "Ora apa-apa, Dik. Aku ki malah seneng lho."

Sidik: "Ya wis, Nda. Kae nek njupuk banyu neng kran wetan kae ya."

Ninda: "Siap, Dik."

Demikian adalah kumpulan contoh pacelathon bahasa Jawa berbagai tema yang bisa kamu pelajari di rumah.

Semoga bermanfaat.

PenulisKumairoh
EditorKumairoh
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
92.0 fm
98.0 fm
90.4 fm
102.6 fm
93.3 fm
97.4 fm
98.9 fm
101.1 fm
96.0 fm
96.7 fm
99.8 fm
98.9 fm
98.8 fm
90.8 fm
97.5 fm
91.3 fm
94.4 fm
91.8 fm
102.1 fm
98.8 fm
95.9 fm
88.9 fm
101.8 fm
97.8 fm
101.1 fm
101.8 fm
101.1 Mhz Fm
101.2 fm
101.8 fm
102.1 fm