7 Contoh Pacelathon Bahasa Jawa, Lengkap Berbagai Tema

Diperbaharui 19 November 2023 10:03 WIB
Contoh Pacelaton bahasa Jawa.
Contoh Pacelaton bahasa Jawa. ( )

Sonora.ID - Sebelum mengetahui contoh pacelathon bahasa Jawa, ada baiknya jika kita meninjau kembali pengertian pacelathon itu sendiri.

Pacelathon sudah lama terdengar dan membaur di kalangan masyarakat, khususnya orang Jawa. Meski demikian, tak sedikit orang yang belum mengetahui pengertiannya.

Pengertian Pacelathon

Pacelathon tegese omongan utawa rembugane wong loro utawa luwih babagan sawehening sebab.

Isine teks pacelathon yaiku podo karo dialog utawa percakapan ing Bahasa Indonesia. Wong Jowo biasane ngatur pacelathon dening tata krama sing biasane diarani unggah-ungguh basa Jawa.

Baca Juga: Arti KW Diancok, Bahasa Jawa yang Viral di Sosmed, Ternyata Kasar!

Apa itu Pacelathon bahasa Jawa?

Pacelathon merupakan pembicaraan atau percakapan antara dua orang atau lebih karena beberapa alasan.

Isi teks pacelathon sama dengan dialog atau percakapan dalam bahasa Indonesia.

Dalam unggah ungguh orang Jawa biasanya dalam penerapan percakapan menggunakan tata bahasa yang nyaman, menyayangi dan menghormati orang lain.

Berikut Sonora.ID rangkum 7 Contoh Pacelathon bahasa Jawa

1. Pacelathon Bahasa Jawa Ibu lan Anak

Ibu : “Ri,tulung tukokne gula lan teh menyang warunge Bu Dhini!”

Hudori: “Nggih, Ibu.”.

Ibu : “Tuku gulane sak kilo wae, ya? Iki takgawani duwit rong puluh ewu”.

Hudori : “Nggih, Ibu! Lajeng tehipun tumbas pinten?”

Baca Juga: 5 Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Beserta Strukturnya

Ibu : “Gula sak kilo Rp 14.000,00. Teh sak bungkus regane Rp. 5.000,00. dadi teh entuk sak bungkus”.

Hudori : “Nggih bu, kulo mangkat niki dipunrencangi Mas Hasan”.

2. Contoh Pacelathon Bahasa Jawa 3 Orang

Berikut ini contoh lain dari pacelathon bahasa Jawa yang diucapkan 3 orang:

Syifa : Umbah umbah ah, seragamku kanggo sesuk kan durung tak umbah.

Hida : Yen umbah-umbah aja boros banyu lo ya!

Syifa : Kena apa?

Hida : Ya kudu ta, kan saiki banyu resik angel golekane, dadi kita ya kudu ngirit banyu

Putri : Bener iku Hida, kita kudu irit banyu saiki.

Syifa : lya wis, aku bakale ngirit banyu.

Baca Juga: Doa Angelus Katolik Dibaca Pagi Siang Sore, Lengkap Bahasa Jawa dan Inggris

Putri : Koe weruh carane ngirit banyu?

Hida : Ya yen wis rampung umbah umbah krane banyu enggal di tutup. Siram siram karo banyu sisa wae. Uga banyu wudhu diwadhahi.

Syifa: Ooh ngono.

Putri dan Hida: lya.

3. Contoh Pacelathon bahasa Jawa Tema Kebersihan

Bapak : “Anang, mrenea! Rewangen Bapak ngresiki plapon iki!”

Anang : “Nggih, Pak! Kula mendhet sapu panjang rumiyin.”

Bapak : “Nang, njupukna andha kanggo ngranggeh panggonang sing reged
dhuwur kae!”

Anang : “Nggih, Pak…, menika andhanipun.”

Bapak : “Kene… kene, galo regede kaya ngana.”

Anang : “Nggih-nggih Pak! Saenipun seminggu sepisan dipunresiki kok Pak!”

Bapak : “Pancen kudune ngono Nang, mulo suk minggu kerja bakti maneh.”

Anang : “Nggih Pak, benjing kula rencangi!”

Ibu : “sing ngati-ati lho Nang!”

Anang : “Nggih Bu!”

Ibu : “Yen wis rampung, Ibu direwangi nandur kembang ya, Nang!”

Anang : “Kembang nopo Bu? Punapa Ibu mundhut?”

Ibu : “Ora, iki kembang olehku nyuwun soko daleme Pak RT.”

Bapak : “Wis Nang, rwangana Ibumu genti!”

Anang : “Nggih Pak..!”

4. Contoh Pacelathon Dua Orang

Joko: "Ndra aku kok ora tau kepethuk bapakmu limang taun iki, piye kabare?"

Indra: "Bapak lagi ora sehat, Jok."

Joko: "Lha ya gene bapakmu?"

Indra: "Bapak wis krasa saya lungkrah wiwit setaun kepungkur."

Joko: "Merga yuswane sing wis sepuh apa merga gerah?"

Indra: "Mbok menawa loro-lorone. Dokter ora bisa nemtokake penyakite bapak nanging yen dakpikir-pikir mbok menawa bapak ora njaga kesehatane kanthi apik pas isih enom."

Joko: "Ya nggenah wae. Njaga kesehatan wiwit awake dhewe isih enom kuwi penting banget."

Indra: "Yakuwi sing kerep dinasihatake bapak marang aku."

Joko: "Muga-muga bapakmu bisa cepet pulih maneh. Salam kanggo bapakmu ya!"

Indra: "Maturnuwun. Mengko dakwelingke salammu marang bapak."

Baca Juga: Contoh Teks Drama Bahasa Jawa yang Mengandung Pesan Moral Menarik

5. Contoh Pacelathon Krama Alus

Bapak : “Lagi apa ta ndhuk?”

Indah : “Nembe sinau Pak, kaleresan menika wonten garapan wucalan Basa Jawi ingkang dereng kula mengertosi”.

Bapak : “Babagan apa ta ndhuk?”

Indah : “Tegesipun nakdherek menika napa Pak?”

Bapak : “Nakdherek iku nakdulur sing tegese sedulur padha embah.”

Indah : “Sedherek sami embah? Menapa kula kaliyan dhik Nana putranipun Pak Dhe Hadi menika ugi saget dipun wastani nakdherek?”

Bapak : “Iya bener nDhuk, lha wong Pak Dhemu kuwi rak kakange ibumu. Dadi kowe karo Nana iku nakdulur.”

Baca Juga: 15 Contoh Tembang Dhandhanggula Dilengkapi dengan Artinya

6. Contoh Pacelathon Bahasa Jawa Tema Pendidikan

Rani: "Sugeng enjang, Bu Eti."

Bu Eti: "Sugeng enjang. Enek apa, Nduk?"

Rani: "Tugas matematika menika menapa siyos ditumpuk dinten niki?"

Bu Eti: "Iya, Nduk, nanging ibu ora bisa koreksi dina iki."

Rani: "Wonten menapa, Bu?"

Bu Eti: "Ibu dina iki ana jadwal rapat neng kantor Diknas, dadi ibu nyuwun tulung tugas kanca-kancamu ditumpuk sik, ya."

Rani: "Oh, inggih, Bu."

Bu Eti: "Tulung ditumpuk urut saka nomer presensi awal, nek wis tumpuken ning nduwur mejane ibu neng kantor."

Rani: "Nggih, Bu. Berarti ulangan dinten niki nggih mboten siyos?"

Bu Eti: "Iya, ulangan tak ganti minggu ngarep, ya."

Rani: "Nggih, bu. Punapa wonten bab ingkang kula saget biyantu malih, Bu?"

Bu Eti: "Wis kuwi wae. Tulung sesok bar bali sekolah ajaken kancamu nggo ngewangi ibu ngoreksi tugas matematika."

Rani: "Inggih, Bu. Mangke kula ajak kanca-kanca."

Bu Eti: "Matur nuwun ya, Le."

Rani: "Inggih, sami-sami, Bu."

7. Contoh Pacelathon bahasa Jawa Tema Lingkungan

Ninda: "Hei, Sidik."

Sidik: "Hei, Ninda."

Ninda: "Kowe lagi ngapa, Dik?"

Sidik: "Aku lagi nandur kembang ki, Nda. Aku njaluk tulung gawakna pot kembang sing neng kana kae isa ora, Nda?"

Ninda: "Oh, iya, Dik, ( Ninda nggawa pot kembange)...Dik, iki pot kembange."

Sidik: "Maturnuwun ya, Nda."

Ninda: "Padha-padha, Dik. Kembang-kembang iki apik tenan ya. Apa iki kabeh duwekmu, Dik?"

Sidik: "Iya. Bapakku mundhutake kembang-kembang iki kabeh kanggo aku, Nda."

Ninda: "Tak ewangi nyirami kembange ya, Dik?"

Sidik: "Wis ora usah, Nda, malah dadi ngrepotake awakmu."

Ninda: "Ora apa-apa, Dik. Aku ki malah seneng lho."

Sidik: "Ya wis, Nda. Kae nek njupuk banyu neng kran wetan kae ya."

Ninda: "Siap, Dik."

Demikian adalah kumpulan contoh pacelathon bahasa Jawa berbagai tema yang bisa kamu pelajari di rumah.

Semoga bermanfaat.

PenulisKumairoh
EditorKumairoh
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
92.0 fm
98.0 fm
90.4 fm
102.6 fm
93.3 fm
97.4 fm
98.9 fm
101.1 fm
96.0 fm
96.7 fm
99.8 fm
98.9 fm
98.8 fm
90.8 fm
97.5 fm
91.3 fm
94.4 fm
91.8 fm
102.1 fm
98.8 fm
95.9 fm
88.9 fm
101.8 fm
97.8 fm
101.1 fm
101.8 fm
101.1 Mhz Fm
101.2 fm
101.8 fm
102.1 fm