10 Contoh Pidato Bahasa Jawa Krama Alus Lengkap dengan Beragam Tema

13 Februari 2023 15:10 WIB
Contoh pidato bahasa Jawa Krama Alus.
Contoh pidato bahasa Jawa Krama Alus. ( Pixabay)

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarokatu.

Contoh 4

Assalamu alaikum warahmatullahi wabarokatuh

Puji saha syukur kita panjataken dumateng Allah subhanahu wa ta’ala ingkang sampun daya rahmat lan hidayahipun kagem kita sedaya. sahinggo kita sedaya saged makempal wonten ing papan punika kanthi keadaan sehat wal afiat.

Kenapa sarto salam mugi katetepna dhumateng nabi muhammad sholallohualaihi wassalam, lan sedaya umatipun dumugi akhir zaman samangkih amin.

Bapak ibu serta kaca-kanca ingkang kinurmatan. Wonten ing mriki kula badhe matur irah-irahan bahaya dipunagem narkoba sarta obat-obatan ingkang dipun larang. Kito sedoyo sampun katerangaken barito ing pawartos tivi sok sintena ingkang ginaaken narkoba bagi dingin bahayanipun narkoba kolo wau. Sawisipun badhe ngrisak badan, kasehatan lan pikiran boten saged dicekek lan sanes-sanesipun gangguan liane.

Tiyang ingkang nggadahi karemenan ngisap narkoba menawi dipun tingali saking kesehatan banget meruhi aken dumateng badan kita sedaya. Amargi tiyang ingkang nggadahi karemenan ngisap narkoba meniko gampil kenging penyakit.

Awit meniko kulo ngajak dumateng para warga masyarakat supados ojo sepisan-pisan ngginakaken narkoba lan obat-obatan terlarang meningkat. Monggo kita sedaya gunakaken wekdal sae kagem hal-hal ingkang positif inggih punika maca buku, olah raga sepak bola lan sak panunggalane.

Bapak lan ibu kanca-kanca ingkang kinormatan kanti pangertosan ingkang sampun kulo aturaken menika

Kulo ngajak monggo kito tansah njagi badan kito ampun ngantos ngginaaken barang ingkang dipun larang agama lan pemerintah. Mugo-mugo kito sedoyo dados umatipun ingkang becik.

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarokatu.

Contoh 5

Assalamualaikum wr.wb

Ingkang kinurmatan bapak RT lan RW Bapak-Bapak, ibu-ibu ingkang minulya saha para wredha mudha ingkang kula tresnani.

Ingkang sepindhah, sumangga kita panjataken puja lan puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos ingkang sampun paring kasehatan marang kita sedaya saengga kita saget kempal wonten acara punika tansah sehat wal’afiat.

Salajengipun, kula aturaken sugeng rawuh wonten acara malam tirakatan Kamardhikan Indonesia ingkang kaping pitung dasa pitu.

Bapak-ibu sarta sedherek-sedherek ingkang kinurmatan, kados sampun kita mangertosi sesarengan bilih rikala tanggal 17 Agustus 1945, Indonesia mbiyawaraaken kamardhikan.

Para pemimpin bangsa punika wusananipun kasil maosaken teks proklamasi kamardhikan Indonesia lan gadhah cita-cita luhur inggih punika sila-sila wonten Pancasila.

Bapak-ibu ingkang minulya, panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan punika, saperlu tirakatan, sesarengan nyenyuwun dhumateng Gusti Allah, mugi-mugi nagari Indonesia saklajenipun langkung sae tinimbang sakderengipun merdheka.

Bapak-ibu, sumangga kamardhikan menika dipunisi kalihan pembangunan ugi watak nasionalisme ingkang katandur ing manah.

Wasana, cekap semanten atur kula. Bilih wonten klenta-klentu anggenipun kula matur, nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Baca Juga: 8 Contoh Cerita Wayang Bahasa Jawa yang Singkat Lengkap dengan Artinya

Contoh 6

Assalamu alaikum warahmatullahi wabarokatuh

Para bapak ibu serta secara sedaya ingkang kinormatan. Ten dalem dinten ingkang dan iki monggo kita sareng-sareng ngaturaken raos syukur dhumateng gusti ingkang maha agung. Maringi nikmat lan rahmat sahinggo ing wekdal punika kita sedaya saget kempal ten meriki panggenan kaperlu ngengeti pendidikan nasional.

Sanget perlu kito sedoyo sumerapi pemerintah kita bangsa indonesia dan dalam kitabipun undang-undang dasar 1945 sampun wonten program pajak belajar kagem sedoyo wargo milahi umur pitung tahun. Uga meniko kito sumerap ing dalem agami kita islam ingkang sampun lami ngantos pinten pinten 4 meniko.

Wekdal nabi tasih gesang nempel wonten program utawi perintah wajib belajar kagem umatipun. Perkara niku dipa sepatu sedaya umat beliau saged dados umat ingkang nggadahi ilmu pengetahuan di sepatu mobilio ingkang apa kang sedya. Boten dados umat ingkang bodoh. Menika uga kado pengendakane nabi dalam riwayat ibnu abdil barr.

Golek ilmu iku senajan ing negeri Cina. Samen terne golek ilmu menika lampu di wajibno ingatasi saben-saben umat islam. Lan sak meter malaikat bakal merendah sayap kagem para umat ingkang golek ilmu sebab arti marang penggawean iku.

Poro hadirin ingkang kinurmatan. Lan kelawan ngengeti dinten pendidikan nasional punika, monggo kito sedaya kula lan panjenengan ningkataken malih anggenipun kito pados ilmu. Nopo niku arupi ilmu agami utawi ilmu pengetahuan. Ilmu ingkang wonten hubunganipun kaliyan gesang ing dunyo kemawon lan wonten ilmu ingkang kaliyan akhirat.

Cukup sementen ingkang saged kula aturaken, bokbilih wonten kalepatan kula nyuwun agungeng pangapura.

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarokatu.

Contoh 7

Assalamualaikum warahmatullahi wabarokatuh bapak-bapak lan ibu-ibu warga kepek ingkang minulya saha para remaja desa ingkang kulo sayangi lan kulo harapke. 

Ayo podho-podho ngaturaken puja lan puji syukur kehadirat gusti Allah SWT ingkang Maha Agung. Alhamdulillah, alhamdulillah, alhamdulillah.

Amargi rahmat ingkang diwenei Gusti Allah kita sedaya saged makempal teng mriki dalam keadaan ingkang sehat sedoyo. Kagem ngelakoni kebiasaan kita sedaya yaiku tirakatan nyambut dirgahayu kemerdekaan republik Indonesia.

Sakniki, malam niki ijinaken kula nyampeaken pidato babagan hal-hal nyangkup kemerdekaan kita sedaya.

Seng kudu dieleng-eleng kamardhikaan utawi kemerdekaan niku ialah hasil ingkang diparingi Gusti Allah lan diperjuangke para pejuang. Kita teng mriki mboten pernah ngalami penjajahan lan angkat senjata nanging kudu hormati kabeh jasa pahlawan. Kamardhikan ingkang kita peroleh niki hasil saking jerih payah pejuang ingkang kudu kita hargai.

Bapak-ibu lan sedoyo remaja ingkang minulya, teng acara malam niki menika kula ajak saperlu tirakatan. Acara tirakatan niki sareng-sareng ayo podho ndongakke jasa pahlawan lan negeri niki tumuju luweh apik. Uga, mugi-mugi negara kita ini saged dados negara ingkang luweh ngerhargai jasa pahlawan ingkang sampun tilar.

Mugi-mugi kita saged manfaataken kemerdekaan ingkang sampun dipun wenehi teng bangsa niki sak apik-apikipun. Mugi kalian saged mbangun babagan bangsa tumuju kemajuan,cekap semanten ingkang saget kula aturaken. Wonten kesalahanipun kula nyuwun pangapunten. Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Contoh 8

Assalamu’alaikum warohmatullohi wabarokatuh

Nuwun bapa utawi ibu kepala sekolah ingkang kula hurmati, undangan bapak utawi ibu guru saha karyawan ingkang kinurmatan. Jalan ada dikelas turunnya rencang ingkang kula tresnani kulo banggaaken. Monggo kito panjataken dalemipun gusti allah ingkang maha agung. Awit ing wekdal menika kita taksih diparingi pinaringan sehat sahinggo ing dalem punika kita saged makempal kanthi pinaringan sehat wal afiat.

Kula minangka wakil saking kelas 6 agungin panuwun tanpa umpami kagem bapak lan ibu guru sedaya. Ahmad jaya katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula lan konco-konco saengga kula lan konco-konco saged ngrampungaken kewajiban wonten ing pawitan menika.

Kula kaliyan konco-konco naming saged memuji, supados sedaya amal lan kesaenan bapak lan ibu guru pikantuk pinwales saking gusti allah ingkang maha kuasa. Saha tansah pinaringan kasarasan kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya.

Boten kasupen kulo kalian konco-koncoku kula nyuwun pangapunten. Dalam menikah pernah asring kagem bapak-ibu guru saiki bapak ibu guru duka lan kuciwa. Alat saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani panggalih panjenengan bapak ibu guru sedaya.

Dumateng bapak utawi ibu guru serta adi-adi sedaya, sapisan malih kula ndedonga kagem gusti ingkang boten aringan rahmat saha barokahing gusti allah.

Wasana cekap semanten ingkang saget kula aturaken menawi kathah kalepatan kula nyuwun pangapunten.

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Contoh 9

Sagung para rawuh ingkang kinurmatan,

Tiyang sepuh nggadhahi kawajiban ingkang wigati lebet perkembangan lare uga kedah tetap nyukakaken wejangan dhateng anak. Sakniki Kathah tawuran, kerengan antara murid siji lan sijini kala menika, nyukakaken pertanda dhumateng kita sedaya menawi tiyang sepuh ugi nggadahi peran lan njagani tresna tentrem utawi cinta damai ing anak kawit awal. Pananeman roso tresna tentrem kawit awal kajengipun anak nggadhahi kelingan gesang tentreman kaliyan sesami.

Pananeman raos tresna tentrem ing anak saged dipun awiati kaliyan nepangaken anak cara kekancan ingkang sae kalih liyanipun sahingga kanca uga tiyang benten. mucalaken anak konjuk mboten nggadhahi raos dendam majeng tiyang benten, mucalaken anak konjuk nggadhahi sportifitas lebet samukawis hal, mucalaken anak konjuk mboten iri kaliyan oran benten utawi kanca sanes.

Mucalaken ing anak konjuk mboten mbedak-mbedakake kanca ingkang setunggal kaliyan ingkang benten, Asring ngemutaken anak babakan dolanan kados outbond badhe mucalaken ing anak menawi anak kedah nduweni sikap sportif, anak kedah kompak kaliyan rencangipun, sami mbiantu, uga gesang sareng lebet ketentreman.

Kaliyan basa tiyang sepuh ingkang saged dipunngerteni anak piyambake sedaya temtu kemawon badhe ndamel anak mangertosi.

Bapak ibu ingang sinuba ingkang kula hormati,

Wiwitan pananeman raos tresna tentrem sekedik-sekedik ing anak badhe nyukakaken penyadaran ing anak ugidini babagan ingetipun gesang tentreman kaliyan tiyang benten. Sahingga meniko dewasa samangkih anak badhe ngelingi uga mboten betah wonten kekerasan lan ugi tawuran konjuk ketika ngrampungi masalah.

Lantaran pidato bahasa jawa cinta damai menika kula aturakan dumateng awak kula piyambak ugi para rawuh sedaya sumangga kita saget langkung ati-ati anggenipun paring piwulangan tumrap putra lan lutri kita sedaya. Cekap sementen, ingkang saget kula aturaken, mbok bilih wonten kalepatan, kula nyuwn agunging pangaksami.

Contoh 10

Assalamu'alaikum Wr. Wb

Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan

Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi.

Para kanca, siswa-siswi ingkang kula tresnani.

Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhumateng Gusti Maha Kuasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun. Kita sadaya taksih saged kempal manunggal kanthi tentrem, bagas, waras, kebak ing kabagyan salebetipun pahargyan pengetan dinten Kartini samangke punika.

Pangetan dinten Kartini wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya. R.A. Kartini pindhanipun sekar ingkang tansah mbabar angambar ganda arum ing bangsa Indonesia. Panjenenganipun punika pangarsa tumrap wanita ingkang karyanipun mligi kangge majengipun wanita wiwit duk rikala bangsa Indonesia taksih dipuncengkerem dening bangsa penjajah.

Labuh lebetipun R.A Kartini saestu luhur sanget tumrap kaum wanita. Langkung-langkung ing wekdal sapunika ingkang taksih kedah meres penggalih kangge majengipun bangsa. Panyengkuyungipun para wanita boten saged dipunremehake, malah kepara langkung bobotipun tumrap pembangunan majengipun bangsa punika.

Pancen sampun dipundokrataken para wanita saha limrah nggadahi raos ingkang kalangkung alus. Sanadyan makaten geget ing manah tansah makantar pindha waja ngudi kautaman. Sadaya punika inggih awit saking pangaribawanipun lelabetanipun Ibu Kartini ingkang sampun tumanem ngerembaka ing mahanipun wanita Indonesia.

Sampun cetha ing panggesangipun bangsa kathah wanita ingkang saged kiprah kadi dene para priya ing babagan warna-warni. Ingkang makaten punika saestu saged damel mongkoging manah.

Kanti makaten punika sumangga kadang-kadang putri sami saged nglajengaken gegayuhan dipunlirwakaken inggih punika tansah ngudi jatidhirinipun putri Indonesia. Putri Indonesia ingkang prasaja, mrantasi sadhengah karya.

Semanten saha makaten atur kula. Mugi sami kepareng maringi pangapunten tumrap sadaya kekirangan lan kelepatan kula.

Baca Juga: 50 Contoh Parikan Bahasa Jawa Lengkap Beragam Tema dan Pesan

Baca berita update lainnya dari Sonora.id di Google News.

Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
92.0 fm
98.0 fm
90.4 fm
102.6 fm
93.3 fm
97.4 fm
98.9 fm
101.1 fm
96.0 fm
96.7 fm
99.8 fm
98.9 fm
98.8 fm
90.8 fm
97.5 fm
91.3 fm
94.4 fm
91.8 fm
102.1 fm
98.8 fm
95.9 fm
88.9 fm
101.8 fm
97.8 fm
101.1 fm
101.8 fm
101.1 Mhz Fm
101.2 fm
101.8 fm
102.1 fm