Cerita Ramayana Bahasa Jawa Lengkap dengan Terjemahan atau Artinya

22 Februari 2023 13:19 WIB
Cerita Ramayana bahasa Jawa.
Cerita Ramayana bahasa Jawa. ( Kemenparekraf)

Teng dhandaka Rama Shinta lan Laksamana taseh ngembara, ngertos Kalamarica dan Rahwana tumut ing ngincer lan godoni Shinta. Banjur Kalamarica nggodo Shinta, ngrubah wujud dados “Kijang Mas”.

Shinta ningali kijang kasebut, banjur ngongkon Rama damel ndemok kijang mas kasebut. Ananging kijang wau malah mlayu ing jero alas, Shinta nyuwun Rama damel ngoyak kijang wau. Laksamana tetep kaleh Shinta.

Sinta nesu, amerga Laksamana mboten tumut Rama ngoyak kijang ing alas. Akhire Laksamana nuruti kepinginane Shinta supados nyusul Rama damel ngoyak kijang ing jero als. Ananging Laksamana ajrih kalian keslametane Shinta, akhiripun Laksamana damel bunderan supados Shinta tetep slamet.

Saksampune Rahwana dugi, banjur jajal nyedeki Shinta, dhekne jajal damel nembus bunderane wau. Ananging Rahwana mboten saget nglampahi bunderan wau. Akhire Rahwana ngrubah wujud dados Brahmana tuwo, engkang tujuan saget narik perhatiane Shinta lan jaluk sedekah.

Rahwana nyedeki Shinta banjur jaluk sedekah. Shinta ngrasa welas, akhire maringi sedekah dateng Brahmana tuwo wau. Nalika maringne sedekah, asthone Shinta ditarik medal sangking bunderan, banjur dibeto mabur kalian Rahwana.

Akhire kedadean perang antara manuk jatayu dan Rahmana. Nanging manuk jatayu kalah, lan kelangan lare loro, banjur rahwana miber mbeto Shinta. Sakwijining niku Laksamana lan Rama wangsul maleh lan ketemu kalian manuk jatayu seng sampun kejet-kejet.

Jatayu nyritaake kedadean wau kalian Rama, nek Shinta diculik dateng Rahwana sakwiswe matur manuk Jatayu mati. Laksamana dan Rama akhirnya semedi pados coro damel nyelametake Shinta.

Rama ketemu kaleh Hanoman, seng nulungi Rama nyelametaken Shinta. Banjur Rama diajak teng Guwo Kiskenda, yaiku omahe Hanoman.

Teng Guwa niku enten rencange Hanoman, engkang asma Sugriwa lan Subali tiang kaleh niku sami remen kaleh Widiawati lan kalih-kalihhipun sami saktine. Akhira tiang kalih niku wau tukaran ngolehke Widiawati. Pas niku Rama kalian Hanoman dugi.

Hanoman ngusahake nyegah Sugriwa lan Subali. Ameri mboten saget nyegah, Hanoman ngongkon Rama manah salah sijine, akhire Subali seng kengeng panah terus mati. Sugriwa taseh kepingin ngutaraake niate teng Rama, yen Sugriwa kepingin nulungi Rama nylametke Shinta.

Halaman Berikutnya
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
92.0 fm
98.0 fm
90.4 fm
102.6 fm
93.3 fm
97.4 fm
98.9 fm
101.1 fm
96.0 fm
96.7 fm
99.8 fm
98.9 fm
98.8 fm
90.8 fm
97.5 fm
91.3 fm
94.4 fm
91.8 fm
102.1 fm
98.8 fm
95.9 fm
88.9 fm
101.8 fm
97.8 fm
101.1 fm
101.8 fm
101.1 Mhz Fm
101.2 fm
101.8 fm
102.1 fm