5 Contoh Pawarta Bahasa Jawa Singkat, Mengandung Unsur 5W+1H

5 September 2023 09:00 WIB
Ilustrasi pawarta bahasa Jawa
Ilustrasi pawarta bahasa Jawa ( unsplash.com)

Sonora.ID - Simak pawarta Bahasa Jawa singkat berikut ini lengkap dengan 5W+1H.

Pawarta dalam bahasa Indonesia yaitu sebuah berita atau laporan tercepat.

Sama seperti teks berita pada umumnya, tujuan dari pawarta yaitu memberikan suatu informasi berdasarkan fakta, aktual, dan tidak dibuat-buat.

Dalam pembuatan sebuah pawarta ada beberapa aturan yang harus dicakup yaitu terdapat unsur 5W+1H.

Untuk lebih jelasnya, Sonora.ID merangkum beberapa pawarta bahasa Jawa singkat berikut ini:

Contoh 1

Dinten Minggu warga padukuhan Pogung Kidul, Melati Sleman ingkang rancak inggih para pria tumut kerja bakti ndamel Paving Konblock.

Konblock menika dipun ndamel saking campuran pasir lan semen ingkang saklajengipun dipuncetak lan dipepe ngantos garing.

 

Ketua RW Pogung Kidul Purwantho mratelaken kerja bakti kados mekaten inggih ajek ditindakaken saben Minggu.

Dene ancasipun inggih kangge nggantos konblock ingkang risak dateng sakuruting margi ing padukuhan.

Awit ngiwatosipun ragat, pramila warga gotong royong ndamel konblock dene ragatipun dipundutaken saking iuran warga padukuhan Pogung Kidul ing saben wulanipun.

Baca Juga: 10 Contoh Puisi Bahasa Jawa atau Geguritan Singkat Berbagai Tema

Contoh 2

Ing kabupaten Pati ana kirab bendara kang dawane 100 meter lan omobone 3 meter diaral saka Stadiun Jayakusuma saka jam setunggal awan nganti setengah sekawan sore ing Alun Alun Pati.

Acara kirab iki diadakake kanggo mengeti Dina Kesaktian Pancasila, 1 Oktober 2018 lan kanggo mbangkitake jiwa nasionalisme pemuda sak niki kang arep luntur.

Minurut Ketua Forum Komunikasu Putra Putri Purnawirawan TNI/POLRI Indonesia (FKPPI) Pati Endang Sri Wahyuningsih ngaturkake yen dheweke matursuwun maran para pihak kang melu acara iki lan sing pedulu karo kegiatan iki. Dheweke pangarep- arep kegiatan kaya ngene iki diadakake setahun pisan.

Contoh 3

Karang taruna desa Mergudadi angger sesasi pisan ngadakake sambatan ngeresiki desa utawa kerja bakti.

Tujuan Kerja bakti iki di adakake yaiku kanggo ngeresiki kalen kang rusoh lan dalan sing akeh sukete.

Sadurunge kerja bakti para anggota karang taruna padha kumpul ing Lapangan Bulutangkis Mergodadi.

Kegiatan iki dipelori Ketua Karang Taruna Doni Arya, deweke duwe pendapat yen kerja bakti iki bisa ngakrabno para anggota karamg taruna lan kegiatan iki bisa kanggo refreshing.

Baca Juga: 5 Contoh Teks Narasi Bahasa Jawa Singkat, Lengkap dengan Pengertian

Contoh 4

Dalan kabupaten saka wilayah Kecamatan Sreseh tumeko kutha Sampang rusak lan podho growok, kendaraan roda 2 utawa roda 4 sing arep liwat ing dalan iku kudu ati-ati lan waspodo.

Sampek saiki dalan iku durung di dandani karo Pemerintah Daerah Sampang.

Saiful (25 taun) warga sing sering liwat dalan iku ngeluhkake bab dalan sing rusak iku.

”Sampek saiki isih rusak padahal dalan iku wes suwe rusak nanging durung di dandani,” ucape Saiful wektu di temoni radar Jawa Pos kala wingi.

Akibat dalan sing rusak iku mau, ndadekno akeh wong sing nganggo kendaraan roda 2 utawa roda 4 ngalami kecelakaan ana ing dalan iku.

Contoh 5

Rambu lalu lintas tambahan dipunpasang petugas Dinas Perhubungan kaliyan Satlantas Polres Karanganyar ing sauruting margi Solo-Surabaya Kilometer sewelas-kalih welas, peneripun ing Desa Nglarangan, Kecamatan Kebakkramat ingkang nembe dipunwiyaraken.

Rambu tambahan dipunpasang kanthi ancas supados warga mboten bingung amargi ing saperangan margi namung kangge setunggal jalur. Kanthi rambu tambahan menika kaangkah saged ngawekani macet kendharaan ndungkap tumapaking mudik lebaran ingkang namung kantun etungan dinten malih.

Kajawi masang rambu enggal ing dasan papan, petugas ugi nggantos dasan rambu ingkang sampun lami utawi risak. Margi Solo-Surabaya ing Kecamatan Kebakkramat menika pancen dados kawigatosanipun petugas amargi gunggung kendharaan ingkang miyos kathah satemah asring kedadosan kacilakan.

Satlantas Polres Karanganyar saha Dinas Perhubungan aprajanji badhe nambah petugas ing papan menika, mliginipun ngancik wekdal mudhik lebaran.

Baca Juga: 6 Cerita Pendek Bahasa Jawa tentang Kehidupan Sehari-hari dan Artinya

Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
92.0 fm
98.0 fm
90.4 fm
102.6 fm
93.3 fm
97.4 fm
98.9 fm
101.1 fm
96.0 fm
96.7 fm
99.8 fm
98.9 fm
98.8 fm
90.8 fm
97.5 fm
91.3 fm
94.4 fm
91.8 fm
102.1 fm
98.8 fm
95.9 fm
88.9 fm
101.8 fm
97.8 fm
101.1 fm
101.8 fm
101.1 Mhz Fm
101.2 fm
101.8 fm
102.1 fm