6 Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Perpisahan Sekolah Kelas 6, 9, dan 12

6 Mei 2024 15:00 WIB
6 Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Perpisahan Sekolah Kelas 6, 9, 12
6 Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Perpisahan Sekolah Kelas 6, 9, 12 ( )

Wonten ing adicara menika, kulo kiyambak tuhu rencang-rencang nyuwun agenging pangapunten sangking Bapak lan Ibu guru amargi wonten ing enem warso ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo utawi mboten disengojo. Mugi-mugi Bapak Ibu guru kerso ngapuntenaken sedoyo kelepatan kulo kaleh rencang-rencang.

Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan kulo nyuwun agengipun pangapunten.

Contoh 2

Sugeng Siang, Bapak Kepala saha Bapak/Ibu guru SD Negeri Bawen 04 ingkang kinurmatan

Saha rencang-rencang ingkang kula tresnani

Purwakaning atur, sumangga kula tansah ngaturaken puja dalah puji syukur dhateng Allah, Gusti Ingkang Maha Asih. Awit sih nugrahanipun, panjenengan kaliyan kula saget makempal wonten Aula SD Negeri Bawen 04 kanthi becik, wilujeng mboten wonten alangan rubeda setunggal punapa.

Para rawuh ingkang kinurmatan, kula minangka wakil kelas enem badhe matur, ingkang kapisan: kula sarencang kelas enem ngaturaken panuwun dhateng Bapak/Ibu Guru ingkang sampun paring ilmu, kapinteran, saha keprigelan lumantar pawiyatan kanthi sabar lan telaten ingkang dangunipun 6 warsa.

Ingkang kaping kalih, kula sarencang nglenggana kathah lepat ing tindak tanduk, tata krama, tata basa saha suba sita ingkang mboten mranani manah Bapak/Ibu Guru. Pramila ing kalodhangan siyang punika kula nyuwun agunging samodra pangapunten.

Kaping tiga, kula sarencang sampun purna ngadepi gladhen Ujian Sekolah ngantos kasil lulus, kepareng kula nyuwun pamit saha donga pangestu Bapak/Ibu guru supados kula sarencang saget nglajengaken pawiyatan dhateng SMP, ing tembe saget mujudaken gegayuhan ingkang luhur.

Bapak/Ibu Guru ingkang kinurmatan, sandyan kula sarencang sampun purna pawiyatan wonten ing SD Negeri Bawen 04, angangin kula sarencang tetep jagi kebecikan saha kaluhuran SD Negeri Bawen 04. Kula sarencang ugi ndonga mugi-mugi adhik-adhik kelas I ngantos kelas V saget mituhu, gemi lan setiti angenipun sinau ing panyuwunan mugi kaparingan berkah kepinteran saha prestasi ingkang sae saking Allah, Gusti Ingkang Maha Wasis.

Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
92.0 fm
98.0 fm
102.6 fm
93.3 fm
97.4 fm
98.9 fm
101.1 fm
96.7 fm
98.9 fm
98.8 fm
97.5 fm
91.3 fm
94.4 fm
102.1 fm
98.8 fm
95.9 fm
88.9 fm
97.8 fm
101.1 fm
101.8 fm
101.1 Mhz Fm
101.2 fm
101.8 fm