6 Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Perpisahan Sekolah Kelas 6, 9, dan 12

6 Mei 2024 15:00 WIB
6 Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Perpisahan Sekolah Kelas 6, 9, 12
6 Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Perpisahan Sekolah Kelas 6, 9, 12 ( )

Wasana cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten atur kula ingkang mboten mranani penggalih sedaya para rawuh, kula nyuwun agunging pangapunten. Nuwun.

Baca Juga: 25 Soal Bahasa Jawa Kelas 3 Semester 2 dan Kunci Jawabannya

Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Perpisahan Sekolah Kelas 9

Contoh 3

Sugeng siyang, ingkang kawulo hormati Bapak Kepala Sekolah lan Bapak Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi lan rencang-rencang kelas 9 ingkang kula tresnani.

Puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha Agung ingkang sampun maringaken kesehatan dateng kito sedoyo dumugi sakmeniko kito sedaya saged dateng wonten ing adicara perpisahan sak manika.

Mboten keraos kolo lan rencang sebrayat sampun nglampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki.

Kula, wakil saking rencang-rencang kelas sanga ngaturaken matur nuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem Bapak Ibu Guru ingkang sampun mbulawantah kulo lan sak konco-konco dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun enem warsa.

Wonten ing adicara menika, kulo kiyambak tuhu rencang-rencang nyuwun agenging pangapunten sangking Bapak lan Ibu guru amargi wonten ing enem warso ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo utawi mboten disengojo.

Mugi-mugi Bapak Ibu guru kerso ngapuntenaken sedoyo kelepatan kulo kaleh rencang-rencang.

Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur.

Bilih menawi wonten kalepatan kulo nyuwun agengipun pangapunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Contoh 4

Assalamualaikum Warrahmatullahi Wabarrakatuh

Puji syukur tansah kita konjukaken dhumateng ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan ugi kasantosan dhumateng kita sedaya, saengga ing dinten punika kita sedaya saged nyawiji raos wonten ing acara pelepasan saha perpisahan siswa kelas 9 SMP.

Mboten kesupen kita aturaken shalawat saha salam dumateng Rasulullah SAW, mugi-mugi sapangatipun dhumateng kita wonten ing dinten akhir.

Bapak Kepala Sekolah saha Bapak/Ibu Guru SMPN 1 Ngunut miwah para rawuh ingkang satuhu kinurmatan, keparenga kula minangka wakilipun siswa kelas 9 ngaturaken sesorah ing kalodhangan menika.

Boten kraos lampahe wektu wis cepet sanget. Kala wingi rasane aku taksih mlebet kelas 7, bisa tepungan klawan kanca anyar, guyon-guyon, guyu-guyu, tepang klawan Bapak-Ibu Guru ingkang boten nate ngraos bosen anggone ndhidhik sarta mulang.

Sepisan mlebet ing sekolah ngriki, mesthinipun nate ndadosaken Bapak lan Ibu Guru bingung pripun carane ndidikit kita supados dados bocah ingkang mandiri sarta saged ngabekti dhumateng tiyang sepuh, agami, bangsa ugi nagara.

Kula minangka sesulihipun saking kanca-kanca kelas 9 badhe ngaturaken raos matur nuwun ingkang tanpa upami kagem para bapak lan ibu guru.

Awit saking sedaya perjuanganipun lan kaekhlasanipun para bapak lan ibu guru ingkang mucal ing sekolahan ngriki, saged dados lantaran anggen kula sakanca pikantuk biji ingkang sae ing Ujian Nasional.

Salajenge kula lan kanca-kanca ugi nyuwun pangapunten menawi sadangunipun sinau wonten ing SMP ngriki kagungan kathah kalepatan, mboten jarang malah ndamel mangkel manahipun para guru.

Kagem kanca-kanca ingkang sampun lulus, sumangga kita nglajengaken pasinaon dhateng SMA utawi sederajat supados saged mujudaken gegayuhanipun.

Ingkang pungkasan kula nyuwun donga pangestu saking Bapak Kepala Sekolah, Bapak saha Ibu Guru, supados kaliyan kanca-kanca sapurnanipun saking pawiyatan ngriki bakal saged njaga arum sekolah ingkang bakal kaukir ing jiwa raga kula salaminya.

Ingkang pungkasan kula nyuwun agunge pangaksami menawi wonten tembung sarta tumindak kula ingkang kirang mranani dhumateng manahipun panjenengan sedaya,

Wassalamualaikum warrahmatullahi wabarrakatuh.

Baca Juga: 4 Contoh Pidato Perpisahan Kelas 9 Bahasa Jawa untuk Ujian Praktek

Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Perpisahan Sekolah Kelas 12

Contoh 5

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Ingkang kinurmatan Kepala SMAN 1 Tulungagung

Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu guru SMAN Tulungagung

Semono uga kanca-kanca lan adhik-adhik sing tak tresnani

Ing dinten niki sumangga kita aturaken puja lan puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT amargi kanthi izin-Nya kita saged nyawiji raos wonten ing adicara perpisahan kelas 12 SMAN…

Kula minangka wakil kelas 12 nyuwun agunging pangapunten awit sedaya kalepatan ingkang sampun kula lampahi nalika wonten ing SMAN 1 Tulungagung warsa… menika dhumateng Bapak Kepala Sekolah, sedaya guru SMAN 1 Tulungagung, rencang-rencang saha kanca-kanca kelas.

Senajan sampun bola-bali ndadosaken kalepatan dhumateng para guru ingkang sampun paring piwulang, panjenengan tansah paring bimbingan, paring nasehat saha ndhidhik kanthi sabar.

Pramila sumangga kita aturaken agunging panuwun dhumateng para guru ingkang sampun dados tuntunan saha pembina.

Kanggo para adhik-adhiku sing tak tresnani, terusna perjuanganmu ing sinau lan aja kesusu. Tansah nuladha guru-guru sing wis mucal, ndhidhik lan nuntun sampeyan.

Sedulur-sedulurku, mbok menawa kita ora bisa dadi tuladha sing apik kanggo sampeyan, mula luwih becik tinimbang kita nganti sampeyan bisa nggayuh tujuan.

Mugi-mugi tansah kelingan saben kenangan ingkang sampun kita lewati wonten ing SMAN menika… sakmenika badhe nglajengaken pawiyatan ingkang langkung inggil. Pungkasan, kula matur lan matur nuwun kanthi sanget.

Waalaikumsalam warahmatullahi wabarakatuh.

Contoh 6

Sugeng siyang, sugeng karaharjan

Dhumateng Bapak Kepala Sekolah, Bapak/Ibu guru saha Bapak/Ibu guru ingkang kula khurmati satulusing ati, ugi para kanca sakelas sing daktresnani.

Ingkang sepisan sumangga kita ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring rahmat saha pangayomanipun ing enjing menika satemah kita saged nyawiji wonten ing adicara perpisahan kelas 12.

Kula wonten mriki mingaka sesulih saking kanca-kanca kelas 12 pengin ngaturaken raos matur nuwun dhumateng para bapak ugi ibu ingkang kersa rawuh ing adicara perpisahan punika.

Salajengipun kula dalah para kanca kelas 12 ugi badhe ngaturaken agunging panuwun dhumateng bapak kepala sekolah saha bapak-bapak guru ingkang sampun nggulawenthah kula sakanca salamine sekolah lan nyecep kawruh ing SMAN 1 Ngunut ingkang kula tresnani .

Ing perangan sanes kula ugi badhe nyuwun samodraning pangaksami ingkang ageng menawi sadangunipun sekolah ing ngriki kathah tumindak lan tembung kula ingkang kirang mranani

Kagem adhik-adhik kelas ingkang rawuh, mugya saged langkung sregep sinau supados bisa luwih unggul tinimbang kakang lan mbak kelasmu.

Slirane kudu njupuk sing apik saka kita lan mbuwang conto sing ala. Ing kalodhangan punika kula nyuwun donga pangestu dhumateng para guru supados kula lan kanca-kanca saged nglajengaken pawiyatan ingkang inggil lan ugi saged ngrengkuh gegayuhan ingkang dipunkajengaken.

Mekaten ingkang saged kula aturaken ing kalodhangan punika. Nuwun sewu menawi lepat tembung lan tumindak. Matur nuwun.

Demikian ulasan mengenai contoh pidato bahasa Jawa tentang perpisahan sekolah. Semoga bermanfaat.

Baca Juga: 5 Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Pendidikan, Singkat dan Mudah Dihafal

Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
92.0 fm
98.0 fm
102.6 fm
93.3 fm
97.4 fm
98.9 fm
101.1 fm
96.7 fm
98.9 fm
98.8 fm
97.5 fm
91.3 fm
94.4 fm
102.1 fm
98.8 fm
95.9 fm
88.9 fm
97.8 fm
101.1 fm
101.8 fm
101.1 Mhz Fm
101.2 fm
101.8 fm