Contoh Khutbah Salat Jumat Bahasa Jawa, Singkat dan Penuh Makna

29 September 2022 13:10 WIB
Ilustrasi contoh khutbah jumat dalam bahasa Jawa
Ilustrasi contoh khutbah jumat dalam bahasa Jawa ( Tribunnews.com)

Bakal tumeka sawijining wektu tumrap umatku, ummatku seneng limang perkara lan nglirwakake limang perkara. 1. Padha tresna marang donya nganti lali marang akherat. 2. Padha seneng urip ing donya iki nganti lali mati 3. Padha tresna omah ing donya iki, nganti lali omah ing kuburan mengko. 4. Padha tresna marang bandane nganti lali marang petungan akhirat. 5. Padha tresna marang makhluk, nganti lali marang Dzat Kang Maha Kuwasa.

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya!

Kemewahan ing urip pancen nggumunake, nggawe akeh wong lali marang awake dhewe. Agama kita sejatosipun mboten nglarang kita nresnani samukawis menawi cinta menika saged nambahi iman lan nyedhak dateng Allah Ta’ala. Kita kudu sadar yen donya iki mung sementara, ora bakal langgeng. Nanging papan kang langgeng iku akhirat, donya iki dudu tujuan, nanging apa sing bakal kelakon mengko, saiki sing bakal nemtokake. Dadi kita kudu nggawe donya iki minangka upaya kanggo nggayuh kabegjan ing akhirat. Ana paribasan al-dunya mazrao’atul akhiroh, yen donya iki dadi panggonan nandur kanggo akhirat. Apa sing bakal kelakon nalika panen teka, apa sampeyan bakal ngunduh woh sing apik? utawa kosok balene ? gumantung carane saiki sing ditandur lan dibudidayakake.. Allah ngandika:

إِن الْمَوْتَ الَّذِي تَفِرُّونَ مِنْهُ فَإِنَّهُ مُلاقِيكُمْ ثُمَّ تُرَدُّونَ إِلَى عَالِمِ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ فَيُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ

“Satemene pati kang sira hindari, banjur sayekti pati bakal nemoni sira, banjur sira bakal dibalekake marang (Allah), kang nguningani barang kang ghaib lan nyata, banjur Panjenengane paring pitutur marang sira apa kang wus sira lakoni”. (Surat Jum’at: 8).

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya!

Kita mesthi seneng duwe omah sing mewah, apik, megah, agama kita uga ora nglarang. Nanging segede-gedhe lan sak apik-apie omah-omah kita, mesthi bakal ditinggal. Kita mesthi bakal manggon ing kuburan. Mula, aja nganti seneng karo omah-omah ing donya iki nganti lali marang omah sing bakal dikubur. Apa bakal apik, ayu, mewah utawa liya-liyane omah kuburan kita mengko, gumantung carane kita nyiyapake saiki kanggo mbangun omah kuburan mengko.

Mesthine mung iman lan amal shaleh sing bakal ndadekake omah kita mengko dadi “raudlah min riyadhil jinan”, miniatur taman surga. Akeh wong sing rumangsa urip ing donya iki, rina wengi tansah nglumpukake bandha, mbangun omah semewah-mewah, kaya-kaya kepengin manggon ing salawas-lawase, nanging jebule ora marem anggone ngrasakake. kepeksa ninggalake, menyang kuburan sing wis lali. Minangka dhawuh dening Allah:

Baca Juga: 25 Contoh Judul Skripsi Kuantitatif, Paling Mudah Dikerjakan

أَلْهَاكُمُ التَّكَاثُرُ * حَتَّى زُرْتُمُ الْمَقَابِرَ *  

“urif sing bermegah-megahan iku nglirwakake sira nganti sira lumebu ing kubur.” (QS. At Takatsur: 1-2)

Pranyata akehe bandha, ora ora bias njamin lestari uripe. Nalika Allah nimbali dheweke ora ana sing bisa nyegah dheweke. Dados griya ingkang kito mbangun, kados pundi kawontenan, sae utawi awon, kedah dipungsinakaken kangge ngibadah dumateng Allah, ugi dados papan panggenan kluarga, insya Allah mugi-mugi manfaat dateng alam kubur mengko.

Kita uga ora bisa nolak tresna marang arta-bandha, agama kita ora nglarang, anggere kita ora nglirwakake tuntunan agama. Kalih ing babagan cara ngasilaken, kanthi makarya miturut aturan mu’amalah, lan kanthi cara ingkang sah, ugi ing pundi panggenan bandha. Kasugihan ingkang kita pikantuk saking usaha kita nyambut damel mboten sakmesthinipun kagungan kita sedaya, ananging wonten hak kangge tiyang sanes ingkang kedah kita aturaken. Pangandikane Gusti Allah:

وَالَّذِينَ فِي أَمْوَالِهِمْ حَقٌّ مَعْلُومٌ * لِلسَّائِلِ وَالْمَحْرُومِ *

“Lan wong-wong kang ing bandhane ana bagean tartamtu, kanggo wong-wong (miskin) sing njaluk lan wong-wong sing ora duwe apa-apa (sing ora gelem njaluk). (Al-Ma’arij: 24-25).

Bahkan Nabi Muhammad SAW ugi paring peringatan dateng tiyang-tiyang ingkang sugih:

ويـل لـلأغـنـيـاء مـن الـفـقـراء يـوم الـقـيـامـة يـقـولـون ربـنـا ظلـمـونـا حـقـوقـنـا التى فـرضـت عـلـيـهـم

“Bilai kanggone wong sugih, yen wong mlarat duwe hak marang awake dhewe. Ing dina kiyamat, wong-wong mau padha sambat marang Allah: “Dhuh Pangeran kawula, tiyang-tiyang ingkang sugih punika sampun nganiaya dhateng kawula, ngrampas hak-hak kawula, boten nindakaken kewajiban ingkang Paduka paringaken dhateng tiyang-tiyang ingkang sugih”.

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya!

Mugi-mugi Allah tansah paring hidayah, kekuatan iman, tansah emut dateng tugase awake dewe gesang wonten ing alam dunyo, tansah mituhu, nderek dawuh-dawuhipun Allah, ugi nderek daten tindak lampahe kanjeng Nabi Muhammad SAW. Mugi-mugi kita dipun paringi hasanah fiddunya ngantos akhirot…amin ya rabbal alamin.

بارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِي وَإِيَّا كُمْ بِااْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, إِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمِ ,  قَالَ تَعَالَى وَهُوَ أَصْدَقُ اْلقائِلِيْنَ,  أَعُـوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ, بِسْـمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ , مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِّن ذَكَرٍ أَوْ أُنثَى وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهُ حَيَاةً طَيِّبَةً, وَقُلْ رَبِّ اْغفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّحِمِيْنَ

Wallahu A'lam

Contoh 2

Khutbah Pertama

اْلحَمْدُ للهِ اْلحَمْدُ للهِ الّذي هَدَانَا سُبُلَ السّلاَمِ، وَأَفْهَمَنَا بِشَرِيْعَةِ النَّبِيّ الكَريمِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لا شَرِيك لَه ذُو اْلجَلالِ وَالإكْرام، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسولُه، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى الِه وَأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين، أَمَّا بَعْدُ: فَيَاأيُّهَا الإِخْوَان، أوْصُيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ، قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا، وقال تعالى: يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. صَدَقَ اللهُ العَظِيمْ

Jamaah ingkang Dirahmati Allah

Alhamdulillah siang meniko kito diparingi awak sehat lan hidayah sahinggo purun rawuh teng masjid. Tujuanipun ngelaksanaaken shalat Jumat berjamaah. Monggo kesempatan meniko kito ginaaken saestu kangge nambahi ajrih utawi takwallah kelawan ngelaksanaaken perintah lan nebbihi awisanipun.

Menawi penjenengan dados perangkat deso, pegawai negeri, pegawai kantoran, tentu semerap. Menawi wonten pengumuman kok disampeaken saben minggu, berarti meniko termasuk penting sanget. Niki wonten pengumuman ingkang disampeaken saben Jumat kalian khatib kangge takwallah. Berarti pesen meniko penting sanget kangge kito perhatosaken lan laksanaaken. Soal nopo manfaate takwa, mboten usah dipadosi. Ingkang langkung penting kadospundi saben dinten lan saben Jumat kito terus berusaha nambah tawallah.

Baca Juga: 5 Contoh Teks Debat beserta Strukturnya, Lengkap dengan Penjelasan

Jamaah ingkang Berbahagia

Di antara wujud takwallah meniko inggih mboten pamer keelekan. Setiap kito tentu anggadai aib masa lalu. Naliko alit mungkin nyolongan, betthik. Wayah umur sekolah sering mbolos, pe-er mboten dilakoni, nyuwun sangu dateng bapak lan ibu, ananging mboten tekan sekolahan. Mondok mungkin inggih enten ingkang dados santri nakal, langganan melanggar peraturan lan lintunipun. Naliko remaja, sering gonta-ganti pacar, boncengan kale tiang estri ngantos tekan luar kota. Duwito wong tuane dicolong saperlu damel nraktir lan ngebosi konco-koncone. Tiyang sepahe ngantos ngelus dodo, mboten kuat nyawang kelakoan anake. Bahkan enten ingkang ngantos sampun berkeluarga tasih selingkuh. Kerjo teng kantor senengane telat, korupsi lan lintune. Niki sampun pansiun saking penggawean, kadang wonten ingkang dereng berubah.

Jamaah Rahimakumullah

Mboten wonten menungso ingkang suci mboten anggadahi cela alias aib utawi kekurangan. Menawi kito manggihi tiang kok sae, sekedik kepireng kekurangane, meniko berarti tasih dirahmati Allah SWT. Rahasiane disimpen rapet kale Gusti Pengeran.

Tapi nopo kewajiban kito menawi sampun semerap mboten wonten ingkang sempurno lan kebak kalian kekurangan? Nabi SW ngimutaken kito sedoto kangge mboten bangga kalian duso ingkang sampun dilakoni. Kekurangan meniko empon ngantos diceritaaken teng tiang sanes, nopo malih dateng anak, putu lan keluarga kelawan bangga. Empon ngantos justru ngumbar eleke awak dateng wong liyo.

 

كُلُّ أُمَّتِي مُعَافًى إِلَّا الْمُجَاهِرِينَ وَإِنَّ مِنْ الْمُجَاهَرَةِ أَنْ يَعْمَلَ الرَّجُلُ بِاللَّيْلِ عَمَلًا ثُمَّ يُصْبِحَ وَقَدْ سَتَرَهُ اللَّهُ عَلَيْهِ فَيَقُولَ يَا فُلَانُ عَمِلْتُ الْبَارِحَةَ كَذَا وَكَذ وَقَدْ بَاتَ يَسْتُرُهُ رَبُّهُ وَيُصْبِحُ يَكْشِفُ سِتْرَ اللَّهِ عَنْهُ

 

Artosipun: Kabeh umatku mu'afa (disepuro dusane), kecuali wong sing ngelakoni duso kelawan terang-terangan. Lan saktemene termasuk ngelakoni duso kelawan terang-terangan inggih niku, ono wong ngelakoni kelakoan maksiat wayah bengi, tapi wayah mlebu waktu isuk ngucap: "Hai, rek! Wingi bengi aku wis ngelakoni maksiat ngini lan ngini. Wong model ngini iki padalah ngelewati bengi kemaksiatane ditutupi Pengeran, ananging wayah isuk bukak kelambu utawi tutupe Allah iku teko awake. (HR Bukhari, no, 6069; Muslim)

Jamaah Rahimakumullah 

Milo ing kesempatan ingkang sae meniko kulo ngajak dateng awak piyambak lan jamaah sedoyo, monggo lereni ngumbar duso. Aku wingi mari nyolong, aku kapanane mari melanggaran aturan pemerintah tapi gak ketangkep. Bangi wingi aku nang kuta gak gawe helm tapi gak opo-opo. Nak, bapak wayah cilik iku ndablek, cong embahmu iki disek pacare akeh. Utawi ngomongi anak cilik, ngumbar aib bapake kancane. Le, bapakmu iku sakjane ndablek, sekolahe sering gak munggah lan kalimat-kalimat lintune ingkang sering kito pirangeken teng pasar lan naliko jagongan.

Rahasianipun kinging punopo kito sami jogo aib lan kekurangan antaranipun, kito mboten marisaken keele'an dateng anak, putu lan keluarga ngantos masyarakat kito. Milo monggo sami jagi rahasia kito sedoyo gih, keranten ancamane saru sanget menawi kito seneng ngumbar keelekan dan duso kito. Mugo kelawan sareng-sareng njagi, kito saghet didosaken insan ingkang mu'afa utawi kaulo ingkang dingapuro.

 

جَعَلَنا اللهُ وَإيَّاكم مِنَ الفَائِزِين الآمِنِين، وَأدْخَلَنَا وإِيَّاكم فِي زُمْرَةِ عِبَادِهِ المُؤْمِنِيْنَ: أعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطانِ

 

الرَّجِيمْ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمانِ الرَّحِيمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ

 

العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ وذِكْرِ الحَكِيْمِ. إنّهُ تَعاَلَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ

Khutbah kedua

اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ. عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ

Baca Juga: Contoh Kata Sapaan dalam Bahasa Indonesia, Lengkap dengan Jenis dan Penjelasannya

 

Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
92.0 fm
98.0 fm
90.4 fm
102.6 fm
93.3 fm
97.4 fm
98.9 fm
101.1 fm
96.0 fm
96.7 fm
99.8 fm
98.9 fm
98.8 fm
90.8 fm
97.5 fm
91.3 fm
94.4 fm
91.8 fm
102.1 fm
98.8 fm
95.9 fm
88.9 fm
101.8 fm
97.8 fm
101.1 fm
101.8 fm
101.1 Mhz Fm
101.2 fm
101.8 fm
102.1 fm