8 Contoh Cerita Wayang Bahasa Jawa yang Singkat Lengkap dengan Artinya

Diperbaharui 1 Oktober 2023 17:39 WIB
Contoh cerita wayang bahasa Jawa.
Contoh cerita wayang bahasa Jawa. ( Kompas)

Artinya:

Arjuna dan Karna adalah petarung yang hebat. Kedua orang tersebut memiliki kemampuan memanah yang tidak tertandingi. Kedua orang tersebut sebenarnya juga adalah saudara. Namun takdir memisahkannya. Takdir tersebut adalah ketika kunti menghanyutkan bayi karna di sungai karena kecerobohannya.

Kelak, pada waktu mendekati perang baratayudha, Karna mengetahui kalau kunti adalah ibunya. Kunti pun menjelaskan semuanya. Kunti menginginkan agar karna nanti tidak membunuh pandawa dalam perang tersebut.

Karna menyanggupi. Ia hanya akan melawan arjuna ketika perang itu dan tidak akan membunuhnya. Arjuna lah yang membunuh Karna ketika perang itu. membunuh kakaknya sendiri.

Contoh 4

Sinta Putri Rahwana

Saben wengi Rahwana nekani kamare Dewi Sinta kanthi sesingidan. Nanging Rahwana ora nate kasil mlebu kamar jalaran ing ngarep lawang kamar tansah dijaga Trijata, putrine Gunawan Wibisana.

Ing sawijining wengi Rahwana nemoni Trijata. Kalodhangan iku digunakake Rahwana takon marang Trijata.

“Trijata, aku pengin takon marang kowe.”

“Kados pripun Gusti Prabu,” wangsulane Trijata.

“Trijata, apa aku kliru, yen aku tresna marang Dewi Sinta?”

“Lepat, Gusti.”

“Apa alesanmu nganti kowe bisa mbiji sing dakrasakake iki kliru?”

“Amargi sayektosipun Dewi Sinta punika putrinipun Gusti Prabu piyambak.”

Wangsulane Trijata iki ndadekake Rahwana kaget banget. Nanging Rahwana ora percaya ngono wae.

“Bener sing kok kandhake kuwi?”

“Leres, Gusti, amargi rama kula piyambka ingkang criyos. Rama kula punika rak nggih titisanipun Batara Wisnu, dados mokal bakal micara goroh.”

Sawise ngerti kasunyatan kaya mangkene. Rahwana mung bisa ngadeg mbisu. Dheweke babar pisan ora ngira yen wanita sing ditresnani lan wani ditohi pati iku pranyata anake dhewe kang lair saka garbane Dewi Tari.

Artinya:

Setiap malam dengan sembunyi-sembunyi Rahwana selalu datang ke bilik Dewi Sinta. Tapi Rahwana tak bisa berbuat lebih jauh karena bilik itu selalu dijaga Trijata, putri Gunawan Wibisana.

Di suatu malam Rahwana menemui Trijata. Kesempatan itu digunakan Rahwana untuk bertanya kepada Trijata.

“Trijata, apakah salah jika aku mencintai Dewi Sinta?” tanya Rahwana.

“Salah, Gusti.”

“Apa alasanmu sampai mengatakan demikian?”

“Sebab, Dewi Sinta adalah putri kandung Gusti sendiri,” jawab Trijata.

Jawaban ini membuat Rahwana kaget bukan kepalang. Tapi Rahwana tidak percaya begitu saja.

“Apakah yang kau tanyakan itu benar?”

“Benar, Gusti. Sebab, ayahanda sendiri yang mengatakannya. Ayah adalah titisan Dewa Wisnu yang tak mungkin berkata dusta.”

Setelah mengetahui kenyataan yang sesungguhnya. Rahwana hanya diam membisu.

Dia sama sekali tak menyangka jika wanita yang begitu dicintainya, yang demi mendapatkan cintanya Rahwana mau mengorbankan nyawa ternyata anaknya sendiri yang lahir dari rahim Dewi Tari.

Baca Juga: Contoh Teks Drama Bahasa Jawa 4 Orang dengan Tema yang Beragam

Contoh 5

Laire Drestarastra, Pandhu Dewanata, lan Widura

Sawise Sentanu seda, tahta Ngastina kaasta dening Citranggada, yaiku putra pambarepe Sentanu saka garwane kang kapindho, Dewi Durgandini/ Setyawati. Putra kandhunge Sentanu, Bisma, dadi penasihat kerajaan. lan mbantu ing paprentahan. Citranggada kagungan garwa cacahe loro, yaiku Dewi Ambika lan Dewi Ambalika. Prabu Citranggada seda nalika isih enom. Citranggada seda nalika Ngastina diserang dening pasukan raseksa kang dipimpin dening raja raseksa sekti kang asmane uga Prabu Citranggada. Raja raseksa iki ora seneng menawa ana raja liya kang asmane padha karo dheweke. Sanadyan raja raseksa iki bisa dipateni dening Bisma, nyawane Prabu Citranggada ora katulung.

Tahta Ngastina sawise Citranggada seda dibacutake dening rayine utawa putrane Durgandini kang kapindho, yaiku Wicitrawirya. Randhane kakange, yaiku Ambika lan Ambalika uga dadi garwane Wicitrawirya. Padha karo kakange, umure Wicitrawirya uga ora dawa. Lagi pirang wulan dadi raja lan dadi garwane Ambika-Ambalika, Wicitrawirya seda amarga lara. Saka garwa kapisan lan kapindhone, Ambika lan Ambalika durung kagungan putra.

Sawise sedane loro putrane iku, Dewi Durgandini banjur golek cara kanggo nyambung garis turune Raja Ngastina. Durgandini ora bisa ndhawuhi Bisma dadi raja jalaran Bisma wis sumpah bakal mbujang salawase. Mula iku, Durgandini banjur ndhawuhi putra saka garwa kapisane, Palasara, yaiku Abiyasa supaya dadi raja. Ora mung dadi raja, Abiyasa uga didhawuhi nggarwa karo randhane Citranggada lan Wicitrawirya, yaiku Ambika lan Ambalika. Sejatine Abiyasa ora pengin dadi raja, nanging dheweke manut jalaran iku kang dikersakake dening ibune.

Wasana, Abiyasa nggarwa karo Ambika lan Ambalika. Ambika lan Ambalika iku putrane Prabu Darmamuka saka Kerajaan Giyantipura/ Kerajaan Kasi. Ambika lan Ambalika sadurunge nggarwa karo Abiyasa, kagungan garwa bagus lan gagah kaya Citranggada lan Wicitrawirya. Beda karo garwa kapisan lan kapindho, garwa kaping telune Ambika lan Ambalika iki elek, ora gagah, kulite kasar, lan ireng. Kahanane beda banget karo garwane sadurunge.

Nalika nglakoni kuwajibane marang Abiyasa, Ambika lan Ambalika ora eklas. Kuwi mau jalaran Ambika lan Ambalika nggarwa karo Abiyasa kanthi kapeksa. Ambika minangka garwa kapisane Abiyasa mesthi nutup paningale nalika ngladeni Abiyasa ing kamar. Jalaran iku putrane lair kanthi wuta, kang dijenengi Drestarastra. Garwane Abiyasa kang kapindho, Dewi Ambalika mesthi melengake pasuryane saka Abiyasa lan pucet nalika nglakoni kuwajibane marang Abiyasa. Putrane lair kanthi gulu kang kaku utawa tengeng lan raine pucet, kang banjur dijenengi Pandhu Dewanata.

Jalaran wis ora gelem ngladeni garwane maneh, kalorone garwane Abiyasa sarujuk prentah dayang istana kang jeneng Drati kanggo ngladeni Abiyasa. Jebule Drati sing banjur didadekna selir uga ora eklas nalika ngladeni Abiyasa minangka garwane. Drati nendhang-nendhangake utawa ndhupak-ndhupakake sikile nalika ngladeni Abiyasa. Mula kuwi anak kang dilairake uga cacat, yaiku sikile dawa sisih, kang dijenengi Yama Widura utawa Widura. Katelu putrane Abiyasa iki lair kanthi awak cacat kabeh jalaran kutukane para dewa amarga katelu garwane ngrasa jijik nalika kudu ngladeni Abiyasa. Sanadyan Abiyasa jabane ora gagah lan ora becik nanging bebudene becik.

Artinya:

Halaman Berikutnya
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
92.0 fm
98.0 fm
90.4 fm
102.6 fm
93.3 fm
97.4 fm
98.9 fm
101.1 fm
96.0 fm
96.7 fm
99.8 fm
98.9 fm
98.8 fm
90.8 fm
97.5 fm
91.3 fm
94.4 fm
91.8 fm
102.1 fm
98.8 fm
95.9 fm
88.9 fm
101.8 fm
97.8 fm
101.1 fm
101.8 fm
101.1 Mhz Fm
101.2 fm
101.8 fm
102.1 fm