8 Contoh Pranatacara Bahasa Jawa Singkat Lengkap Untuk Beragam Acara

2 Maret 2023 15:30 WIB
Contoh pranatacara bahasa Jawa singkat.
Contoh pranatacara bahasa Jawa singkat. ( Pexels)

Sonora.ID - Pranatacara merupakan sosok pembawa acara atau orang yang mengatur dan menyampaikan jalannya sebuah acara.

Sosok pranatacara tentu haruslah sosok yang berani berbicara di hadapan publik dan menguasai materi atau daftar acara.

Materi tersebut harus disampaikan dengan baik menggunakan bahasa yang sesuai dengan acara yang dibawakan.

Supaya materi dapat disampaikan dengan baik, seorang pranatacara dapat menggunakan teks pranatacara yang biasanya terdiri atas beberapa bagian seperti berikut ini.

  • Salam pembuka
  • Salam hormat
  • Pembukaan
  • Isi
  • Penutup
  • Salam penutup

Di bawah ini pun kami sajikan beberapa contoh teks pranatacara bahasa Jawa yang singkat untuk berbagai acara, dikutip dari berbagai sumber.

Baca Juga: Contoh Geguritan Gagrak Anyar yang Singkat dan Berbagai Tema

Contoh Pranatacara Bahasa Jawa Singkat 

  • Bersih Desa

Assalamualaikum wr wb.

Pak Kades, Pak Kadus, Pak RT RW, warga desa ingkang kulo hormati.

Alhamdulillah ing wekdal iki, ingkang nomer setunggal monggo sareng-sareng kita sedaya sami-sami ngucap syukur kangge rahmat kesehatan lan rahmat iman saking Gusti Allah, dados kita sedaya saged sami kempal ing balai desa, mboten kurang setunggalipun kangge bersih-bersih desa.

Adicara dinten niki mangke kita sedaya sami-sami mbersihi desa kangge persiapan sasi Ramadan. Nek desa kita bersih, mangke ngibadah puasa kita sedaya sami nyaman lan tambah khusyuk. Bersih-bersih desa mangke dipimpin dening Bapak Kades lan mangke dibagi per wilayah ingkang dipimpin dening Pak RT, dados acara bersih-bersih saged rampung sedereng Dhuhur.

Cekap semanten atur kula, bilih menika wonten salah kata lan salah perbuatan, kulo pribadi nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum wr wb. 

  • Pengajian

Assalaamu'alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu,

Para pinisepuh saha para sesepuh ingkang satuhu kinabekten rahimakumullah;

Para pangemban pangembating praja tuwin satriyaning negari minangka pandam pandoming kawula ingkang pantes sinudarsana;

Para alim, ulama, saha para kyai ingkang lebda ing pamawas ingkang tansah tinuladha dening para ummat, langkung-langkung wabil khusus dhumateng panjenenganipun almukarrom. ...(nama tokoh yang akan memberikan pengajian/tausyiyah) ingkang tansah kita antu-antu wedharing wursita aji, ingkang dipun mulyaaken Allah;

Para bapak sumrambah para ibu saha para sedherek sedaya kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah.

Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sami manengku puja puji, ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Allah SWT ingkang dumugi ing titiwanci menika taksih kepareng paring nugraha kawilujengan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saha awit paringipun sak sae-saenipun ni'mat arupi iman lan Islam. Innalhamda lillaah.

Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW, para garwa saha putra, para keluarganipun saha para sahabatipun, saengga benjang ing yaumul akhir mugi-mugi kita tansah pikantuk syafaatipun.

Para Bapak, para ibu kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, Keparenga langkung rumiyin kula minangka jejering pambiwara ingkang kapiji nderekkaken titi laksananing adicara Pengaosan............,nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, denea kula cumanthaka nggempil kamardikan saha munggel pangandikan sawetawis, kinarya amurwakani adicara pengaosan ing ndalu punika.

Sak lajengipun, keparenga kula badhe hangaturaken menggah urut reroncening adicara Pengaosan ing titi wanci punika ingkang sampun rinacik saha rinantam kirang langkung mekaten:

Adicara angka sepisan Pambuka.

Kalajengaken adicara ingkang angka kalih, Waosan Kalamullah ingkang sampun sinerat ing Pustaka Suci Al- Qur'an, ingkang samangke badhe kasarirani dening sedher.........

Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja ingkang hamengku gati, ingkang badhe kasarirani sedherek/bapa......... (ketua panitia atau yang ditunjuk)

Adicara ingkang angka sekawan, wedharing pangandikan saking panjenenganipun Bapa/Ibu/Kyai.... (biasanya pejabat tertinggi di lingkungan sini atau orang yang ditokohkan dalam kesempatan pengajian ini).

Minangka pungkasaning titi laksana pengaosan nun inggih panutup.

Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, mekaten menggah urut reroncening titi laksana adicara Pengaosan.............ing. dalu punika. Mugi-mugi adicara ingkang sampun karantam menika sageta lumampah kanti rancag winantu barakahipun Gusti Allah SWT.

Awit saking menika, sumangga kita sareng-sareng ngaturaken pandonga dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT mracihnani bilih pepanggihan dalu punika tumunten kawiwitan. Kinarya murwakani adicara pengaosan menika, sumangga kita ngunjukkan do'a kanti waosan… (basmalah atau bacaan ummul kitab atau dengan do'a lainnya).

Matur nuwun.

Halaman Berikutnya
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
92.0 fm
98.0 fm
90.4 fm
102.6 fm
93.3 fm
97.4 fm
98.9 fm
101.1 fm
96.0 fm
96.7 fm
99.8 fm
98.9 fm
98.8 fm
90.8 fm
97.5 fm
91.3 fm
94.4 fm
91.8 fm
102.1 fm
98.8 fm
95.9 fm
88.9 fm
101.8 fm
97.8 fm
101.1 fm
101.8 fm
101.1 Mhz Fm
101.2 fm
101.8 fm
102.1 fm