6 Teks Khutbah Idul Fitri 2024/1445 H bahasa Jawa: Singkat dan Halus

9 April 2024 15:15 WIB
Kumpulan contoh teks khutbah Idul Fitri 2024 dalam bahasa Jawa yang pendek, halus, dan lengkap berbagai tema.
Kumpulan contoh teks khutbah Idul Fitri 2024 dalam bahasa Jawa yang pendek, halus, dan lengkap berbagai tema. ( freepik/jannoon028)

Mugi kito dados tiyang ingkang pinaringan kemenangan dening Allah SWT.

Hadirin ingkang minulya, Idul Fitri menika wekdal kanggo kito ngintrospeksi diri, nglakoni fitrah manungsa kang suci lan murni.

Kito kedah eling lan waspada, manawa urip menika mung sawetara, lan sesuk utawi mengko kito bakal ketemu kaliyan Pangeran ing yaumil akhir.

Kito sesarengan nguri-uri budaya lan agama, ngajeni sesama, lan ngapura kesalahan sedulur kito, amargi mboten wonten tiyang ingkang sampurna.

Ngapura lan diapura menika wangsulan dhateng ketentraman lan kaharmonisan urip bebrayan.

Pungkasaning atur, mugi-mugi kito saged njaluk marang Gusti Allah SWT supados tansah diparingi kesehatan, kawilujengan, lan iman kang takwa.

Mugi-mugi amal ibadah kito ing sasi Ramadhan dipun tampi dening Allah SWT, lan kito pinaringan kemenangan sajati ing urip lan akhirat.

Wassalamu’alaikum wr. wb.

Teks Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa 4

Assalamu’alaikum wr. wb.

Sedulur-sedulur ingkang kinasih ing Allah,

Saweg ing wekdal Idul Fitri menika, kito dipunparingi kasempatan kangge nyuceni ati lan jiwa saking segala dosa lan kaluputan.

Syawal menehi kito wekdal kanggo mulai lembaran urip anyar kanthi ati sing luwih resik.

Ing momen suci menika, ayo kito silarurahmi lan nyuwun ngapura kesalahan siji lan sijine, supaya kito bisa ngadeg ing sisih.

Gusti Allah kanthi hati sing murni. Ayo kito tandukake kersa kanggo ngajeni, ngayomi, lan nglindungi sesama, amrih bisa nggayuh kehidupan kang luwih tentrem lan harmonis.

Mugi-mugi pangapurane kiti diterimo, lan kito bisa ngemban hidup anyar kanthi pituduh lan ridho saking Allah SWT.

Ayo kito urip mawa tindak tanduk kang becik lan manfaat kanggo kabeh.

Wassalamu’alaikum wr. wb.

Teks Khutbah Idul Fitri bahasa Jawa 5

Riyadine Wong Syukur lan Sabar

Khutbah I

اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ

اَللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ ِللهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ

اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ وَفَّقَنَا ِلإِتْمَامِ شَهْرِ رَمَضَانَ وَأَعَانَناَ عَلىَ الصِّيَامِ وَالْقِيَامِ وَجَعَلَنَا خَيْرَ أُمَّةٍ أُخْرِجَتْ للِنَّاسِ. نَحْمَدُهُ عَلَى تَوْفِيْقِهِ وَهِدَايَتِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُ الْمُبِيْنُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ خَاتَمُ النَّبِيِّيْنَ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْن

أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ، وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ: أَعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ، بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ  وَلَقَدْ اٰتَيْنَا لُقْمٰنَ الْحِكْمَةَ اَنِ اشْكُرْ لِلّٰهِ ۗوَمَنْ يَّشْكُرْ فَاِنَّمَا يَشْكُرُ لِنَفْسِهٖۚ وَمَنْ كَفَرَ فَاِنَّ اللّٰهَ غَنِيٌّ حَمِيْدٌ

Hadirin Jamaah Idul Fitri ingkang minulyo

Monggo kito sareng-sareng ningkatake raos takwo dumateng Gusti Allah kanti ngelampahi perintahipun lan nebihi awisanipun supados pikantuk kabegjan dunyo akhirat. Wonten injang meniko kito sedoyo keluberan bahagio lan kaberkahan kranten dinten meniko waosan takbir tahmid dikumandangaken wonten daerah pundi kimawon.

Gusti Allah dawuh:

وَإِن تَعُدُّوا نِعْمَةَ اللَّهِ لَا تُحْصُوهَا ۗ إِنَّ اللَّهَ لَغَفُورٌ رَّحِيمٌ (النحل: ١٨)

Artosipun: Lamun siro kabeh arep ngitung nikmate Allah, mongko siro kabeh ora bakal iso ngitung, saktemene Gusti Allah iku dzat pengapuro tur welas asih.

Peparing arupi iman, islam, paseduluran, guyub, rukun lan tulung-tinulung meniko setengah saking nikmat agung ingkang sering kito laliaken. Sejatine nikmat kasebat niku kedah disyukuri kanti tindak lampah ingkang sae, ngabekti dumateng perintah Gusti Allah lan dawuh Rasulullah.

اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ، وَاللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah

Poso Ramadhan ngelatih kito supados dados tiyang ingkang syukur lan sabar; Syukur saget ngeraosaken nikmate buko poso nalikane dumugi maghrib; Sabar saget ngeker dahar nginum, serto sedoyo perkawis ingkang saget mbatalake poso. Sabar meniko sampun disebataken wonten surat Al-Baqarah ayat 153:

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اسْتَعِينُوا بِالصَّبْرِ وَالصَّلَاةِ ۚ إِنَّ اللَّهَ مَعَ الصَّابِرِينَ

Artosipun: Hei wongkang podo iman, amrih pitulungo siro kabeh (dumateng Gusti Allah) kelawan sifat sabar lan shalat, saktemene Gusti Allah sertane wongkang podo sabar.

Ayat meniko negesaken bilih wongkang podo iman dipun printah nyuwun pitulung Gusti Allah supados diparingi sifat sabar ingatase nebihi pendamelan maksiat, duso, lan sedoyo cubo ingkang tumibo. Lan dipun paringi ajeg shalat amergi saget nyegah tindak lampah awon. Ringkese, tiyang ingkang ngelampahi sabar disarengi pitulunge Gusti Allah.

Lajeng ayat babakan syukur dipun sebataken wonten surat Luqman, ayat 12:

وَلَقَدْ اٰتَيْنَا لُقْمٰنَ الْحِكْمَةَ اَنِ اشْكُرْ لِلّٰهِ ۗوَمَنْ يَّشْكُرْ فَاِنَّمَا يَشْكُرُ لِنَفْسِهٖۚ وَمَنْ كَفَرَ فَاِنَّ اللّٰهَ غَنِيٌّ حَمِيْدٌ

Artosipun: Lan ingsun (Allah) wes paring ilmu hikmah maring Luqman, tegese, syukuro dumateng Gusti Allah, lan sopo wonge syukur dumateng Allah, mongko saktemene wong iku syukur maring awake dewe, lan sopo wonge ora syukur, mongko saktemene Gusti Allah iku dzat kang semugih tur pinuji.

Sebagian ulama tafsir nyebatake Ilmu hikmah ingkang diparingake dateng Luqman nggih meniko paham babakan agomo. Lajeng kedah dipun syukuri. Syukur artose ngelem, muji nikmate Gusti Allah.

اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ، وَاللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ

Hadirin ingkang minulyo

Sifat syukur lan sabar dipun ngendikaaken Kanjeng Nabi wonten Sahih Muslim:

عَنْ عَبْدِ الرَّحْمَنِ بْنِ أَبِي لَيْلَى عَنْ صُهَيْبٍ قَالَ قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ عَجَبًا لِأَمْرِ الْمُؤْمِنِ إِنَّ أَمْرَهُ كُلَّهُ خَيْرٌ وَلَيْسَ ذَاكَ لِأَحَدٍ إِلَّا لِلْمُؤْمِنِ إِنْ أَصَابَتْهُ سَرَّاءُ شَكَرَ فَكَانَ خَيْرًا لَهُ وَإِنْ أَصَابَتْهُ ضَرَّاءُ صَبَرَ فَكَانَ خَيْرًا لَهُ

Artosipun: Saking Abdurrahman bin Abi Laila saking Suhaib, piyambake dawuh, Rasulullah ngendiko: Buh gawuk tenan marang perkarane wong mukmin, saktemene sekabehane perkarane wong mukmin iku apik lan ora onok wong liyo kang nduweni kejobo wong mukmin; naliko merkoleh kesenengan, mongko syukur lan iku apik tumrap piyambake; naliko ketimpo musibah, mongko sabar lan iku apik tumrap piyambake

Dinten ingkang kito lampahi sakmangken saget diwastani dinten riyadine tiyang ingkang syukur lan sabar, keranten tiyang ingkang angsal kesenengan arupi jembar rejekine lan tiyang ingkang susah mergo musibah dipun kempalake ingdalem tulung-tinulung, welas asih, sehinggo sedoyo sami muji, ngelem dumateng Gusti Allah.

Akhiripun, tiyang ingkang angsal kesenangan saget berbagi kaliyan tiyang ingkang susah mergo musibah lan saget ditulung kaliyan tiyang ingkang jembar rejeki lan manahipun. Saking meniko sabar lan syukur saget ditularaken kesaenane kagem sinten kimawon. Mugi kito kalebet kawulane Gusti Allah ingkang syukur lan sabar. Amiin.

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ . بسم الله الرحمن الرحيم يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اسْتَعِينُوا بِالصَّبْرِ وَالصَّلَاةِ ۚ إِنَّ اللَّهَ مَعَ الصَّابِرِينَ

بَارَكَ الله ُلِيْ وَلَكُمْ فِيْ القُرْآنِ العَظِيْمِ وَنَفَعَنيِ وَاِيّاَكُمْ بِمَافِيْهِ مِنَ الذِّكْرِ الحَكِيْمِ. وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ. وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ

Khutbah II:

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ

اَللهُ أَكْبَرُ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ، اَللهُ أَكْبَرُ ، اَللهُ أَكْبَرُ ، وَلِلَّهِ الْحَمْدُ اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ مَنَّ عَلَيْنَا بِهَذِهِ الصَّبِيْحَةِ الْمُبَارَكَةِ اللاَّمِعَةِ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ ذِي اْلأَنْوَارِ السَّاطِعَةِ وَعَلَى آلِ بَيْتِهِ الطَّاهِرِيْنَ وَأَصْحَابِهِ الطَّيِّبِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ .أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لا شَرِيك لَه، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسولُه . اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وأصْحابِهِ وَمَنْ وَالَاهْ

أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ تَكُوْنُوْا عِنْدَهُ مِنَ الْمُفْلِحِيْنَ الْفَائِزِيْنَ. وَصَلُّوْا وَسَلِّمُوْا عَلىَ خَاتَمِ النَّبِيّيْنَ وَإِمَامِ الْمُتَّقِيْنَ ، فَقَدْ أَمَرَكُمْ بِذَلِكَ الرَّبُّ الْكَرِيْمُ فَقَالَ سُبْحَانَهُ قَوْلاً كَرِيْمًا: إِنَّ اللَّهَ وَمَلائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا .وَاْعلَمُوْا يَا إِخْوَانِي رَحِمَكُمُ اللهَ أَنَّ يَوْمَكُمْ  هَذَا يَوْمُ اْلعِيْدِ وَيَوْمُ اْلفَرَحِ وَالسُّرُوْرِ، فَاشْكُرُوا اللهَ تَعَالَى بِالتَّكْبِيْرِ وَالتَّهْلِيْلِ إِنَّهُ غَفُوْرٌ شَكُوْرٌ، فَقَالَ اللهَ تَعَالَى جَلَّ جَلاَلُهُ عَلِيْمًا، إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِى، يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آَمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْنَ، وَعَلَى آَلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ، وَتَابِعِى التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلِى يَوْمِ الدِّيْنِ، وَارْحَمْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ، وَاْلـمُسْلِمِيْنَ وَاْلـمُسْلِمَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ أَئِمَّتَنَا وَأُمَّتَنَا، وَقُضَاتَنَا وَعُلَمَاءَنَا، وَفُقَهَاءَنَا وَمَشَايِخَنَا، صَلاَحًا تَامًّا عَامًّا، وَاجْعَلْنَا هُدَاةً مُهْتَدِيْنَ اَللَّهُمَّ انْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ اَللَّهُمَّ أَهْلِكْ أَعْدَاءَ الدِّيْنَ، وَأَلِّفْ بَيْنَ قُلُوْبِ الْمُؤْمِنِيْنَ

اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلغَلاَءَ وَالْبَلاَءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَاْلـمُنْكَرَ وَاْلبَغْىَ وَالسُّيُوْفَ اْلـمُخْتَلِفَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَةً وَمِنْ بُلْدَانِ اْلـمُسْلِمِيْنَ عَامَةً إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْئٍ قَدِيْرٌ

عِبَادَ الله. اِنَّ الله يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَ الْإِحْسَانِ وَ اِيْتَاءِ ذِى الْقُرْبَى وَ يَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَ الْمُنْكَرِ وَ الْبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَّكَّرُوْنَ فَاذْكُرُوْا الله الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَ اشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَ لَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ وَ اللهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ

Teks Khutbah Idul Fitri bahasa Jawa 6

Wangsul Dateng Fithrah

Jama'ah shalat 'Ied ingkang minulya.

Langkung rumiyin kula aturaken:

تفبل هللا منا ومنكم

Mugi Allah kersa nampi amal ibadaah saking kula lan panjenengan sedaya lan

من العائدين الفائزين املقهبولني

Mugi Allah kersa ndadosaken kita sedaya tiyang ingkang wangsul dateng fithrah (dateng asal kedadosan kita) ingkang angsal kabegjan lan ingkang dipun tampi amal ibadahipun. Amien.

اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ، وَاللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ

Jama'ah shalat 'Ied ingkang minulya.

Kangge duka ingkang kaping pinten, enjang punika kita saged nglampahi 'Iedul Fithri.

'Iedul Fithri bade tansah kedadosan malih saben tahun, mila mesti wonten hikmah utawi piwucal ingkang saged kita pendhet saking mriku.

Piwucal ingkang saged kita pendet kanthi cepet inggih punika piwucal supados kita wangsul dateng fithrah kita minangka manungsa, wangsul dateng asal mula bukanipun manungsa, sinten sejatinipun, lan kangge napa wontenipun.

Ingkang kawitan, fithrahipun manungsa punika makhluk ingkang dipun damel dening Gusti Allah.

Mboten jalaran kita ingkang kepengin lajeng kita wujud. Ugi mboten jalaran kepenginipun bapak ibu.

Nyatanipun, mboten saking kawitan kita ngertos bilih kita punika manungsa.

Tunggu ngantos paling mboten pitung tahun kita nembe ngertos bilioh kita punika manungsa.

Nyatanipun, kathah lare ingkang lahiripun mboten dipun kepengini bapak ibunipun, nembe lahir lajeng dipun bucal ber, utawi dipun tilar lar, utawi malah awit taksih wonten lebet wetengan, tiyang sepuhipun sampun ngupayaaken sak sagedipun bade ngguguraken.

Sewangsulipun, kathah tiyang sepuh ingkang ngotot sanget supados gadhah anak ingkang mangkenipun bade dados manungsa, tah nyatanipun mboten kasil.

Dados, sepisan malih, ingkang kawitan kedah dipun sadari, manungsa, kita sedaya nggih manungsa, punika makhluk, dipun damel, dipun ciptaaken.

اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ، وَاللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ

Jama'ah shalat 'Ied ingkang minulya.

Wonten ingkang dipun damel mesthi wonten ingkang ndamel. Wonten makhluk mesthi wonten Al-Khaliq.

Al-Khaliq nyiptaaken manungsa mesthi mboten namung iseng utawi dolanan tanpa hikmah lan tanpa tujuan.

Wonten surah Al-Mu'minun 115 Allah Ta'ala ngendika:

أَفَحَسِبْتُمْ أَنَّمَا خَلَقْنَٰكُمْ عَبَثًا وَأَنَّكُمْ إِلَيْنَا لَا تُرْجَعُونَ

"Terus, apa kowe kabeh ngira menawa Ingsun nyiptaaken kowe kabeh mung nggo dolanan thok? Lan menawa kowe kabeh ora arep dibalekake maring Panjenengan Ingsun?"

Mesthi mawon mboten nggih?

Lajeng tujuan dipun damelipun manungsa punika kanthi cetha dipun ngendikaaken Gusti Allah wonten surat Adz-Dzariyat, 56:

وَمَا خَلَقْتُ ٱلْجِنَّ وَٱلْإِنسَ إِلَّا لِيَعْبُدُونِ

"Lan Ingsun ora nyiptaaken jin lan manungsa kejaba supaya jin lan manungsa mau pada ngawula bekti maring Panjenengan Ingsun."

Dados, sak sampunipun kita, para manungsa ngaku minangka makhluk, kita mboten kenging ngliruwaken tujuan kita diciptaaken, nggih punika ngawula bekti, ngibadah.

Manungsa ingkang mboten purun ngawula bekti dateng Gusti Allah ingkang sampun ndamel piyambake, berarti mboten ngertos utawi mboten nyadari fithrahipun.

Amargi kathah tiyang ingkang kados mekaten, mila Gusti ingkang Maha Mirah lan Welas Asih kanthi ajeg lan teras-terasan maringi pepeling supados manungsa mboten kebablasen mboten ngertos lan mboten sadar.

Pepeling kala wau nggih 'Iedul Fithri punika.

اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ، وَاللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ

Jama'ah shalat 'Ied ingkang minulya.

Arti ngawula bekti punika ndadosaken awak kota dados kawulanipun gusti ingkang dipun kawulani.

Gusti ingkang dipun kawulani mboten sanes nggih Gusti Allah.

Ngawula dateng Gusti Allah mboten cekap naming ngaken dados kawulanipuin thok.

Ngawula punika kedah purun tansah nglampahi dhawuhipun lan nebihi awisanipun.

Tiyang ingkang sampun saged kados mekaten kawastanan 'muttaqien' wong kang takwa.

Lan menikalah tujuan kita didhawuhi siyam kados ingkang nembe kita lampahi.

Tujuan punika, Insya Allah, mboten mustahil saged dipun kasilaken sinten kemawon uger nalika siyam tiyang wau buka lan sauripun ingkang halal lan mboten nate ngendikan ingkang awon lan mboten nglampahi ingkang mboten sae.

Timbang ngendikan ingkang awon langkung sae mendel lan timbang nglampahi ingkang mboten sae langkung sae tilem.

Kewajiban ngawula dateng Allah keraos sanget pribadi, kangge piyambak thok.

Ing mangka manungsa punika makhluk ingkang langkung remen gesang sesarengan.

Mila mesthi wonten kewajiban sanes ingkang murakabi dateng masyarakat.

Punapa niku? Nalika Gusti Allah bade nyiptaaken manungsa, ngendika:

إِنِّي جَاعِلٌ فِي الْأَرْضِ خَلِيفَةً

"Sak temene, ingsun bakal ndadeaken khalifah ana nduwur bumi iki."

Khalifah tegesipun ingkang nggantosi, ingkang makili. Dados manungsa dipun damel Gusti Allah minangka wakilipun Gusti wonten sak lumahing bumi punika.

Lan kewajiban pokok minangka khalifah punika nyebaraken rahmat lan asih, mrataaken keadilan lan mujudaken raos aman dateng sedayanipun.

Mila, saestunipun, sedaya tiyang kedah ikhtiyar mriku lan mangkenipun wohing ikhtiyar ugi dipun unduh piyambak.

Nderek pangandikan Imam Abu Ishaq asy-Syirozi, ingkang langsung diparingi

Rasullah saw liwat impenipun:

من اراد السالمة فليطلبها ىف سالمة غريه

"Sapa wonge kepengin slamet kudu gelem nggoleki slamete wong liya."

Dados, sinten kemawon ingkang kepengin wilujeng, mboten kenging nglampahi perkawis ingkang saged damel mboten slametipun tiyang sanes, damel ruginipun tiyang sanes.

Saged dipun terasaaken, sinten kepengin wontenipun keadilan mboten kenging mboten adil.

Sinten kepengin aman mboten kenging damel mboten amanipun tiyang sanes.

اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ لاَ إِلهَ إِلاَّ ال

Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
92.0 fm
98.0 fm
90.4 fm
102.6 fm
93.3 fm
97.4 fm
98.9 fm
101.1 fm
96.0 fm
96.7 fm
99.8 fm
98.9 fm
98.8 fm
90.8 fm
97.5 fm
91.3 fm
94.4 fm
91.8 fm
102.1 fm
98.8 fm
95.9 fm
88.9 fm
101.8 fm
97.8 fm
101.1 fm
101.8 fm
101.1 Mhz Fm
101.2 fm
101.8 fm
102.1 fm