8 Contoh Pranatacara Bahasa Jawa Singkat Lengkap Untuk Beragam Acara

2 Maret 2023 15:30 WIB
Contoh pranatacara bahasa Jawa singkat.
Contoh pranatacara bahasa Jawa singkat. ( Pexels)

Sonora.ID - Pranatacara merupakan sosok pembawa acara atau orang yang mengatur dan menyampaikan jalannya sebuah acara.

Sosok pranatacara tentu haruslah sosok yang berani berbicara di hadapan publik dan menguasai materi atau daftar acara.

Materi tersebut harus disampaikan dengan baik menggunakan bahasa yang sesuai dengan acara yang dibawakan.

Supaya materi dapat disampaikan dengan baik, seorang pranatacara dapat menggunakan teks pranatacara yang biasanya terdiri atas beberapa bagian seperti berikut ini.

  • Salam pembuka
  • Salam hormat
  • Pembukaan
  • Isi
  • Penutup
  • Salam penutup

Di bawah ini pun kami sajikan beberapa contoh teks pranatacara bahasa Jawa yang singkat untuk berbagai acara, dikutip dari berbagai sumber.

Baca Juga: Contoh Geguritan Gagrak Anyar yang Singkat dan Berbagai Tema

Contoh Pranatacara Bahasa Jawa Singkat 

  • Bersih Desa

Assalamualaikum wr wb.

Pak Kades, Pak Kadus, Pak RT RW, warga desa ingkang kulo hormati.

Alhamdulillah ing wekdal iki, ingkang nomer setunggal monggo sareng-sareng kita sedaya sami-sami ngucap syukur kangge rahmat kesehatan lan rahmat iman saking Gusti Allah, dados kita sedaya saged sami kempal ing balai desa, mboten kurang setunggalipun kangge bersih-bersih desa.

Adicara dinten niki mangke kita sedaya sami-sami mbersihi desa kangge persiapan sasi Ramadan. Nek desa kita bersih, mangke ngibadah puasa kita sedaya sami nyaman lan tambah khusyuk. Bersih-bersih desa mangke dipimpin dening Bapak Kades lan mangke dibagi per wilayah ingkang dipimpin dening Pak RT, dados acara bersih-bersih saged rampung sedereng Dhuhur.

Cekap semanten atur kula, bilih menika wonten salah kata lan salah perbuatan, kulo pribadi nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum wr wb. 

  • Pengajian

Assalaamu'alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu,

Para pinisepuh saha para sesepuh ingkang satuhu kinabekten rahimakumullah;

Para pangemban pangembating praja tuwin satriyaning negari minangka pandam pandoming kawula ingkang pantes sinudarsana;

Para alim, ulama, saha para kyai ingkang lebda ing pamawas ingkang tansah tinuladha dening para ummat, langkung-langkung wabil khusus dhumateng panjenenganipun almukarrom. ...(nama tokoh yang akan memberikan pengajian/tausyiyah) ingkang tansah kita antu-antu wedharing wursita aji, ingkang dipun mulyaaken Allah;

Para bapak sumrambah para ibu saha para sedherek sedaya kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah.

Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sami manengku puja puji, ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Allah SWT ingkang dumugi ing titiwanci menika taksih kepareng paring nugraha kawilujengan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saha awit paringipun sak sae-saenipun ni'mat arupi iman lan Islam. Innalhamda lillaah.

Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW, para garwa saha putra, para keluarganipun saha para sahabatipun, saengga benjang ing yaumul akhir mugi-mugi kita tansah pikantuk syafaatipun.

Para Bapak, para ibu kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, Keparenga langkung rumiyin kula minangka jejering pambiwara ingkang kapiji nderekkaken titi laksananing adicara Pengaosan............,nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, denea kula cumanthaka nggempil kamardikan saha munggel pangandikan sawetawis, kinarya amurwakani adicara pengaosan ing ndalu punika.

Sak lajengipun, keparenga kula badhe hangaturaken menggah urut reroncening adicara Pengaosan ing titi wanci punika ingkang sampun rinacik saha rinantam kirang langkung mekaten:

Adicara angka sepisan Pambuka.

Kalajengaken adicara ingkang angka kalih, Waosan Kalamullah ingkang sampun sinerat ing Pustaka Suci Al- Qur'an, ingkang samangke badhe kasarirani dening sedher.........

Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja ingkang hamengku gati, ingkang badhe kasarirani sedherek/bapa......... (ketua panitia atau yang ditunjuk)

Adicara ingkang angka sekawan, wedharing pangandikan saking panjenenganipun Bapa/Ibu/Kyai.... (biasanya pejabat tertinggi di lingkungan sini atau orang yang ditokohkan dalam kesempatan pengajian ini).

Minangka pungkasaning titi laksana pengaosan nun inggih panutup.

Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, mekaten menggah urut reroncening titi laksana adicara Pengaosan.............ing. dalu punika. Mugi-mugi adicara ingkang sampun karantam menika sageta lumampah kanti rancag winantu barakahipun Gusti Allah SWT.

Awit saking menika, sumangga kita sareng-sareng ngaturaken pandonga dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT mracihnani bilih pepanggihan dalu punika tumunten kawiwitan. Kinarya murwakani adicara pengaosan menika, sumangga kita ngunjukkan do'a kanti waosan… (basmalah atau bacaan ummul kitab atau dengan do'a lainnya).

Matur nuwun.

Ndungkap adicara ingkang angka kalih, nun inggih Waosan Kalamulah ingkang badhe kasarirani dening sedher......................... Anamung saderengipun, kasuwun dumateng sedaya jamaah mugi kepareng hamidangetaken saha hangraosaken ing sak lebeting manah jer menika Pangandikanipun Allah SWT.

  • Perpisahan Sekolah

Assalamualaikum Wr.Wb.

Bapak Kepala Sekolah SMA 3 Gombong ingkang kinurmatan. Bapak atau Ibu Guru saha Karyawan atau Karyawati ingkang kula urmati. Lan para kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin sumangga kita sami ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah, ingkang sampung kepareng paring kanugrahan lan kasarasan sehingga kula lan panjenengan sedaya saget makempal wonten ing wanci menika.

Ingkang titiwanci menika kula dados pranatacara badhe ngaturaken susunan aducara, inggih menika :

Atur pambuka.

Atur pangandikan saking ketua panita.

Pentas Seni Kelas X lan kelas XI.

Atur perpisahan saking wakil kelas XII.

Atur pangandikan saking Kepala Sekolah SMK Maarif 1 Wates.

Panutup.

Adicara kaping setunggal inggih menika pambuka, monggo kula lan panjenengan sedaya kanthi maos waosan basmallah sesarengan, matur suwun.

Adicara kaping kalih inggih menika pangandikan saking ketua panitia. Dhumateng ketua panitia kula sumanggaaken. Matur suwun.

Adicara ingkang kaping tiga inggih menika pentas seni karawitan saking kelas X lan kelas XII, kula sumanggaaken. Matur suwun.

Adicara ingkang kaping sekawan inggih menika atur perpisahan saking wakil kelas XII. Dhumateng wakil kelas XII kula sumanggaaken. Matur suwun.

Adicara ingkang kaping gangsal inggih menika atur pangandikan saking Kepala Sekolah SMK SMA 3 Gombong. Dhumateng Bapak Kepala Sekolah, kula sumanggaaken. Matur suwun.

Adicara ingkang kaping enem inggih menika Panutup. Monggo kita pungkas adicara ing siang menika kanthi waosan hamdallah sesarengan. Allhamdulillahirabillngalamin. Matur suwun.

Para rawuh ingkang kinurmatan kula minangka pranatacara ngaturaken agunging samudra pangaksama dhumateng para rawuh sedaya mbok bilih wonten lepating atur anggen kula matur. Jenang sela wader kali sesondheran, apuranta menawi wonten lepat kula. Pungkasaning atur

Wasssalamualaikum Wr. Wb

  • Manten

Assalamualaikum Wr Wb.

Lumintuning Puja Astawa saking Gusti ingkang Hamurbeng Rat, satemah hambabar daya pangaribawa ingkang tumanduk dhumateng kawula dasih, cihna ing kaludangan menika panjenengan sedaya lan kula taksih saget nyawiji, manunggal wonten ing papan menika kanthi rahayu wilujeng nir ing sakoro-koro.

Awit saking menika sumangga panjenengan sedaya lan kula ngunjuaken suka syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Wicaksana sinartan nyenyuwun mugi-mugi salwiring gati wiwit purwa, madya, dumugi wasana samangke saget lulus raharja, gancar rancak tinebehna saking sedaya pambeng nir ing sambekala.

Nuwun dhumateng para rawuh ingkang satuhu kinormatan para sepuh pinisepuh ingkang sampun pana ing pamawas sarta lebda ing pitutur para purna karya labet praja sarta sarjana sujananing budi boten katalumpen dhumateng para kadang wreda muda taruna ingkang winantu ing kabagyan.

Keparengna kula sowan wonten ing ngarsa panjenengan sedaya ing ngriki minangka hangemban dawuh saking pamangku gati nun inggih Bapa…(yang punya hajat. Misal:Bapa Raharjo)…..piniji mratitisaken pahargyan prasaja dhaupanipun Nimas Ayu…(Nama pengantin putri. Misal:Siwi wilujeng S.Pd)…ingkang ari menika jinatu krama dening Dhimas Bagus …..(nama pengantin putra. Nanang kuncoro S.Hum) atmaja putranipun Bapa…(nama besan. Misal: Bapa Rahmad) ingkang mijil saking laladan (nama desa besan. Misal: Pedalangan Tembalang Semarang).

Para Rawuh kakung putri ingkang winengku ing pakurmatan

hamurwakani lekasing sedya wigatosing gati, keparengna langkung rumiyen kula aturaken urut rantamaning adicara ingkang sampun rinumpaka dening keluarga ingkang hamangun suka. ewondene adicara ingkang badhe lumadi nun inggih, angka kaping:

Pambuka

Mijilipun temanten putri

Praptaning temanten kakung

Pasrah-tampi

Panggih

Krobongan

Mapak besan

Sungkeman

Photo temanten

Pambagya harja

Panutup/purna

Mekaten para rawuh menggah urut rantamaning adicara wonten ing wedhal menika, ingkang saklajengipun, keparenga panjenengan sedaya keparengan hangestreni tumapaking gati kanthi suka renaning penggalih dumugi paripurnaning adicara samangke. Nuwun.

Baca Juga: 50 Ucapan Selamat Ulang Tahun Bahasa Jawa dan Artinya yang Lucu

  • Syukuran

Assalamualaikum wr, wb.

Dumateng poro alim ulama, sesepuh soho pinisepuh ingkang tansah kulo hurmati lan kito to’ati. Ingkang sepindah, monggo kito sedoyo sami muji syukur dateng Allah SWT.

Dene punopo kito sedoyo saget makempal ing ndalem acara syukuran kanti keadaan sehat wal afiyat. Kaping kalih, sholawat soho salam, mugi tetep katur kunjuk dumateng junjungan kito, inggih meniko kanjeng nabi Muhammad SAW.

Ingkang mbeto umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman Islamiyah shinggo saget kita raosaken sak meniko. Mugi-mugi wonten yaumil Qiyamah mangke, kito sedoyo pinaringan syafaat ingkang agung, syafat ingkang kita antu-antu ingkang kaarupi syafaatul udhma amin ya robbal alamin.

Ingkang kaping tigo, kulo minongko pranotocoro ing acara syukuran bade maosaken susunan acaro ing dinten meniko.

Pembukaan

Sambutan tuan rumah

Doa syukuran

Penutup

Wangsul dumateng acoro engkang nomer sepindah inggih puniko pembukaan.

Monggo acara wonten dalu puniko kita bikak kanti waosan Ummul kitab. Al Fatihah.

Matursuwon. Kito lajengaken acoro ingkang kaping kaleh inggeh puniko sambutan saking tuan rumah, dumateng panjenenganipun bapak (…..) Wekdal kulo sumanggaakan.

Meniko kolo wau sambutan saking tuan rumah. Amin

Acoro ingkang doa syukuran. Teng mriki bade dipimpin kaleh panjenenganipun bapak Kyai Muhsin, wekdal kula aturi sumonggo. Mekaten kolo wau tahlil lan doa syukuran.

Acoro ingkang terakhir inggih puniko penutup, monggo acara syukuran wonten dalu puniko kito tutup kanti waosan hamdalah ugi Alfatihah.

Mekaten saking kawulo, menawi wonten atur engkang kirang mranani dumateng penggaleh panjenengan sedoyo, kula nyuwun agung ing pangapunten.

  • HUT RI atau Tirakatan

Assalamualaikum Wr. Wb.

Sami ingkang kula hormati, Bapak Lurah… kaliyan jajaran. ingkang kula hormati,

Bapak Ketua Karang Taruna… saha bapak/ibu, hadirin sami ingkang bingah.

Puji syukur kula lan panjenengan panjataken dhateng hadirat Allah SWT, Tuhan ingkang maha esa,

Amargi namungnaming inggiling perkenan-ipun kulo lan panjenengan kepareng rawuh ing acara perayaan hut kemerdekaan RI, wonten tanggal 17 agustus menika.

Kula aturaken matur nuwun kalih dhateng hadirin ingkang sampun ngrawuhi atur-aturan.

Hadirin ingkang terhormat, izinkanlah kula… dados pemandu acara menika, maosaken susunan acara ing dinten menika, inggih menika:

– Bebikak pembacaan donga

– Nyekaraken sekar indonesia raya

– Sambutan ketua panitia lan sambutan bapak lurah

– Pengumuman pemenang lomba lan pamerangan bebungah penutupan

Acara pertami, inggih menika bebikak. Sumangga kula lan panjenengan sareng-sareng mbikak acara menika kaliyan waosan basmalah.

Mboten kesupen, sumangga kulo lan panjenengan panjataken puji syukur inggil kehadirat allah swt amargi inggil rahmat lan hidayahipun,

Mila kulo lan panjenengan taksih dipun paringi kesempatan kagem kempal ing dinten menika tanggal 17 agustus 2022 wonten acara pengetan dinten kamardikan Indonesia.

Ingkang dipunwontenaken dening karang taruna desa…

Salajengipun, mangga kulo lan panjenengan nyekaraken sekar indonesia raya. Hadirin  nyuwun jumeneng.

(Menyanyikan lagu Indonesia Raya)

Matur nuwun, Hadirin  aturaken lenggah wangsul.

Acara ingkang kaping tiga inggih menika sambutan-sambutan. Sambutan pertami badhe dipunaturaken dening ketua panitia. 

(Sambutan Ketua Panitia)

Kagem nyukani maringaken sambutan, matur nuwun ken aturaken kalih dhateng panitia.

Sambutan salajengipun saking bapak lurah…… Aturaken kalih dhateng bapak lurah…….

(Sambutan Pak Lurah)

Mekaten sambutan bapak lurah …. Mugi-mugi kulo lan panjenengan kuwawi nindakaken pesen lan arahan ingkang dipunaturaken bapak lurah lebet sambutan kala-wau.

Hadirin ingkang bingah, tibalah kulo lan panjenengan mlebeti acara inti inggih menika, pemotongan tumpeng dening bapak lurah….. Dhateng bapak lurah  kawula aturaken.

(Pemotongan tumpeng oleh Pak Lurah)

Bapak/ibu ingkang hormati, pungkasanipun sampailah kula lan panjenengan dhateng penghujung acara hut RI wonten kelurahan….

Kulo aturaken matur nuwun inggil rawuh lan partisipasi bapak/ibu. 

Makili sedaya panitia penyelenggara,  nyuwun pangapunten nyuwun sewu bilih wonten bab-bab saking  ingkang kirang kersa.

Matur nuwun. Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

  • Khitanan

Assalamu'alaikum wr.wb.

Panjenenganipun para pinisepuh, para sesepuh ingkang satuhu kula bekteni. Panjenenganipun para tamu kakung saha putri tuwin para lenggah ingkang dahat kinurmatan.

Kadang werdha mudha ingkang tansah kula tresnani muhoni saking keparengipun ingkang mengku gati nun inggih panjenenganipun Bp.Gino sekaliyan kula ingkang piniji minangka pranatacara, langkung rumiyin saderengipun pahargyan prasaja ing kalenggahan punika tinarbuka, sumangga panjenengan sadaya tansah kula dherekaken monjukaken puja miwah puji syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha Ageng, dene ngantos titi wanci punika panjenengan sadaya miwah kula taksih pinaringan Rahmat saha barokahipun.

Katitik kita sadaya taksih kaparengaken kempal manunggal sapejagong wonten ing pahargyan prasaja ingkang kawengku dening panjenenganipun Bp.Gino sekaliyan. Ingkang ing wekdal punika hanggadhahi hajat nyupitaken putranipun ingkang kekasih Bg. Paryo Indrawan.

Mangga tansah kita dongakaken sesarengan mugi lare kesebat tumunten enggal mantun lan dados lare ingkang bekti dhumateng tiyang sepuhipun, agami, bangsa, lan nagari.

Salajengipun mboten kesupen shalawat lan salam mugi-mugi tansah konjuk dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW awit wewarahipun sampun kita andhemi kanthi teguh, satemah paring pitedah dhumateng margining kaleresan lan kasingkiraken saking margi ingkang mboten dipun ideni dening Gusti Allah.

Para tamu saha para lenggah kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan, murih rancaging adicara ing kalenggahan punika saderengipun tinarbuka langkung rumiyin badhe kula aturaken menggah urut reroncening adicara ingkang sampun kasanggit dening para kulawangsa, nun inggih:

  • Kapisan atur pambuka
  • Kalajengaken waosan Ayat Suci Al-Qur'an
  • Atur pambagyaharja
  • Waosan Ayat Suci Alquran Kasambet pengaosan
  • Panutup

Panjenenganipun para tamu saha para lenggah, mekaten menggah urut reroncening tata adicara ingkang sampun karakit dening para kulawangsa, murih rahayuning sedya mangga kita tansah sami nyenyuwun dhumateng ngarsaning Gusti Ingkang Maha Agung, mugi-mugi lampahing adicara ing kalenggahan punika pinaringan lancar lan tinebihaken saking sengkala.

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

  • Seminar

Assalamualaikum Wr. Wb.

Sugeng siyang, salam sejahtera kagem kulo lan panjenengan, sami shalom, om swastiastu, namo buddhaya.

Salam kesaenan dateng Yth. Bapak Prog. Ir. Rudi WIbowo MS dados direktur Pascasarjana Universitas Jember,.

Yth. Ibu Dr. Luh Putuh Suciati dados kaprodi  PSDAP, alias pascasarjana Universitas Jember.

Yth. Bapak Dr. Wahyu Surakusumah lan Bapak Dr. Fuad Muhammad dados narasumber, saha Yth. Bapak Ibu peserta seminar online ing enjing dinten menika ingkang bingah.

Alhamdulillah puji syukur kulo lan panjenengan panjataken amargi berkah rahmat ipun kulo lan panjenengan taseh saged kempal kagem sareng nimba elmi saking narasumber ingkang luar biasa.

Sanadyan kedah dipuntindakaken kalian online. Mugi-mugi kulo lan panjenengan tetap senggang tansah. 

Seminar online dinten menika ngusung tema “Sustainable Development Talk Increasing Sustainability Literacy Toward Sustainable Future”.

Saderenhipunmiwiti acara kengingaken kula …. dados pranatacara enjing dinten meniko kagem maosaken susunan acara.

– Bebikak

– Nyekaraken sekar Indonesia Raya dan hymne Universitas Jember.

– Mlebeti agenda sanjangipun pemaparan materi dening panelis ngiras diskusi lan mundhut priksa wangsuli penutup.

Mlebeti agenda kawitan inggih menika nyekaraken sekar Indonesia Raya lan hymne Universitas Jember. Para hadirin dimohon tegap lan mirengaken kalian hikmat.

Matur Nuwun diaturake, hadirin sumangga lenggah sakwangsulipun.

Acara salajengipun inggih menika sambutan. Sambutan ajeng dipunaturaken dening Bapak Profesor Rudi Wibowo ingkang dados Direktur Pascasarjana Universitas Jember.

Matur Nuwun sambutan ingkang sampun diaturaken.

Acara salajengipun inggih menika penutup serta donga, dateng sederek Ahmad Habib, disilahkan.

Matur Nuwun pembacaan donga nipun. Acara inti inggih meniko pemaparan materi. 

Salajengipun mlebeti acara inti inggih punika pemaran materi dening panelis ngiras diskusi lan mundhut priksa wangsuli ingkang dipandung kaliyan ibu Dr. Luh Putu Suciati ingkang dados moderator. 

Kagem Ibu Luh Putu Suciati dipunaturaken.

Matur Nuwun nggih meniko acara inti ingkang luar biasa mila kula lan panjenengan saged angsal kathah bekal kagem diaplikasikan lebat kasugengan sedinten-dinten e.

Sakderengipun mengakhiri acara ing siyang dateng menika, izinkan kita mendokumentasikan kegiatan. Dimohon dateng bapak ibu kagem merubaken kamera zoom ing etangan kaping tiga.

Admin ajeng memfoto layar ingkang wonten ing wekdal meniko. Setunggal, kalih, tigo. 

Matur Nuwun kathah dhateng narasumber, moderator saha para peserta ingkang sampun menyimak acara saking awal dumugi akhir.

Kula makili panitia ingkang kagungang tugas, ngaturaken nyuwun pangapunten inggiling lepat tembung lan tindakan. Akhir tembung, 

Wassalamu’alaikum Wr. Wb. 

Baca Juga: 50 Contoh Bebasan Bahasa Jawa Lengkap dengan Artinya dalam Indonesia

Baca berita update lainnya dari Sonora.id di Google News.

Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
92.0 fm
98.0 fm
90.4 fm
102.6 fm
93.3 fm
97.4 fm
98.9 fm
101.1 fm
96.0 fm
96.7 fm
99.8 fm
98.9 fm
98.8 fm
90.8 fm
97.5 fm
91.3 fm
94.4 fm
91.8 fm
102.1 fm
98.8 fm
95.9 fm
88.9 fm
101.8 fm
97.8 fm
101.1 fm
101.8 fm
101.1 Mhz Fm
101.2 fm
101.8 fm
102.1 fm