5 Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Perpisahan Kelas 9 Singkat dan Sopan

5 Maret 2023 12:30 WIB
Pidato bahasa Jawa tentang perpisahan kelas 9.
Pidato bahasa Jawa tentang perpisahan kelas 9. ( Pixabay)

Matur nuwun kanggo Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undangan, Bapak lan Ibu Guru, karyawan ingkang kula hormati, saha adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Kula minangka wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, ingkang sampun paring bimbingan dhumateng kula panjenengan sedaya ing pawiyatan menika.

Mugi-mugi panjenengan sedaya pikantuk piwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung.

Mboten kesupen, kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.

Dhumateng para sedherek kula ugi nyuwun pangapunten menawi wonten lepat oge.

Cekap semanten, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang mboten mranani penggalih, kula nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Contoh 3

Assalamu'alaikum Wr.Wb

Bismillahirrohmanirrohim. Alhamdulillahirobbil alamin washolatu wassalamu ala asrofil anbiya wal mursalin Sayyidina wa Maulana Muhammadin wa ala alihi wa shohbihi ajma'in Amma ba'du

Bapak Kepala Sekolah (....) ingkang kulo hormati,

Bapak/Ibu Guru saha Karyawan/Karyawati ingkang kula ugi hurmati,

Lan para kanca-kanca sedoyo ingkang kula tresnani,

Sumonggo, ing dalem acara puniko, kito sami ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT.

Keranten sampun kepareng paring kanugrahan lan kasarasan sehingga kula lan panjenengan sedaya saget makempal wonten ing acara perpisahan kelas 9 puniko.

Shalawat soho salam mugi tansah katur, konjuk dhumateng ngarsanipun Nabi Muhammad Saw.

Mugi-mugi kito sedoyo pikantuk safa'atipun Nabi Muhammad Saw mbenjang wonten yaumil kiyamah. Aamiin.

Selajengipun, kula minangka wakil saking kelas 9 nyuwun agungin panuwun tanpo umpami kagem bapak lan ibu guru sedaya.

Kula kaliyan konco-konco naming saged memuji, supados sedaya amal lan kesaenan bapak lan ibu guru pikantuk piwales saking Gusti Allah ingkang maha kuasa.

Saha tansah pinaringan kasarasan kawilujengan lan ketentreman sehinggo saged nggulawentah dhateng adhik-adhik kelas sedaya.

Baca Juga: 10 Contoh Pidato Bahasa Jawa Krama Alus Lengkap dengan Beragam Tema

Mboten kasupen kulo kalian konco-koncoku kula nyuwun pangapunten. Mbok bilih kulo lan konco-konco damel bapak ibu guru duka lan kuciwa nalika nimba ilmi wonten sekolah mriki.

Dumateng bapak utawi ibu guru serta adik-adik sedaya, sapisan malih kula ndedonga kagem gusti mugi-mugi panjenengan sedoyo pinaringan rahmat saha barokahing gusti allah.

Meniko cekap semanten ingkang saget kula aturaken menawi kathah kalepatan kula nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Contoh 4

Assalamu'alaikum wr wb.

Dhumateng bapak kepala sekolah, bapak-ibu guru, lan rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Monggo sareng-sareng njunjungake puja lan puji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang sampun maringi berkah lan karunia, supados kita sedaya saged makempal ing papan menika.

Kula aturaken matur nuwun kaliyan bapak lan ibu guru ingkang sampun maringaken wekdal supados ngerawuhi acara menika.

Dhumateng ingkang kulo tresnani

Kula minangka wakilipun kelas 9 badhe ngaturaken agunging panuwun, amargi bapak lan ibu guru saking katresnan anggenipun nggulawentah dumatheng kula sakanca ngangsu kawruh ing sekolah menika, ingkang hasilipun kula sakanca lulus 100%.

Kula sakanca ugi nyuwun pandonganipun, mugi-mugi kula sakanca ketampi wonten ing sekolah ingkang sae, ingkang kula sakanca idam-idamaken.

Ing pungkasanipun, kula sakanca nyuwun agunging samudra pangaksami mbok bilih wonten atur kula sakanca utawi tindak tanduk ingkang mboten sae. Kula sakanca nyuwun pamit, dinten menika badhe nilaraken sekolah ingkang kula sakanca tresnani.

Mugi-mugi sekolah menika tetep majeng prestasi nipun.

Cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten klenta-klentunipun kulo nyuwun pangapunten.

Wassalamu'alaikum wr wb.

Contoh 5

Sugeng siyang,

Para pepunden bapak lan ibu guru ingkang kawula kurmati,

Ingkang kapisan, kula ngaturaken panuwun kanthi tulus kangge Bapak/Ibu guru ingkang sampun ndidik lan bimbing kula kaliyan kanca-kanca saengga kulo kaliyan kanca-kanca saget mrantasi proses pembelajaran ing sekolah menika kanthi kasil ingkang sae.

Mboten wonten ingkang saged kita parengaken kangge mbales imbalan Bapak/Ibu guru ing wekdal 3 tahun terakhir. Namung doa ingkang saged kita parengaken, mugi-mugi Gusti Allah tansah maringaken kabagaswarasa, kasarasan lan kabagyan kangge Bapak/Ibu guru manika.

Bapak/Ibu guru ingkan kula tresnani

Ingkang kapindo, kulo kaliyan kanca-kanca nuwun pangapunten ingkang gedhe amarga tumindak lan tangka laku kita sedaya mboten mesemaken ing ngajeng Bapak/Ibu guru sedanten. Pramila, kulo nyana Bapak/Ibu guru saged jembar Samudra pangaksami kangge sedanten lupute kula lan para kanca menika.

Salajengipun, kula nyuwun doa restu bapak lan ibu guru, lan para tamu ingkang rawu ing papan menika ing acara perpisahan, mugi-mugi saged lanjutaken sekolah ing sekolah paling sae.

Minangka pungkasaning atur, mbok bilih cekap semanten atur kula. Saestu kula nyuwun pangapunten

Nuwun.

Baca Juga: 8 Contoh Pranatacara Bahasa Jawa Singkat Lengkap Untuk Beragam Acara

Baca berita update lainnya dari Sonora.id di Google News.

Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
92.0 fm
98.0 fm
90.4 fm
102.6 fm
93.3 fm
97.4 fm
98.9 fm
101.1 fm
96.0 fm
96.7 fm
99.8 fm
98.9 fm
98.8 fm
90.8 fm
97.5 fm
91.3 fm
94.4 fm
91.8 fm
102.1 fm
98.8 fm
95.9 fm
88.9 fm
101.8 fm
97.8 fm
101.1 fm
101.8 fm
101.1 Mhz Fm
101.2 fm
101.8 fm
102.1 fm